Kaca:Serat Wedhatama.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


ꦱꦺꦴꦕꦤꦺꦗꦶꦮꦁꦒꦤꦶꦫ
ꦗꦼꦂꦏꦠꦫꦭꦩꦸꦤ꧀ꦥꦺꦴꦕꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶ꧈
ꦭꦸꦩꦸꦃꦏꦱꦺꦴꦂꦏꦸꦢꦸꦲꦸꦁꦒꦸꦭ꧀
ꦱꦸꦩꦸꦔꦃꦱꦼꦱꦺꦴꦔꦂꦫꦤ꧀
ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦼꦤꦲꦶꦔꦫꦤ꧀ꦏꦠꦸꦁꦏꦸꦭ꧀
ꦏꦉꦩ꧀ꦲꦶꦁꦫꦺꦃꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀
ꦤꦺꦴꦫꦲꦺꦤꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦏꦶ꧉


socane jiwangganira | jer katara lamun pocapan pasthi | lumuh kasor kudu unggul | sumungah sesongaran | yèn mangkana kena ingaran katungkul | karem ing rèh kaprawiran | nora enak iku kaki ||