Kaca:Serat Wedhatama.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇​꧘꧇


꧅ꦤꦺꦴꦫꦮꦼꦫꦸꦃꦫꦺꦴꦱꦶꦁꦫꦱ​ꦏꦁꦫꦶꦤꦸꦫꦸꦃ꧈

ꦭꦸꦩꦼꦏꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦲꦁꦒ꧈

ꦲꦁꦒꦼꦂꦫꦺ​ꦥꦝꦩꦂꦱꦸꦢꦶ꧈

ꦏꦤꦏꦺꦤꦺꦏꦲꦤꦤ꧀ꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦧꦺꦢ꧉


nora weruh rosing rasa kang rinuruh | lumeketing angga | anggeré padha
marsudi | kana kéné kahanané ora béda ||


꧇​꧙꧇


꧅ꦲꦸꦒꦼꦂꦭꦸꦒꦸꦢꦺꦤ꧀ꦠꦩꦿꦶꦃꦥꦿꦊꦧ꧀ꦢꦺꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈

ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦧꦸꦭ꧀ꦏꦧꦸꦏ꧈

ꦲꦶꦁꦢꦿꦗꦠ꧀ꦏꦗꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀

ꦏꦪꦏꦔ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦮꦶꦤꦃꦪꦺꦁꦱꦼꦏꦂꦱꦿꦶꦤꦠ꧉


uger lugu dèn ta mrih pralebdèng kalbu | yèn kabul kabuka | ing drajat kajating urip | kaya kang wus winahyèng sekar sri nata ||