Sekar Melathi (antologi)/Kabèh

Saka Wikisumber
Sekar Melathi
[ 3 ]
Sekar Melathi
Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005





Balai Bahasa Yogyakarta
[ Purwaka ]
PURWAKA


Tiyang Jawi ing jaman sapunika ngraosaken bilih kabudayan Jawi sampun kenging pangaribawaning budaya manca. Kacihna wonten ing basa lan sastra Jawi ingkang saya dangu saya dipuntebihi dening bebrayan agung Jawi.

Ngadhepi prakawis menika wonten (tiyang Jawi) ingkang rumaos limrah kemawon awit piyambakipun gadhah pamanggih bilih basa lan sastra Indonesia lan manca langkung sae. Nanging, kathah tiyang Jawi ingkang prihatos awit jatidiri Jawi sangsaya dangu sangsaya tipis. Menawi tiyang Jawi mboten estu anggenipun nyepengi lan ngudi murih lestantunipun, mesthi basa lan sastra Jawi namung wonten ing tradisi lisan. Pramila saking menika, Balai Bahasa minangka instansi pamarentah ingkang ngayahi tugas ningkataken mutu panganggenipun basa lan ngindhakaken apresiasi sastra Indonesia lan Jawi ngawontenaken maneka warni kagiatan ingkang jumbuh kalihan tugas kalawau, upaminipun panaliten basa lan sastra Jawi, nyerat buku kangge pembinaan basa lan sastra Jawi, lan gladhen ekspresi sastra kados bengkel sastra Jawi kangge siswa SMP ingkang mapanipun ing SMP Negeri 1 Depok, Kabupaten Sleman. Siswa SMP kapilih kanthi alelandhesan bilih wiwit SMP siswa sampun nggadhahi apresiasi dhateng sastra Jawi, ing pangangkah mangkenipun saged dados peranganing masyarakat ingkang saged ngaosi dhumateng sastra Jawi.

Basa lan sastra Jawi minangka peranganing jatidiri tiyang Jawi, kedah dipunpepetri. Panyengkuyung bab memetri basa lan sastra Jawi kedah mboten namung wacana nanging ugi kedah tumindak nyata. Balai Bahasa minangka instansi pamarentah ingkang nggadhahi jejibahan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan basa lan sastra Jawi kedah miwiti murih lestantunipun basa lan sastra Jawi. [ Purwaka ]Kula nggadhahi pangajab mugi buku antologi geguritan anggitanipun para siswa menika wonten pigunanipun dumateng para pandhemen geguritan.


Yogyakarta, Agustus 2005
Kepala Balai Bahasa Yogyakarta


Drs. Syamsul Arifin, M. Hum.

[ Cecala ]
CECALA


Bengkel Sastra Jawa 2005 ingkang dipunadani dening Balai Bahasa Yogyakarta sampun lumampah kanthi sae nalika tanggal 27—30 Juni 2005, mapan ing SMP Negeri 1 Depok, Sleman. Gegladhen kasebat dipungelar sesambetan kaliyan ancas Balai Bahasa Yogyakarta anggenipun kepengin ngrembakakaken sastra Jawi ing madyaning masarakat, mliginipun siswa SMP Negeri saha swasta ing tlatah Sleman. Dene ingkang ndherek Bengkel Sastra Jawa sedaya gunggung wonten selangkung siswa. Ingkang ngasilaken sawijining antologi geguritan. Buku antologi kasebat kiranglangkung 159 judul geguritan yasan ingkang ndherek bengkel.

Metani sauntawis yasan geguritan anggitanipun para siswa ingkang ndherek bengkel, kanyata taksih ketingal nyleneh. Bab punika kelampahan amargi taksih kirangipun pangertosan tetembungan basa Jawi. Kados pethikan geguritan punika:


SAMPAH

Dening: Ingga Wulandari

SMP Negeri 1 Depok

Barang wis ora kanggo
Dibuang pinggir selokan
Saya suwe dadi gunungan
Ambune ora karuwan
Sampah mandheg
Banyu megung
Gorong-gorong padha buntet
Ndadekake pikiran buntet

[ Cecala ]Judhul geguritan kasebat migunakaken tembung ingkang kirang trep. Saleresipun sampun wonten tembung Jawi uwuh. Sinaosa mekaten, sampun wonten ugi setunggal kalih siswa ingkang sampun mumpuni. Buku punika dipuntengeri mawi irah-irahan Sekar Melathi. Kanthi pangajab buku irah-irahan punika mengku wigatos supados yasan geguritan ing buku punika saged kangge sangu marsudi sastra Jawi dhumateng soksintena kemawon,langkung-langkung para siswa ing sekolahan.

Adhedasar bab sewau, katingal wucalan basa Jawi ing sekolah tasih kirang wekdalipun. Pramila, dipunwonteni bengkel minangka pambudi daya supados siswa saged tambah grengseng lan majeng. Kajawi punika, panitia tasih gadhah pangajab bilih sasampunipun Bengkel Sastra Jawa 2005 lumampah, badhe ngudi amrih ingkang ndherek bengkel saha siswa ingkang nggadhahi kekajengan lelumban ing donyane kasusastra Jawi saged saiyegsaika kapti lumebet ing Sanggar Sastra Kreatif Sleman. Mugi Gusti Ingkang Maha Mirah lan Asih ngijabahi Sanggar Sastra Kreatif Sleman ing tembenipun lumampah kanthi rancag tundhonipun nglairaken penyair utawi panyerat ingkang gamben.

Wusana dipunaturaken matur nuwun dhumateng soksintena ingkang sampun suka penyengkuyung amrih lumampahipun Bengkel Sastra Jawa, inggih punika Bapak Kepala Balai Bahasa Yogyakarta, Bapak Bupati Sleman, Bapak Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Sleman, Bapak Kepala Bidang SMP Kabupaten Sleman, Ibu Kepala SMP Negeri 1 Depok, Drs. Dhanu Priya Prabowo, M. Hum, saha Drs. Suwardi Endraswara (tutor), MGMP Sleman (Bapak Suparyadi, S, Pd.), sarta Kadang Panitia (Dra. Prapti Rahayu, Kusratmini, lan Subadi.


