Kaca:Serat Wedhatama.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧒꧇


ꦱꦥꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦮꦃꦪꦸꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈
ꦒꦾꦢꦸꦩꦶꦭꦃꦩꦔꦸꦭꦃꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦧꦁꦏꦶꦠ꧀
ꦧꦁꦏꦶꦠ꧀ꦩꦶꦏꦠ꧀ꦫꦺꦃꦥꦔꦸꦏꦸꦠ꧀
ꦏꦸꦏꦸꦠ꧀ꦠꦤꦶꦁꦗꦶꦮꦁꦒ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦼꦤ
ꦱꦶꦤꦼꦧꦸꦠ꧀ꦮꦺꦴꦁꦱꦼꦥꦸꦃ꧈
ꦭꦶꦂꦫꦶꦁꦱꦼꦥꦸꦃꦱꦼꦥꦶꦲꦮ꧈
ꦲꦮꦱ꧀ꦫꦺꦴꦫꦺꦴꦤꦶꦁꦲꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧈


sapantuk wahyuning Allah | gya dumilah mangolah ngèlmu bangkit | bangkit mikat rèh mangukut | kukutaning jiwangga | yèn mangkono kena sinebut wong sepuh | liring sepuh sepi hawa | awas roroning atunggil ||