Kaca:Serat Wedhatama.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧒꧇


ꦧꦛꦫꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦲꦸꦒꦼꦂꦒꦿꦤ꧀ꦤꦶꦁꦗꦼꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ꧈
ꦗꦼꦤꦼꦏ꧀ꦲꦾꦁꦮꦶꦱꦺꦱ꧈
ꦱꦤꦥꦱꦼꦤꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦸꦏ꧀ꦕꦶ꧈
ꦤꦺꦴꦫꦏꦪꦱꦶꦩꦸꦣꦩꦸꦣꦂꦲꦁꦏꦫ꧉
batharagung ing uger graning jejantung | jenak Hyang Wisesa | sana pasenetan sukci | nora kaya si mudha mudhar angkara ||
꧇꧑꧓꧇


ꦤꦺꦴꦫꦲꦸꦮꦸꦱ꧀ꦏꦉꦩꦺꦲꦔꦸꦮꦸꦱ꧀ꦱꦸꦮꦸꦱ꧀
ꦲꦸꦮꦺꦴꦱ꧀ꦱꦺꦠꦤ꧀ꦲꦤ꧈
ꦩꦸꦁꦗꦁꦗꦶꦤ꧀ꦤꦺꦩꦸꦫꦶꦁꦩꦸꦫꦶꦁ꧈
ꦏꦪꦧꦸꦠꦧꦸꦠꦼꦁꦧꦼꦠꦃꦔꦤꦶꦪꦪ꧉
nora uwus kareme anguwus-uwus | uwose tan ana | mung jangjine muring-muring | kaya buta buteng betah nganiaya ||