Achmad Abidan H.A., S. Pd.
Koordinator Bengkel Sastra Jawa 2005

[ Daftar isi ]
DHAFTAR ISI


PURWAKAiii
CECALAv
DHAFTAR ISIvii


Amalia Nur Rachman, SMP Negeri 1 Depok

  • Njaluk Pangapura ▭ 1
  • Sujud ▭ 1
  • Sandal Kulit ▭ 2
  • Ampuhing Ilmu ▭ 2
  • Tetepungan ▭ 2
  • Ilange Welas Asih ▭ 3
  • Polahe Manungsa ▭ 3


Budi Susanto, SMP Negeri 2 Sleman

  • Korupsi ▭ 4
  • Tsunami ▭ 4
  • Asmara ▭ 5
  • Bulan Purnama ▭ 5
  • Sandhal Jepit ▭ 6


Desi Siswanti Maharani, SMP Negeri 2 Sleman

  • Dongane Ibu ▭ 7
  • Anakku ▭ 7
  • Nemu Klambi ▭ 8
  • Kulawarga ▭ 8


Devi Nugraheni, SMP Negeri Cangkringan

  • Dhuh Gusti ▭ 9
  • Kanggo Ngapa ▭ 10
  • Bocah Desa ▭ 10
  • Bencana ▭ 11 [ Daftar isi ]
  • Tangise Ibu Pertiwi ▭ 11
  • Peksi-Peksi ing Kurungan ▭ 12
  • Prajurit Sejati ▭ 12
  • Ibu Pertiwi ▭ 13
  • Sandhal ▭ 13


Fani Ayuningtyas, SMP Negeri 1 Depok

  • Agunge Wayah Wengi ▭ 14
  • Golek Ilmu ▭ 14
  • Desaku Mlandhangan ▭ 15
  • Kembang ▭ 15
  • Sandhang ▭ 15
  • Sekar Melathi ▭ 16


Inda Jananti, SMP Negeri 3 Tempel

  • Ora Ngerti ▭ 17


Ingga Wulandari, SMP Negeri 1 Depok

  • Sampah ▭ 18
  • Kasur Kapuk ▭ 18
  • Gelas Pecah ▭ 19
  • Komunikasi ▭ 19


Jodhi Arizal Nugroho, SMP Negeri 2 Sleman

  • Sepatu ▭ 20
  • Yogya Oh Yogya ▭ 21
  • Potone Mbahku ▭ 21
  • Bal-Balan ▭ 21
  • Sandhal Jepit ▭ 22
  • Kupu ▭ 22


Kabul Budi Dwi Cahyo, SMP Negeri 1 Godean

  • Adhiku ▭ 23
  • Istighfar ▭ 23 [ Daftar isi ]
  • Anakku ▭ 24
  • Aku Bocah Desa ▭ 24
  • Asmara ▭ 25
  • Gunane Sandhal ▭ 25
  • Banjir ▭ 26


Kunthi Khusnun Insani, SMP Negeri 3 Godean

  • Wong Enom ▭ 27
  • Tinggal Donya ▭ 27
  • Wit-Witan ▭ 28


Lintang Ayomi Sumargo, SMP Muhammadiyah 3 Depok

  • Kluwung ▭ 29
  • Warnane Sandhal ▭ 29
  • Gela ▭ 30


Nadra Yunia Ayuningtyas, SMP Negeri 1 Moyudan

  • Tangis ▭ 31
  • Bandha ▭ 31
  • Wit Klapa ▭ 32
  • Guru Basa Jawa ▭ 32


Nanik Hidayani, SMP Negeri 1 Mlati

  • Ibu ▭ 33
  • Sekolah ▭ 33
  • Laut ▭ 34
  • Katresnan ▭ 34
  • Kancaku ▭ 35


Nur Laila DRH., SMP Muhammadiyah 3 Depok

  • Ulahe Manungsa ▭ 36
  • Kangenku ▭ 37 [ Daftar isi ]Nur Setyo Wahyuni, SMP Negeri 1 Depok
  • Banjir ▭ 38
  • Kadya Lintang ▭ 38
  • Candra ▭ 39
  • Layangmu ▭ 39
  • Sampur Abang ▭ 40


Nur Susanty, SMP Negeri 1 Turi

  • Prihatin ▭ 41
  • Esuk Kang Endah ▭ 42
  • Semut ▭ 43
  • Sandhal ▭ 44
  • Guru ▭ 44


Petra Adhi Pradhana, SMP Negeri 1 Berbah

  • Lintang ▭ 46
  • Alas ▭ 46
  • Prahara ▭ 47
  • Sandhal ▭ 48
  • Katresnan ▭ 48


Rini Astuti, SMP Piri Ngaglik

  • Kesel ▭ 50
  • Sinau ▭ 50
  • Kucing ▭ 51
  • Kuping ▭ 51
  • Taman ▭ 52
  • Kursi ▭ 52


Rita Apriani, SMP Negeri 1 Depok

  • Lampu ▭ 53
  • Ngimpi ▭ 53
  • Pangestune Ibu ▭ 54
  • Kangen Sliramu ▭ 54 [ Daftar isi ]
  • Seniwati ▭ 55
  • Pak Kebon ▭ 55


Sesaria Kiki Tamara, SMP Negeri 4 Pakem

  • Sepi ▭ 56
  • Aku ▭ 57


Servatia Mayang Setyowati, SMP Negeri 1 Depok

  • Desaku ▭ 58
  • Adzan Maghrib ▭ 58
  • Segawonku Sing Ilang ▭ 59
  • Sabuk ▭ 59
  • Srengenge ▭ 59
  • Banyu Segara ▭ 60


Tasza Firdhaningrum Dyah Arimbi, SMP Negeri 2 Sleman

  • Ayuning Rembulan ▭ 61
  • Wektu Esuk ▭ 61
  • Sandhal ▭ 62
  • Omahku ▭ 62
  • Wong Cilik ▭ 63


Untung Riantoko, SMP Negeri 1 Sleman

  • Pilkada ▭ 64


Wahyudi, SMP Negeri 2 Pakem

  • Merapi Biru ▭ 65
  • Ibuku Sing Ayu ▭ 66
  • Labete Sandhal ▭ 67


Wulandari, SMP Negeri 2 Ngemplak

  • Tsunami ▭ 68
  • Udan Gerimis Tengah Wengi ▭ 68
  • Sekolahku ▭ 69 [ Daftar isi ]
  • Pigunane Sandhal ▭ 69
  • Mawar ▭ 70


MAKALAH

Yuk, Cipta Geguritan71
Drs. Suwardi Endraswara, M. Hum.

