Kaca:Serat Wedhatama.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧔꧇


ꦱꦗꦠꦶꦤꦺꦏꦁꦩꦁꦏꦤ꧈
ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦸꦒꦿꦲꦤꦶꦁꦲꦾꦁꦮꦶꦣꦶ꧈
ꦧꦭꦶꦲꦭꦩ꧀ꦩꦶꦁꦲꦱꦸꦮꦸꦁ꧈
ꦠꦤ꧀ꦏꦉꦩ꧀ꦏꦫꦩꦺꦪꦤ꧀
ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦥꦠ꧀ꦮꦶꦱꦺꦱꦮꦶꦤꦶꦱꦺꦱꦮꦸꦱ꧀
ꦩꦸꦭꦶꦃꦩꦸꦭꦩꦸꦭꦤꦶꦫ꧈
ꦩꦸꦭꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦤꦺꦴꦩ꧀ꦱꦩꦶ꧉


sajatine kang mangkana | wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi | bali alaming asuwung | tan karem karamean | ingkang sipat wisesa-winisesa wus | mulih mula-mulanira | mulane wong anom sami ||