Kaca:Serat Wedhatama.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧘꧇


ꦭꦺꦴꦮꦸꦁꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁ꧈
ꦔꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦥꦿꦶꦃꦲꦠꦶꦤ꧀
ꦤꦔꦶꦁꦠꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦩꦁꦏꦾ꧈
ꦥꦿꦩꦸꦣꦏꦁꦢꦺꦤ꧀ꦏꦉꦩ꧀ꦩꦶ꧈
ꦩꦤꦺꦭꦢ꧀ꦤꦺꦭꦢ꧀​ꦟꦧꦶ꧈
ꦤꦪꦏꦺꦁꦔꦿꦠ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦫꦱꦸꦭ꧀
ꦲꦁꦒꦸꦁꦒꦶꦤꦮꦺꦲꦸꦩ꧀ꦧꦒ꧀
ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦱꦺꦧꦩꦩ꧀ꦥꦶꦂꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀
ꦔꦗꦥ꧀ꦲꦗꦥ꧀ꦩꦸꦃꦗꦶꦗꦠ꧀ꦠꦶꦧꦤꦶꦁꦢꦿꦗꦠ꧀


lowung kalamun tinimbang | ngaurip tanpa prihatin | nanging ta ing jaman mangkya | pra mudha kang dèn karemi | manelad nélad Nabi | nayakèng rat Gusti Rasul | anggung ginawé umbag | saben séba mampir masjid | ngajap-ajap muhjijat tibaning drajat ||