Kaca:Serat Wedhatama.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧒꧇


ꦱꦏꦶꦁꦢꦸꦏ꧀ꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦠꦫꦸꦤ꧈
ꦱꦣꦺꦭꦮꦸꦱ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ꧈
ꦲꦧꦺꦫꦒ꧀ꦩꦫꦁꦲꦒꦩ꧈
ꦩꦒꦸꦫꦸꦲꦁꦒꦼꦂꦫꦶꦁꦏꦗꦶ꧈
ꦱꦮꦢꦶꦤꦺꦠꦾꦱ꧀ꦩꦩꦶ꧈
ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦮꦼꦢꦶꦤꦺꦲꦶꦁꦧꦺꦱꦸꦏ꧀
ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦔꦏꦶꦂꦗꦩꦤ꧀
ꦠꦤ꧀ꦠꦸꦠꦸꦒ꧀ꦏꦱꦼꦭꦏ꧀ꦔꦧ꧀ꦢꦶ꧈
ꦤꦺꦴꦫꦏꦺꦴꦧꦼꦂꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦾꦁꦒꦾꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦤ꧀


saking duk maksih taruna | sadhéla wus anglakoni | abérag marang agama | maguru anggering kaji | sawadiné tyas mami | banget wediné ing bésuk | pranatan ngakir jaman | tan tutug kaselan ngabdi | nora kober sembahyang gya tinimbalan ||