Kaca:Serat Wedhatama.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧔꧇


ꦱꦶꦥꦼꦔꦸꦁꦤꦺꦴꦫꦔ꧀ꦭꦼꦒꦺꦮ꧈

ꦱꦁꦱꦪꦂꦢꦢꦺꦤꦶꦫꦕꦕꦫꦶꦮꦶꦱ꧀
ꦔꦤ꧀ꦝꦂꦫꦤ꧀ꦝꦂꦲꦔꦤ꧀ꦝꦸꦏꦸꦂ꧈
ꦏꦤ꧀ꦝꦤꦺꦤꦺꦴꦫꦏꦥꦿꦃ꧈
ꦱꦪꦲꦺꦭꦺꦴꦏ꧀ꦲꦭꦁꦏꦭꦺꦴꦁꦏ
ꦔꦤ꧀ꦤꦥꦸꦤ꧀​ꦱꦶꦮꦱꦶꦱ꧀ꦮꦱ꧀ꦏꦶꦛꦔꦭꦃ꧈
ꦔꦭꦶꦁꦔꦶꦩꦫꦁꦱꦶꦥꦶꦁꦒꦶꦁ꧉


si pengung nora nglegéwa | sangsayarda dènira cecariwis | ngandhar-andhar angandhukur | kandhané nora kaprah | saya elok alangka longkanganipun | si wasis waskitha ngalah | ngalingi marang si pingging ||