Geguritan76
Drs. Dhanu Priyo Prabowo, M. Hum.

Seni Geguritan89
Achmad Abidan H.A., S. Pd.

BIODATA INGKANG NDHEREK BENGKEL SASTRA JAWA TAHUN 200595 [ 1 ]

AMALIA NUR RACHMAN

SMP Negeri 1 Depok

NJALUK PANGAPURA

dina iki, akeh sing padha njaluk pangapura

kaya barang linuwih gilir gumanti kaya iline banjir

saka ati kang gedhe

saka ati kang resik

dina iki, aku njaluk pangapura

apuranen kabeh kesalahanku

ilanging sipat meri lan drengki

dina iki,raketna talining silaturahmi lan paseduluran


SUJUD

Sujud...

jeroning tengah wengi anggonku sujud

kanggo ndedonga marang Gusti

njaluk pituduh saka ngarsaning Gusti

njaluk keslametan saka ngarsaning Gusti

Dhuh Gusti kang Maha Agung

paringana pepadhang kagem gesang kawula

Dhuh Gusti kang Maha Agung

sedaya menika namung kacipta dening Gusti [ 2 ]
SANDHAL KULIT

Sandhal kang dianggo lemek sikil
kanggo nahan panasing lemah Ian aspal
sanajan kowe mung cilik
kabeh wong seneng karo sandhal
Sandhal, kowe saiki dadi kancaku
neng ngendi-endi kowe ngancani aku
nanging, kowe ora betah banyu
mesakake kowe, mesthi tak idak-idak

AMPUHING ILMU

Sumur kang jero bisa diukur
akehe ilmu ora bisa kanira
langit dhuwurlan lintang rembulan dadi penunggune
banyu kang nyesep ing endi-endi
iku ilmu kang mulya
ilmu kanggo kabeh manungsa
kang digladhi saka wiwit cilik
supaya ndadekake wong kang becik

TETEPUNGAN

Tetepungan kapisan,
lungguh meneng
ora ana pitutur kang kaucap

tetepungan kapindho,
kono dadi sumeh karo aku
srawung karo aku, kaya-kaya wis akrab

[ 3 ]

Tetepungan katelu,
wis ora sumeh maneh
nanging, ngluwihi saka sumeh
lan ngluwihi saka srawung

ILANGE WELAS ASIH

Wis pirang-pirang taun ora ketemu
ora ngrasakake welas asih
sing mesthine saben dina ketemu lan ngrasakake welas asih
malah ora tau ngalami
amarga sawise rama lan ibune seda
wiwit bayi namung melu sedulur


POLAHE MANUNGSA

Ngapa sujana kudu ing awake dhewe
ing alas kang karusak
bab kuwi dudu kanggo awake dhewe
nanging, kanggo wong-wong kang duwe kalungguhan
sawise kuwi padha ndhelik-ndhelik
negori wit-witan kang ora dosa
lan ndadekake banjir kang ngelepi omah
ndadekake lemah kang cengkar

[ 4 ]

Budi Susanto

SMP Negeri 2 Sleman

KORUPSI

Korupsi,
kuwi jalaran ora resiking ati
kang bisa ngrusak nagara
amarga kuwi korupsi kudu dibrantas

Moral kang bejad,
para pejabat tinggi
kuwi bisa dadi tandha
rusaking nagara

Ing kono kene
korupsi kaya wis dadi budaya
budaya kang ala mungguhing bangsa iki


TSUNAMI



Teka lan lunga tanpa tandha-tandha
nggoncangake bumi ngluberake segara
banyu segara mbludhag
nyilemake dharatan
ngrubuhake omah lan wit-witan


Wong-wong padha wedi
amarga nggegirisi ati
manungsa mung kaya sampah
kang padha keli

[ 5 ]

Wis akeh kang kedadean
kayata Aceh lan negara manca
kang katerjang tsunami punika
mayit-mayit padha geglimpangan
ing kono kene mung akeh mayit

Iku kanggo pepeling para manungsa
kang nglalekake akhirat
lan mung mentingake donya


ASMARA

Gawe ati iki rasane mung gembira
asmara ngisi endhahing donya
para mudha lan tuwa
mesthi nglakoni

Donya rasane kaya suwarga
kang bisa menehi kang dijaluk kita sedaya
ing kono kene mung tansah kelingan
widadari saka kayangan
kang dadi pepujaning ati


BULAN PURNAMA

Ing wengi iki
katon tentrem rasaning ati
kowe tumeka
ngancani aku kang lagi sepi

[ 6 ]

Cahyamu,
mancarake katentreman
nyunari ati iki
kang nandhang kasusahan

Lintang-lintang pating krelip
sajak arep nggodha
nggodhaaku
ing wengi kang endah iki

Ing kono lan kene
kabeh katon padhang jingglang
amarga cahyamu
nuntun lakuku
ing dalan kang padhang


SANDHAL JEPIT

Sliramu dianggo lemek suku
lan kanggo njaga supaya ora kena paku
tanpa sliramu aku mesthi nesu
amarga kowe diprelokake
marang sapa wae
Saben dina,
saben wektu,
sliraku diidak-idak lan dijepit
ananging awakmu
ora nesu
marang sapa wae
kang tumindak kaya iku

Dhuh sandhal sliramu pancen diperlokake

[ 7 ]

DESI SISWANTI MAHARANI

SMP Negeri 2 Sleman

DONGANE IBU

Guritmu nyuwek sepi wengi karang pradesan.
dadi kanca bence kang dadi tetembungan.
Kidungmu dadi japa mantra
nginthil laku jantraning duijana.

Ibu...
tembang-tembang dolananmu.
dadi cagak awak uripku.
jumangkah wani, mecaki donya klawu.

