Kaca:Serat Wedhatama.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧙꧇


ꦲꦁꦒꦸꦁꦲꦁꦒꦸꦧꦼꦭ꧀ꦱꦫꦺꦔꦠ꧀
ꦱꦫꦶꦔꦤ꧀ꦤꦺꦠꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦮꦿꦸꦃꦲꦶ꧈
ꦢꦭꦶꦭ꧀ꦢꦭꦤ꧀ꦤꦶꦁꦲꦶꦗꦼꦩꦏ꧀
ꦏꦶꦪꦱ꧀ꦱꦺꦤꦺꦴꦫꦩꦶꦏꦤ꧀ꦤꦶ꧈
ꦏꦠꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦠꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦱꦩꦶ꧈
ꦧꦺꦁꦏꦿꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦩꦿꦶꦁꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦲꦒꦸꦁ꧈
ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦩꦕꦏꦸꦠ꧀ꦧꦃ꧈
ꦭꦭꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦣꦤ꧀ꦝꦁꦒꦼꦤ꧀ꦝꦶꦱ꧀
ꦱ꧀ꦮꦫꦲꦫꦸꦩ꧀ꦔꦸꦩꦤ꧀ꦝꦁꦕꦺꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦥꦭꦫꦤ꧀


anggung anggubel saréngat | saringané tan dèn wruhi | dalil dalaning ijemak | kiyasé nora mikani | katungkul-tungkul sami | béngkrakan mring masjid agung | kalamun maca kutbah | lelagoné dhandhanggendhis | swara arum ngumandhang céngkok palaran ||