Kaca:Serat Wedhatama.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧒꧇


ꦱꦩꦁꦱꦤꦺꦥꦱꦩꦸꦮꦤ꧀
ꦩꦩꦔꦸꦤ꧀ꦩꦂꦠꦩꦂꦠꦤꦶ꧈
ꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦶꦲꦶꦁꦱꦧꦼꦤ꧀ꦩꦁꦱ꧈
ꦏꦭꦏꦭꦤꦶꦁꦔꦱꦼꦥꦶ꧈
ꦊꦭꦤꦠꦺꦏꦶꦠꦺꦏꦶ꧈
ꦒꦪꦸꦃꦒꦺꦪꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦪꦸꦤ꧀
ꦏꦪꦸꦁꦪꦸꦤ꧀ꦲꦼꦤꦶꦁꦔꦶꦁꦠꦾꦱ꧀
ꦱꦤꦶꦱ꧀ꦱꦥꦶꦤꦿꦶꦃꦲꦠꦶꦤ꧀
ꦥꦸꦁꦒꦸꦃꦥꦁꦒꦃꦕꦼꦒꦃꦣꦲꦂꦭꦮꦤ꧀ꦤꦺꦤ꧀ꦢꦿ꧉


samangsané pasamuwan | memangun marta martani | sinambi ing saben mangsa | kala-kalaning asepi | lelana tèki-tèki | gayuh geyonganing kayun | kayungyun eninging tyas | sanityasa pinrihatin | pungguh-panggah cegah dhahar lawan néndra ||