Kaca:Serat Wedhatama.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧗꧇


ꦲꦩ꧀ꦧꦮꦤꦶꦠꦤꦃꦗꦮ꧈
ꦏꦁꦥꦣꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦲꦗꦶ꧈
ꦱꦠꦿꦶꦪꦢꦶꦧꦾꦱꦸꦩ꧀ꦧꦒ꧈
ꦠꦤ꧀ꦭꦾꦤ꧀ꦠꦿꦃꦲꦶꦁꦱꦺꦤꦥꦠꦶ꧈
ꦥꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧈
ꦠꦶꦤꦺꦭꦢ꧀ꦭꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦲꦶꦁꦱꦏꦸꦮꦱꦤꦶꦫ꧈
ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦏꦺꦭꦤ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦩꦁꦏꦶꦤ꧀
ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦺꦠꦤ꧀ꦧꦶꦱꦔꦼꦧ꧀ꦭꦼꦏꦶꦏꦸꦤ꧉


ambawani tanah Jawa | kang padha jumeneng aji | satriya dibya sumbaga | tan lyan trahing sénapati | pan iku pantes ugi | tinélad labetanipun | ing sakuwasanira | énaké lan jaman mangkin | sayektiné tan bisa ngepleki kuna ||