Kaca:Serat Wedhatama.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧐꧇


ꦧꦱꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦩꦸꦥꦏꦠ꧀ꦠꦺꦭꦤ꧀ꦥꦤꦼꦩꦸ꧈
ꦥꦱꦃꦲꦺꦭꦤ꧀ꦠꦥ꧈
ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈
ꦏꦸꦤꦏꦸꦤꦏꦁꦒꦶꦤꦶꦭꦸꦠ꧀ꦠꦿꦶꦥꦿꦏꦫ꧉


basa ngèlmu mupakate lan panemu | pasahe lan tapa | yèn satriya tanah Jawi | kuna-kuna kang ginilut tri prakara ||


꧇꧑꧑꧇


ꦭꦶꦭꦭꦩꦸꦤ꧀ꦏꦺꦭꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦴꦫꦒꦼꦒꦼꦠꦸꦤ꧀
ꦠꦿꦶꦩꦪꦺꦤ꧀ꦏꦠꦩꦤ꧀
ꦱꦏ꧀ꦱꦼꦫꦶꦏ꧀ꦱꦩꦺꦁꦢꦸꦩꦢꦶ꧈
ꦠꦿꦶꦊꦒꦮꦤꦭꦁꦱꦱꦿꦃꦲꦶꦁꦧꦛꦫ꧉


lila lamun kelangan nora gegetun | trima yèn kataman | sakserik samèng dumadi | tri legawa nalangsa srah ing bathara ||