Ibu ...
dongamu sing ngengidung
muga-muga sing mawa tetembungan
dadi pengaji-aji
munthes satruning dhiri.


ANAKKU


Anakku ...
Pancen abot urip iki
Mula kudu ngati-ati lan setiti
Aja mung nggugu karepe ati
Anakku ...
Pancen penak menawa beja
Marga asihe Sing Kuwasa
Mula kowe kudu waspada

[ 8 ]

Anakku...
Takajab kowe mukti
Marang wong tuwa uga bekti
lan tetep duwe laku suci


NEMU KLAMBI

Bakal lan bolah dadi dhasar nggawe klambi
gedhe cilik enom tuwa padha butuh kowe
dianggo saben dinane
ora mbedakake tani lan gubernur

Saka sing murah nganti sing larang kowe tetep aji
dikumbah sawise reged
dibesut lan didondomi dianggo nyandhang awake dhewe
kabeh padha eman karo kowe


KULAWARGA

Omah kang cilik
nyiptakake kahanan kang prasaja
tuladha kang becik
dadi conto awake dhewe

Kulawarga kang sakinah
ngarem-aremi atiku
bapa lan ibu nuntun
urip kang kepenak

[ 9 ]

DEVI NUGRAHENI

SMP Negeri 1 Cangkringan

DHUH GUSTI

adhuh Gusti Ingkang Maha Asih
mugi karsa paring sih wilasa
mring kawula ingkang sekeng
sekeng ing budi luhur
ugi sekeng manah kang suci
ngrasuk tindak kanisthan
kelut tindak Input
kapilut murka duraka
andhap asor asih tresna dipun sirik
nguja karsa priyangga

adhuh Gusti.
menapa malih ingkang kedah ditindakke
menapa malih ingkang kedah diaturke
rikala bantala menika geger
nalika janma manungsa sami kurang ajar

dhuh Gusti...
panjenengan ingkang ngertos wewadi
menapa inggih kedah ngaten niki
kahanan bumi kadya gabah den interi
jaman menika
mokal wonten pemimpin prasaja
napa malih jujur wicaksana
sedanten sami mbujung bandha donya

dhuh Gusti...
mbok inggiha paduka paring emut
supados sedanten sami nurut
ing margi ingkang leres

[ 10 ]
KANGGO NGAPA

Keprungu warta saka surat kabar
Tindak culika sumebar
Para duratmaka sesumbar
Malang kadhak
Kanggo ngapa ta
Iku kabeh ora ana guna
Yen sira mbujung bandha nganggo dalan nista
Bandhamu cepet muspra
Marga darbe wong liya
Kanggo ngapa
Bandha donya
Ra bakal digawa
Yen ajal wis teka
Kanggo ngapa
Sira mbuwang tenaga
Mung kanggo tumindak durjana


BOCAH DESA

Aku bocah desa
Uripku papa cintraka
Ora darbe ngelmu Ian bandha
Uga kurang tata krama

Aku bocah desa
Ora ngerti sandhangane wong kutha
Kang kebak maneka warna

Nadyan aku bocah desa
Ojo sira banjur ngina lan siya-siya
Marga aku uga manungsa
sak lumrahe duwe rasa

[ 11 ]
BENCANA

Teka tanpa sraba-sraba
Uga tanpa kandha-kandha
Apa maneh kulanuwun
Agawe manungsa pada bingung
Bencana
Sira soroh amuk
Nrejang omah, sawah, lan gumuk
Ra perduli darbe priyayi
Apa buruh tani


TANGISE IBU PERTIWI

Menapa kita mboten wuninga
Bilih kita kados durjana
Ingkang damel risaking negara
Menapa kita samenika kalimengan
Dhumateng para pahlawan
Ingkang magut Yuda kagem kamardikan
Menapa kita mboten mireng
Tangise ibu pertiwi kang gereng-gereng susah
Mirsani wukir tuwin wanadri
Ingkang samenika kita gundhuli
Tangise ibu pertiwi
Damel trenyuh tiyang ingkang tresna negari

[ 12 ]
PEKSI-PEKSI ING KURUNGAN

Sumiliring bayu anggawa swaramu
kang ngrerintih melas ati
tumeka ing papan dunungku

Sira peksi-peksi sing aneng kurungan
kanggo ngapa sira sungkawa
rangsum ombenmu wis sumadya
tingkah polahmu uga diuja

Peksi-peksi ing kurungan
nanging aku uga ngerti
sira darbe indriya merdika
luwar dhateng angkasa raya
gjrang-girang gumuyu
nyawang bawana


PRAJURIT SEJATI

Kumandhanging swara ati
anuntut sira wani mati
kanggo labuh negari
kanggo bela ibu pertiwi
Prajurit sejati
dudu watakira
mlajar saka palagan
becik aluwung ilang
Prajurit sejati
senajan panjenengan asring perang
estunipun manah ugi kedlarung-dlarung
nyawang bebanten ing payudan

[ 13 ]
IBU PERTIWI

Wis akeh prajurit sing dadi banten
ora sethithik bandha kang kawetu
mung kanggo lelabuh sliramu
ibu pertiwiku
kang tansah nguripi awakku
Ibu pertiwi
para taruna ngrilakake pawiyatan
amung kanggo perang
ngupadi kamenangan
amrih negara aman

SANDHAL

Sira dianggep barang ora aji
marga papanmu neng ngisor driji
nanging sapa bakal nyangka
sira uga duwe piguna

Tanpa sira sandhal
sikil lara ngidak krakal

Sandhal
marga sira
suku manungsa kejaga
saka sawijining bebaya

[ 14 ]

FANI AYUNINGTYAS

SMP Negeri 1 Depok

AGUNGE WAYAH WENGI

Ing wayah wengi
katon padhang kaya rina
sesawangan katon gemah ripah
kadya langit kebak lintang
gumerlap resik, apik sarwa temata

Bungah ati tumrap sesawangan
antarane lintang lan rembulan
adhem ayem, tata, titi tentrem
ana ing kutha anggonku mapan

Kanthi puji syukur kang era kendhat
Hiring Gusti kang akarya jagad
mugi sedaya saged manfaat

