Kaca:Serat Wedhatama.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧓꧇


ꦒꦸꦒꦸꦏꦂꦰꦤꦺꦥꦿꦶꦪꦁꦒ꧈

ꦤꦺꦴꦫꦔꦁꦒꦺꦴꦥꦥꦫꦃꦭꦩꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦶꦁ꧈
ꦭꦸꦩꦸꦃꦲꦶꦔꦫꦤ꧀ꦧꦭꦶꦭꦸ꧈
ꦲꦸꦒꦼꦂꦒꦸꦫꦸꦲꦊꦩ꧀ꦩꦤ꧀
ꦤꦔꦶꦁꦗꦤ꧀ꦩꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦱ꧀ꦥꦢꦺꦁꦱꦼꦩꦸ꧈
ꦱꦶꦤꦩꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦩꦸꦢꦤ꧈
ꦱꦱꦢꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦔꦢꦸꦩꦤꦶꦱ꧀꧈


gugu karsané priyangga | nora nganggo peparah lamun angling | lumuh ingaran balilu | uger guru aleman | nanging janma ingkang waspadèng semu | sinamun ing samudana | sesadon ingadu manis ||