Kaca:Serat Wedhatama.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧔꧇


ꦱꦏꦺꦃꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦲꦁꦒꦠꦤ꧀ꦱꦃ
ꦭꦶꦤꦶꦩ꧀ꦥꦸꦠ꧀
ꦭꦶꦤꦶꦩ꧀ꦥꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦱꦧ꧀ꦢ꧈
ꦤꦂꦏꦠꦤ꧀ꦲꦤꦲꦸꦢꦤꦶ꧈
ꦭꦸꦩꦸꦃꦲꦭꦲꦂꦢꦤꦺꦒꦶꦤꦮꦺꦒꦢ꧉


sakèh luput ing angga tansah linimput | linimpet ing sabda | narka tan ana udani | lumuh ala ardane ginawe gada ||


꧇꧑꧕꧇


ꦢꦸꦫꦸꦁꦥꦸꦚ꧀ꦗꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦮꦿꦸꦃꦏꦱꦼꦭꦏ꧀ꦗꦸꦗꦸꦭ꧀
ꦏꦗꦼꦗꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦮ꧈
ꦕꦸꦥꦼꦠ꧀ꦏꦥꦼꦥꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦩꦿꦶꦃ꧈
ꦠꦔꦺꦃꦤꦼꦢꦾꦲꦁꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃꦩꦿꦶꦁꦲꦾꦁꦮꦶꦱꦺꦱ꧉


durung punjul ing kawruh kaselak jujul | kajejelan hawa | cupet kapepetan pamrih | tangèh nedya agambuh mring Hyang Wisesa ||