Kaca:Serat Wedhatama.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧐꧇


ꦩꦂꦩꦲꦶꦁꦱꦧꦶꦱꦧꦶꦱ꧈
ꦧꦼꦧꦱꦤ꧀ꦤꦺꦩꦸꦫꦶꦃꦲꦠꦾꦱ꧀ꦧꦱꦸꦏꦶ꧈
ꦥꦸꦫꦸꦲꦶꦠꦲꦏꦁꦥꦠꦸꦠ꧀
ꦭꦤ꧀ꦠꦿꦥ꧀ꦥꦺꦲꦁꦒꦤꦶꦫ꧈
ꦲꦤꦲꦸꦒꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦸꦒꦼꦂꦫꦶꦁꦏꦥꦿꦧꦸꦤ꧀
ꦲꦧꦺꦴꦤ꧀ꦲꦧꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈
ꦏꦁꦏꦁꦒꦺꦴꦲꦶꦁꦱꦶꦪꦁꦫꦠꦿꦶ꧉


marma ing sabisa-bisa | bebasané muriha tyas basuki | puruhitaa kang patut | lan taping angganira | ana uga angger ugering kaprabun | abon-aboning panembah | kang kanggo ing siyang ratri ||