Kaca:Serat Wedhatama.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧖꧇


ꦲꦶꦁꦮꦸꦱ꧀ꦮꦱ꧀ꦥꦢꦲꦶꦁꦥꦠꦿꦥ꧀
ꦩꦔꦪꦸꦠ꧀ꦲꦪꦠ꧀ꦮꦶꦤꦱꦶꦱ꧀
ꦮꦱꦤꦮꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦁꦗꦶꦮꦁꦒ꧈
ꦩꦼꦭꦺꦴꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦲꦭꦶꦁꦲꦭꦶꦁ꧈
ꦏꦁꦔꦭꦶꦁꦔꦶꦏꦭꦶꦁꦭꦶꦁ꧈
ꦮꦼꦔꦤꦶꦁꦫꦱꦠꦸꦩ꧀ꦭꦮꦸꦁ꧈
ꦏꦺꦏ꧀ꦱꦶꦱꦭꦶꦂꦫꦶꦁꦗꦩꦤ꧀
ꦲꦔꦭꦔꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦠꦼꦥꦶ꧈
ꦪꦺꦏꦸꦲꦫꦤ꧀ꦠꦥꦠꦥꦏ꧀ꦏꦶꦁꦲꦾꦁꦯꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ꧉


kang wus waspada ing patrap | mangayut ayat winasis | wusana wosing jiwangga | melok tanpa aling-aling | kang ngalingi kalingling | wenganing rasa tumlawung | kèksi saliring jaman | angalangut tanpa tepi | yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma ||