Kaca:Serat Wedhatama.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧓꧇


ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦩꦺꦤ꧀ꦢꦿꦱꦏꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦩ꧈
ꦊꦭꦤꦭꦭꦢꦤ꧀ꦱꦼꦥꦶ꧈
ꦔꦶꦁꦱꦼꦥ꧀ꦱꦼꦥꦸꦃꦲꦶꦁꦱꦸꦥꦤ꧈
ꦩꦿꦶꦃꦥꦤꦥꦤꦮꦺꦁꦏꦥ꧀ꦠꦶ꧈
ꦠꦶꦠꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁꦱ꧀ꦩꦂꦱꦸꦢꦶ꧈
ꦩꦂꦢꦮꦤꦶꦁꦧꦸꦢꦾꦠꦸꦭꦸꦱ꧀
ꦩꦼꦱꦸꦫꦺꦃꦏꦱꦸꦢꦂꦩꦤ꧀
ꦤꦺꦁꦠꦼꦥꦶꦤꦶꦁꦗꦭꦤꦶꦣꦶ꧈
ꦱꦿꦸꦤꦶꦁꦧꦿꦠꦏꦠꦩꦤ꧀ꦮꦃꦪꦸꦢꦾꦠ꧀ꦩꦶꦏ꧉


saben méndra saking wisma | lelana laladan sepi | ngingsep sepuhing sopana | mrih pana panawèng kapti | titising tyas marsudi | mardawaning budya tulus | mesu rèh kasudarman | nèng tepining jalanidhi | sruning brata kataman wahyu dyatmika ||