Kaca:Serat Wedhatama.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧕꧇


ꦧꦺꦴꦁꦒꦤ꧀ꦏꦁꦠꦤ꧀ꦩꦼꦂꦭꦺꦴꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧈
ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦸꦒꦼꦫꦶꦁꦔꦲꦸꦫꦶꦥ꧀
ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦺꦭꦤ꧀ꦠꦿꦶꦥꦿꦏꦫ꧈
ꦮꦶꦂꦪꦲꦂꦠꦠꦿꦶꦮꦶꦤꦱꦶꦱ꧀
ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦱꦶꦱꦼꦥꦶ꧈
ꦱꦏꦮꦶꦭꦁꦔꦤ꧀ꦠꦼꦠꦼꦭꦸ꧈
ꦠꦼꦭꦱ꧀ꦠꦶꦭꦱ꧀ꦱꦶꦁꦗꦤ꧀ꦩ꧈
ꦲꦗꦶꦒꦺꦴꦣꦺꦴꦁꦗꦠꦶꦲꦏꦶꦁ꧈
ꦠꦼꦩꦃꦥꦥꦥꦥꦫꦶꦩꦤ꧀ꦔꦸꦭꦤ꧀ꦢꦫ꧉


bonggan kang tan merlokena | mungguh ugering ngaurip | uripé lan tri prakara | wirya arta tri winasis | kalamun kongsi sepi | saka wilangan tetelu | telas tilasing janma | aji godhong jati aking | temah papa papariman ngulandara ||