GOLEK ILMU

Adoh paran saka papan
dak gayung kanthi rasa bungah
golek ilmu sajroning sekolah
supaya katurutan apa sing dak gadang

Bungah susah bakal dak tampa
angupaya welinge wong tuwa
aja nganti besuke sengsara
anggone urip neng alam donya

[ 15 ]
DESAKU MLANDHANGAN

Kaendahan dhusun Mlandhangan
katon asri dijaga kanthi becik
masyarakat kang sregep reresik
andadekake dhusun iki tetep apik
Adhem ayem tata titi tentrem
regeng langgeng anggone padha paseduluran
gotong-royong kang dadi tengarane
kanggo njaga endahe lingkungane


KEMBANG

Arum wangi gandamu
maneka warna rupamu
sumunar ana ing plataran
kadya titi tata ing ndhuwur suketan
Tak sawang jroning papanmu
endhahing warna angrasuk sukma
anggawa rasa tekane kombang
kang dhahat saripatining kembang


SANDHANG

Esuk, awan, bengi, lan sapitumte
kowe tak enggo ing awakku
rupamu warna-warna
nganti bingung aku milih kanggo lunga

Neng kana neng kene kowe digoleki Ian dipilihi
arep kanggo lelungan
reged tak kumbah, kumel tak setrika
supaya kapenak disawang uwong liya

[ 16 ]
SEKAR MELATHI

Sekar melathi
tak tandur ing plataran
kanthi permati
dak rabuk lan dak sirami
amrih seger ijo royo-royo
yen ana suket-suket
sakiwa-tengene
tak jabut kanthi tliti
aja nganti ana bekicot
kang nggrogoti pucuke wit
sekar melathiku
esuk lan sore tak sawang
endahe sekar melathiku
kang ngrembuyung
ngetokake sekar amrik
putih kang suci
gandamu arum
sedep ing irung
ndadekake bungahe ati

Bengkel Sastra Jawa 2005
bisowa subur lan raharja
kadya sekar melathiku
kang putih memplak
menehi ganda arum
tumrape sapadha-padha
mbangun nusa lan bangsa
adil mring kawula

[ 17 ]
INDA JANANTI
SMP Negeri 3 Tempel
ORA NGERTI

Embuh aku ora ngerti
apa iku Bengkel Sastra Jawa
apa iku geguritan
ndadekake lakuku kandeg
ing tengah dalan
tan ana obor ing tangan
kang madhangi pikir
sikilku krasa abot
jumangkah menyang bengkel
ndadekake aku ora ngerti
ngrakit tembung-tembung
kang endah lan edi peni
kang bisa nglipur ati buneg.

Pikirku peteng ndhedhet
kebak ampak-ampak
kang ngendheg lakuku
Muga Bengkel Sastra Jawa
bisoa menehi pepadhang
marang konco-konco
kang kanthi tekun
nggegulang kabudayan Jawa
kang adi luhung.

[ 18 ]

INGGA WULANDARI

SMP Negeri 1 Depok

SAMPAH

Barang wis ora kanggo
Dibuang pinggir selokan
Saya suwe dadi gunungan
Ambune ora karuan

Sampah mandheg
Banyu megung
Gorong-gorong padha buntet
Ndadekake pikiran buntet


KASUR KAPUK

Kasur ...
Papan kanggo nglindur
Kapuk randu
Asale kasur iku

Kasur ...
Papan kanggo turu
Nyelehke awak lan pikir
Tangi turu ilang lungkrahku

[ 19 ]
GELAS PECAH

Pyaaar ...
Dadi sawalang-walang
Amarga tiba saka meja
Putih bening maune
Remuk raisa dadi gelas maneh
Ambyar ora karuan
Neng kana, neng kene
Sumebar saparan-paran.


KOMUNIKASI

Kenthongan, bedug, canang, lan omongan
Pirantine komunikasi jaman biyen
Jaman sansaya maju
Ana layang ditempleki prangko

Jaman tambah canggih, alate samono uga
Media cetak uga media elektronik
Iki brosur, iku selebaran, kae koran
Radio muni, TV mancar, kring-kring teleponku muni

Jaman saiki bocah seneng SMS
Irit, cepet, tur murah regane
Mesam mesem ngguyu dhewe
HP ... HP nyenengke atine dhewe

[ 20 ]

JODHI ARIZAL NUGROHO

SMP Negeri 2 Sleman

SEPATU

Sepatuku
Sepatuku
Mangkat sekolah nganggo sepatu
Saben dina nganggo sepatu
Sepatu lanang
Sepatu wadon
Kabeh uwong nganggo sepatu
Supaya ora lara yen midak paku

YOGYA OH YOGYA

Kutha sing aman berhati nyaman
Kutha pelajar Ian kabudayan
Yogya oh Yogya
Kota para seniman
Nggone mampir para wisatawan
Yogya oh Yogya
Jenengmu elok lan edi
Nggone urip wong berbudi

[ 21 ]
POTONE MBAHKU

Kowe sing ngelingake sejarahe kulawargaku
Kowe prasastiku
Prasasti kulawargaku
Dhek jaman semana

Poto ...
Kowe sing dadi seksi
Piye ayune simbahku
Piye baguse bapakku
Dhek jaman biyen

Poto ...
Tanpa kowe aku rangerti piye rupane Pangeran Diponegara
Piye rupane Ir. Soekarno
Lan piye rupane mbahku.


BAL-BALAN

Bal-balan, olah raga kang wis misuwur
Ora lanang ora wadon,
Kabeh kenal sing jenenge bal-balan

Dolanan kang nganggo bal
Ngalor ngidul ngoyak bal,
Lan ngetan ngulon ya ngoyak bal

Yen ngegolke padha gegayengan
Yen ora trima padha tawuran

[ 22 ]

Bal-balan, olah raga kang nganggo sikil lan sirah
Nanging, ora kena nganggo tangan,
Mengko ndhak kena pelanggaran

Bal-balan
Kowe sok dienggo tohtohan lan panguripan
Ugo karo kasenengan


SANDHAL JEPIT

Kowe dijepit lan diapit
nanging, kowe ora nesu
malah njaga sikilku saka beling Ian paku

Sandhal...!
jenismu warna-warna
miturut kabutuhanku

Ana sandhal jepit
ana sandhal sepatu
lan uga lia-liyane


KUPU

Ora awan ora bengi
ngalor ngidul golek madu
Apa kowe ora kesel?
mencok kene,
mencok kono
ing tengahing dina

[ 23 ]

KABUL BUDI DWI CAHYO

SMP Negeri 1 Godean

ADHIKU

Yen ngelingi cilikanmu
yen ngelingi tindak-tandukmu
aku dadi ngguyu
Sanajan kowe mbiyen jambaki rambutku
senengane njiwiti aku
senengane nyuweki bukuku
senengane ngganggu anggonku sinau
Nanging
kowe tetep adhiku
adhi kandhungku
Adhiku
saiki kita padha wus gedhe
padha-padha sekolah SMP
mugo kowe adhiku
pinter sekolahe


ISTIGHFAR

Akeh banget dosa-dosa ing awak iki
kaya gesik sumebar sapinggire kali
mula yen ngono aja nganti lali
marang Gusti Kang Maha Suci
Kanggo nyuda dosa-dosa iki
salah sijine kanthi istighfar
lan tansah ngucap istighfar
muga katurutan apa sing dikarepake

[ 24 ]
ANAKKU

Anakku...
pancen abot urip ing donya
mula kudu tansah waspada
aja tumindak laku sing nistha

Anakku...
urip iku mung mampir ngombe
mula kudu gawe becik marang sapa wae
aja mung nggugu sakarepe dhewe

Anakku...
tak ajap kowe mukti
marang wong tuwa ngabekti
tansah mbangun turut ngajeni


AKU BOCAH DESA

Aku bocah desa
dudu bocah kutha
uripku ing desa
kabeh sarwa prasaja
Nanging,
urip ing desa iku kepenak
masarakate guyup rukun
duwe tata krama
duwe suba sita
kabeh prekara ditanggung bebarengan

Aku bocah desa
sabaku ing sawah Ian gunung
gaweyanku golek kayu
kanggo mbantu bapa biyungku

[ 25 ]
ASMARA

Sadina rasane saminggu
apa iki sing jenenge asmara?

Embuh cilik, embuh gedhe
embuh enom, embuh tuwa
padha kataman asmara

Asmara,
bisa gawe penggalih iki harsaya
Hanging,
bisa gawe ati iki lara
lara yen ditinggal lunga

Asmara
uga bisa gawe ati iki cilaka
cilaka yen tumlndak laku nistha
Apa bener wong ketaman asmara
gampang kena panggoda?
mula aja lali marang Sing Kuwasa


GUNANE SANDHAL

Sandhal,
warnamu ana abang, biru, putih lan liyane
kowe didol ing ngendi wae
toko, waning, lan liyane
Sandhal,
gunamu iku akeh banget
kanggo lemek sikil
kanggo lelungan
uga bisa, kanggo ngeneng-enengi bocah

[ 26 ]

Sandhal,
kowe digoleki wong akeh
dibutuhake wong akeh
marga kowe njaga sikile wong akeh


BANJIR

Tak sawang langit iki katon mendhung
thathit kelap-kelip
angine sumilir
gawe adheming ati
Angin sumilir sangsaya gedhe
udan ora terang-terang
Banyu kali katon mulak-mulak
ngelebi sawah lan blumbang
Nanging,
iki kabeh polahing manungsa dhewe
mbuang sampah sakarepe dhewe
negor wit-witan sakarepe dhewe
ning, manungsa dhewe ora eling
ya iki akibat tumindake

[ 27 ]

KUNTHI KHUSNUN INSANI

SMP Negeri 3 Godean

WONG ENOM

Angin ngobahake godhong-godhong
Krasa adem lan sumilir
Ing tengah sawah
Ana omah cilik saka pring
Gendheng godhong tebu
Jubine saka gedheg
Ing kono ana bocah
Bocah loro kang tunggal getih
Bocah sumringah akeh guyune
Dikancani swara prenjak
Kang gawe ayeming ati
Crita padha crita
Crita marang asmara
Asmara marang kanca
Ananging era lali ngibadah
Marang gusti Allah
Ingkang maha kuwasa


TINGGAL DONYA

Diwangkara ndhelik ing sisih kulon
Langit kang maune padhang
Hang kanthi alon-alon
Bedhug magrib wis kumandhang
Ana manungsa wadon
Kang nitih motor alon-alon
Mandheg ing sangarepe omahku

[ 28 ]

Takon kabare priya
Priya jaka kang lagi raga
Kanthi ora disangka-sangka
Wong wadon mau ngomong
Marakake gawe udan tangis
Priya kang isih jaka
Lunga ora pamit-pamit
Lan ora kandha-kandha
Ninggalake biyung lan sedulur
Kang padha tresna marang jaka
Lan padha susah ninggalake
Rasane bawana iki kiamat
Pancen ora ana kang bisa
Mbedhek kuasa
Gusti ingkang Maha Agung


WIT-WITAN

Saben dina nyawang gegodhongan
kang ijo royo-royo
abang kuning kembange
gawe tentrem ing ati
ijone gegodhongan
nambah seger donya iki
Ananging ora bakal ana
ing tengah kutha gedhe
amarga tangan wong serakah
kang mentingake karepe dhewe
ora perduli karo akibate

[ 29 ]

LINTANG AYOMI SUMARGO

SMP Muhammadiyah 3 depok

KLUWUNG

Kowe njedhul sawise udan
yen isih ana srengenge
embuh esuk, awan, utawa sore
nanging bengi era ana

Kluwung
warnamu endah banget
warnamu akeh banget
abang, kuning, ijo
biru, ungu, lan liya-liyane

Yen aku ndelok kowe
atiku dadi tentrem
lan dadi ayem


WARNANE SANDHAL

Kowe dienggo saben dina
dienggo ing sikil
supaya sikilku ora lara
yen midak apa-apa

Sandhal
digawe saka karet
warnamu pepak-pepak
ana putih, ireng, biru, lan liya-liyane

[ 30 ]

warnamu uga pepak-pepak
ana sandhal lanang lan wadon

Yen ora ana kowe sandhal
sikilku isa lara lan lecet-Iecet
merga midak paku utawa beling


