Kaca:Serat Wedhatama.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧅꧇꧒꧇ꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀꧅

(2. SINOM)

꧇꧑꧇


ꦤꦸꦭꦢ꧀ꦢꦭꦏꦸꦲꦸꦠꦩ꧈ ꦠꦸ
ꦩꦿꦥ꧀ꦥꦺꦮꦺꦴꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈
ꦮꦺꦴꦁꦲꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦔꦺꦏ꧀ꦱꦶꦒꦤ꧀ꦢ꧈
ꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦤ꧀ꦱꦺꦤꦥꦠꦶ꧈
ꦏꦥꦠꦶꦲꦩꦂꦱꦸꦢꦶ꧈
ꦱꦸꦢꦤꦶꦁꦲꦮꦭꦤ꧀ꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈
ꦥꦶꦤꦼꦱꦸꦠꦥꦧꦿꦠ꧈
ꦠꦤꦥꦶꦲꦶꦁꦱꦶꦪꦁꦫꦠꦿꦶ꧈
ꦲꦩꦩꦔꦤ꧀ꦏꦂꦪꦺꦤꦏ꧀ꦠꦾꦱ꧀ꦱꦶꦁꦱꦱꦩ꧉


nulada laku utama | tumraping [tumrapé] wong tanah Jawi | wong agung ing
Ngèksiganda | Panembahan Senapati | kapati amarsudi | sudaning
hawa lan napsu | pinesu tapabrata | tanapi ing siyang ratri |
amemangan karyenak tyasing sasama [sesama] ||