Kaca:Serat Wedhatama.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧙꧇


ꦏꦼꦏꦼꦂꦫꦤ꧀ꦤꦺꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦏꦫꦁ꧈
ꦏꦼꦏꦫꦁꦔꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦶꦁꦧꦁꦱꦤꦺꦒꦆꦧ꧀
ꦲꦶꦏꦸꦧꦺꦴꦫꦺꦃꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦠꦤ꧀ꦲꦸꦩꦱꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦗꦱꦢ꧀
ꦲꦩꦸꦁꦲꦤꦺꦁꦱꦗꦧꦤꦶꦁꦢꦒꦶꦁꦏꦸꦭꦸꦥ꧀
ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦥꦼꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦥꦚ꧀ꦖꦧꦪ꧈
ꦲꦸꦧꦪꦤꦺꦧꦭꦺꦚ꧀ꦗꦤꦶ꧉


kekerane ngèlmu karang | kekarangan saking bangsaning gaib | iku borèh paminipun | tan umasuk ring jasad| amung anèng sajabaning daging kulup | yèn kapengkok pancabaya | ubayané balenjani ||