GELA

Yen kelingan crita dhek semana
pindha kebeler eri ing ati iki
ah... nggriseni
upama bisa tak belah
upama bisa tak kumbah
plas... satemah resik sumilah
tanpa tipak

Apa kowe bisa mbusak gelaku
apa kowe bisa mbusak gelamu
dak kira sengara
kabeh mung disidhem
ya ben gawe ati tatu
njarem nganti kaya biru erem

Crita iki tambane lara
crita iki tambane gela
kanggo kowe mitra
ayo nyingkirilaku nistha
kang njalari ati iki gela

[ 31 ]

NADRA YUNIA AYUNINGTYAS

SMP Negeri 1 Moyudan

TANGIS

Tangis bisa dumadi saka rong prekara,
bisa marga nemu sangsara,
uga bisa marga rasa mulya,
nanging bisa saka sangsara lan mulya,
supaya ana wong peputra kang manjila,
sekolah bisa kajuwara nanging arep
nerusake ora ana srana,
kadadeane ana tangis marga mulya lan sangsara,
mulya marga anak manjila,
sangsara jalaran anak arep nerusake sekolah
ora duwe srana.


BANDHA

Bandha iku bisa marakake begja,
nanging uga bisa njalari cilaka,
wong madad, madon iku racake wong
duwe bandha,
nanging bandha kang njurung cilaka,
bandha ya marakake minulya, disubya-subya,
dening sedulur lan kanca,
dene wong tanpa bandha, mrana-mrene
tansah disiya-siya.

Moyudan,16 Juni 2005

[ 32 ]
WIT KLAPA

Wit klapa kang tinandur ing pinggir kali
awoh mapirang-pirang janjangan
andadekake ayem ati kaki nira
isa dadi pangupa
Wit klapa kang tinandur ing pingir sumur
awoh mapirang-pirang janjang
marakake loh kaki nira tumetes
saka rasa trenyuh marang peparing
Gusti Kang Murbeng Dumadi
Wit klapa kang tinandur ing saindenging gubug
wus mapuluh taun dadi ratan kaki nira
nerusake tumapaking bebrayan kaliyan nini


GURU BASA JAWA

Pawongan kang sarwa alus
guneme lakune lan kabeh tindak-tanduke
marakake atiku tansah tentrem lan
kumudu-kudu ben bisa ketemu
Pawongan kang bisa andadekake
aku tansah sregep sinau
amarga saka tuntunane
saka rasa asih sing dak tampa
Pawongan kang tansah njurungake aku
marang bab kang bisa andadekake aku
migunani marang wong tuwa loro lan pribadiku

[ 33 ]

NANIK HIDAYANI

SMP Negeri 1 Mlati

IBU

Ibu kang nglairake aku
Kang ngupakara aku
Wiwit aku bayi nganti saiki
Uga ibu kang ngurusi

Mula aku kudu ngerti
Lan kudu bekti
Marang bapa uga ibu
Kang wis ngopeni aku.

SEKOLAH

Para siswa padha mangkat sekolah
Amarga padha arep sinau
Supaya dadi bocah kang nggenah
Lan dadi bocah kang pinter lan mituhu

Lanang wadon maju-maju
Tansah giat mangkat sekolah
Amarga arep maca lan nuntut ilmu
Uga arep dadi bocah kang sregep ibadah.

[ 34 ]
LAUT

Endahing ombak kang nentremake ati
biruning banyu lan manuk-manuk kang padha mabur
nambahi endahing swasana

Lanang, wadon, tuwa, lan mudha
padha lunga menyang laut
kanggo nyenengake pikiran kang buneg

Ing kana padha dolanan
dolanan banyu, gesik, kerang, padha peplayon, lan liyane
kanggo nyenengake ati


KATRESNAN

Mudha-mudhi kang lagi kasmaran
karasa donya kaya suwarga
kabeh-kabehe sinawang katon endah
ora perduli ana wong kang ngalang-alangi

Rawe-rawe rantas
malang-malang putung
ya kuwi mau kekarepane
wong kang lagi kasmaran
sapa kang ngalang-alangi
bakal disirnakake

[ 35 ]
KANCAKU

Sliramu ana
wektu aku mbutuhake sliramu
seneng lan susah awake dhewe tansah bareng
ora perduli apa omongane wong

Nanging,...
ana ngendhi sliramu saiki
rupa ra ana, swara wae ora krungu

Kanca ...
aku kangen guyumu
aku ngangenake wektu awake dhewe bebarengan

Sliramu ana
sawektu aku butuh sliramu
seneng lan susah

[ 36 ]
NUR LAILA DRH.
SMP Muhammadiyah 3 Depok
ULAHE MANUNGSA

Jaman saiki akeh manungsa kang ora wedi marang dosa
buktine neng kana-kene akeh wong sing tumindak ala
nanging malah nyedhak lan nindakake
kepriye ta karepe?

Akeh warta ing TV
nyritakake ulahe manungsa sing padha ra bener
contone wae
akeh wong, padha nganggo narkoba

Kahanane wis kaya ngene
ora bisa dijagakake
apa ora padha gela?
aku mumet mikirke ulahe manungsa

Rasane ndonya iki arep katekan kiamat
yen ulahe manungsa padha kaya ngono
wis ora bisa dikandhani
nggugu karepe dhewe.

