Kaca:Serat Wedhatama.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧕꧇


ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦏꦁꦚꦠ꧈
ꦱꦚꦠꦤꦺꦩꦸꦁꦮꦺꦃꦉꦱꦼꦥ꧀ꦥꦶꦁꦲꦠꦶ꧈
ꦧꦸꦔꦃꦲꦶꦔꦫꦤꦤ꧀ꦕꦸꦧ꧀ꦭꦸꦏ꧀ꦱꦸꦏꦺꦁꦠꦾ
ꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦲꦶꦤ꧈
ꦤꦺꦴꦫꦏꦪꦱꦶꦥꦸꦁꦒꦸꦁꦲꦁꦒꦸꦁꦒꦸꦩꦸꦁꦒꦸꦁ꧈
ꦲꦸꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦱꦢꦶꦤꦢꦶꦤ꧈
ꦲꦗꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦔꦮꦺꦴꦁꦫꦶꦥ꧀


mangkono ngèlmu kang nyata | sanyatane mung wèh reseping ati | bungah ingaranan cubluk | sukèng tyas yèn dèn ina | nora kaya si punggung anggung gumunggung | ugungan sadina-dina | aja mangkono wong urip ||