Kaca:Serat Wedhatama.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧗꧇


ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦗꦤ꧀ꦩꦲꦸꦠꦩ꧈
ꦠꦸꦩꦤ꧀ꦠꦸꦩꦤꦼꦩ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦥꦶ꧈
ꦲꦶꦁꦱꦧꦼꦤ꧀ꦫꦶꦏꦭꦩꦁꦱ꧈
ꦩꦁꦱꦃꦲꦩꦼꦩꦱꦸꦃꦧꦸꦢꦶ꧈
ꦭꦲꦶꦂꦫꦺꦲꦤꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦶ꧈
ꦲꦶꦁꦫꦺꦃꦏꦱꦠꦿꦶꦪꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦱꦸꦱꦶꦭꦲꦤꦺꦴꦂꦫꦒ꧈
ꦮꦶꦒ꧀ꦚꦩꦺꦠ꧀ꦠꦾꦱ꧀ꦱꦶꦁꦱꦱꦩꦶ꧈
ꦪꦺꦏꦸꦲꦫꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦧꦫꦺꦏ꧀ꦧꦺꦫꦒ꧀ꦲꦒꦩ꧉


mangkono janma utama | tuman tumanem ing sepi | ing saben rikala mangsa | mangsah amemasuh budi | lairé antetepi | ing rèh kasatriyanipun | susila anor raga | wignya mèt tyasing sesami | yèku aran wong barék bérag agama ||