Kaca:Serat Wedhatama.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧒꧇


꧄ꦗꦶꦤꦼꦗꦼꦂꦤꦺꦁꦮꦺꦝꦠꦩ꧈
    ꦩꦿꦶꦃꦠꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦏꦏꦼꦩ꧀ꦧꦼꦁꦔꦶꦁꦥꦩ꧀ꦧꦸꦢꦶ꧈
    ꦩꦁꦏꦤꦤꦾꦤ꧀ꦠꦸꦮꦥꦶꦏꦸꦤ꧀
    ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦶꦏꦤ꧀ꦤꦶꦫꦱ꧈
    ꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦱꦼꦥꦶꦲꦱꦼꦥꦭꦶꦂꦱꦼꦥꦃꦱꦴꦩꦸꦤ꧀
    ꦱꦩꦁꦱꦤꦺꦥꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀
    ꦒꦺꦴꦚꦏ꧀ꦒꦚꦸꦏ꧀ ꦔ꧀ꦭꦶꦭꦶꦁꦱꦼꦩ꧀ꦩꦶ꧉



jinejer nèng Wédhatama | mrih tan kemba kakembenging pambudi |

mangka nadyan tuwa pikun | yèn tan mikani rasa | yekti sepi asepa lir
sepah samun | samangsané pakumpulan |gonyak-ganyuk

nglilingsemi ||