Kaca:Serat Wedhatama.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧓꧇


ꦩꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦱꦸꦁꦥꦔꦤ꧀
ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦱꦸꦮꦺꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦢꦸꦏꦤꦶ꧈
ꦧꦸꦧꦿꦃꦧꦮꦸꦂꦠꦾꦱ꧀ꦱꦶꦁꦮꦁ꧈
ꦭꦶꦂꦏꦶꦪꦩꦠ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦲꦫꦶ꧈
ꦧꦺꦴꦠ꧀ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦥꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈
ꦠꦩ꧀ꦧꦸꦃꦠꦩ꧀ꦧꦸꦃꦱꦺꦴꦭꦃꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀
ꦭꦮꦱ꧀ꦭꦮꦱ꧀ꦒꦿꦲꦶꦠ꧈
ꦫꦺꦃꦤꦺꦲꦱꦸꦠꦥꦿꦶꦪꦪꦶ꧈
ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦩꦿꦶꦃꦲꦢꦢꦶꦏꦲꦸꦩ꧀ꦠꦼꦩꦃꦤꦶꦱ꧀ꦛ꧉


marang ingkang asung pangan | yèn kasuwèn dèn dukani | abubrah bawur tyas ingwang | lir kiyamat saben ari | bot Allah apa Gusti | tambuh-tambuh solah ingsun | lawas-lawas grahita | rèhné asuta priyayi | yèn mamriha dadi kaum temah nistha ||