Kaca:Serat Wedhatama.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧗꧇


ꦏꦶꦏꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦺꦩꦸꦁꦱꦥꦭ꧈
ꦥꦭꦪꦸꦤꦺꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦪꦪꦃꦮꦶꦧꦶ꧈
ꦧꦁꦏꦶꦠ꧀ꦠꦸꦂꦧꦁꦱꦤꦶꦁꦭꦸꦲꦸꦂ꧈
ꦭꦃꦲꦶꦪꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ꧈
ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦱꦶꦫꦱꦫꦮꦸꦁꦔꦤ꧀ꦧꦲꦺꦢꦸꦫꦸꦁ꧈
ꦩꦿꦶꦁꦲꦠꦶꦤꦶꦁꦠꦠꦏꦿꦩ꧈
ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦲꦒꦩꦱꦸꦏ꧀ꦖꦶ꧉


kikisané mung sapala | palayuné ngandelken yayah wibi | bangkit tur bangsaning luhur | lah iya ingkang rama | balik sira sarawungan baé durung | mring tataning tata krama | gon-anggon agama sukci ||