[ 37 ]
KANGENKU

Biyen nalika simbah isih ana
basa kang endah iku isih rinasa
ngelus ati ngaras raga
tumanem cles ing ati iki

Apa kang linuwih?
embuh, aku ora ngerti
nanging saiki tansah ngreridhu
nyandhung kabeh lakuku

Aku bingung tenan ca!
bisane mung mandheg mangu
kangen endahe basamu
kaya biyen ....
nalika simbah isih ana

Yaiku tandha kangenku
kangene cah cilik sing durung pana
kangene cah cilik sing durung bisa
anane mung kangen kang kebak rasa

[ 38 ]

NUR SETYO WAHYUNI

SMP Negeri 1 Depok

BANJIR

Banyu tawa diwutahake saka langit
kali mbludag kasumpet larahan
bandha donya kesapu banyu tanpa turah
kuwi mau disebabake manungsa dhewe

Mbuwang larahan sageleme
mung mikir olehe kepenak
tanpa mikir akibate
tanpa mikir besuke

KADYA LINTANG


Nyumet dahana ing satengahing dhiri
wis suwe ngentekake dina kang peteng
cahya kang ndadekake ayang-ayang
dadi pletikan ing uwoh sajroning omah

Bapa, biyung...
muga-muga sing dakjaluk
supaya anakmu dadi bocah kang daksa
lanorapolah dursila

[ 39 ]
CANDRA

Cahyamu sumunar
anrajang pucuking cemara
sinorot ing beninge banyu kali
dadi seksi kahanan sepi ing wengi iki

Aku kangen wayah kaya ngene iki
tentrem tanpa grudag-gruduge swara mobil lan motor
mung banyu kumricik lan swara jangkrik
sesautan sing ngancani
krikk riikk riiik....

"Jangkrik apa kowe ngerti?
wulan kae yen tak sawang
kok ngawe-awe, ya?"


LAYANGMU

Ing dluwang putih iku
kowe nggaritake bolpoinmu
kumpulan aksara ing layang iki
gawe laraning atiku

Wis rong sasi kowe ninggalake aku
ing paran, ora ngira kowe ngiket janji
ngapusi, bali sawise rampung urusan
nyatane malah nunggu gendhuk ing kana

Wis! wis ora bisa nangis aku
eluhmu luwih larang tinimbang lelakonmu
matur nuwun, matur nuwun kanggo tatu batinku iki
lawang kalbuku wis dak tutup rapet kanggo kowe!

[ 40 ]
SAMPUR ABANG

Ing rame unine gamelan
kowe dadi pangluwes obahku
wis wolung taun yen dak eling-eling
kowe setya karo aku

Aku eling saka astane ibu kowe teka
kidung-kidunge ibu ngiringi tekamu kanggo aku
sapa ngira yen kowe dadi kanca setyaku
muga-muga setyamu bisa tetep nganti tekane patiku

[ 41 ]
NUR SUSANTY
SMP Negeri 1 Turi
PRIHATIN

Lumrahe siswa saiki,
sinau mung sakedheping netra
kepara malah ora sinau
yen nggarap senenge mung nyonto
tumindak mangkana iku
wong kang pikirane landhep
ananging salandheping dhengkul
amarga sepi kawruh

Nyata lan ora,
ananging menawa sugih polah
polahe anteng kitiran
besuk bakale ngemut driji

Yen dipituturi,
guneme pating clemong
wangsulane saur manuk
ora ngrewes pituture wong tua

Pra kanca,
kawula mudha iku sangganing Nagara
yen para mudha asor
arep digawa menyang ngendi
Negara iki?
jaman sangsaya tuwa sangsaya maju
ngudi ilmu kalakone kanthi laku
ora cukup njagakake endhoge si blorok

[ 42 ]

Pra kanca,
ayo dipungkasi kabeh laku ala
aja mung nggegem tangan
ayo
ambuka babaran anyar
wekel anggone nggilud kawruh

Aja meneng wae
ibu pertiwi sungkawa
mati raga mring kawula mudha.


ESUK KANG ENDAH

Srengenge bang ing sisih wetan
cumlorote ing sakurebing langit
kanggo pangupajiwa
wong salumahing bumi

Kadang tani samya ngudi karya
ing sawah
bocah-bocah sumega
ngudi ilmu ing pawiyatan
golek kawruh kanthi taberi
kanggo sajeging urip

Bagaskara tumrontong
pari gumadhing ngawe
woh-wohan kumrujak
tumiyup sumiliring angin
katon ijo royo-royo

[ 43 ]

Dirgantara putih kapuk
thilang ngoceh paring cruwet
jago kluruk paring brengok
babon petok-petok
dara mbekur ing sajroning pagupon
kali bening kinclong-kinclong
paring sumladhang
mawar abang branang
sakabehe
nambahi endahing esuk


SEMUT

Kewan kang ngemu pitutur
sanajan wujude cilik
sagluguring kolang-kaling
ananging,
nduweni rasa kamanungsan

Semut beda karo manungsa
sepi ing panirih rame ing gawe
yen antuk pangan ora dipek dhewe
digawa bareng-bareng
uga dipangan bebarengan

Manungsa,
lumrahe awatak srakah
mung mikirake wudele dhewe

[ 44 ]
SANDHAL

Bathok bolu isi madu
sanajan saben dina diidak-idak
ananging,
durung mesthi barang kang asor
buktine,
sandhal kuwi dianggo marang sapa wae
Manawa ora ana sandhal
sikil mesthi kepanasen
utawa raged
kepiye wae,
sandhal mesthi dibutuhake


GURU

Wong tuwa ing sajroning pawiyatan
digugu lan ditiru
dadi panutaning pra siswa

Minangka satriyaning pawiyatan
kang nuduhake bener lan luput
kabeh siswa antuk pamulangan
era kadang konang
tembunge pait madu
ngadhepi siswa kanthi dhadha longgar
sepi ing pamrih rame ing gawe

Gawe urip luwih becik
amarga piwulange
siswa bodho dadi pinter
amarga kawruhe,
ora ngerti dadi ngerti
amarga pitutUre
siswa kesed dadi sregep

[ 45 ]

Kang dikarepake
bisa nyipta siswa taberi
lan karoban manis
bisa mikul dhuwur mendhem jero
migunani kanggo bangsa Ian nagara

Guru,
becik bebudene kaya Prabu Darmakusuma

[ 46 ]

PETRA ADHI PRADHANA

SMP Negeri 1 Berbah

LINTANG

Nalika rina gumanti ratri
katon ana cahya satengahing wengi
gumebyar ngebaki angkasa
pindha lampu indah sinawang

Dhuh,lintang ing wayah wengi,
apa kowe ngerti rasaning ati
kang gumun ngungun
marang Gusti kang ngripta jagad

ALAS


Alaska kang edi lan asri
sinawang indah pindha widadari
ijo royo-royo
jembar gilar-gilar

Ananging alasku saiki
bubrah rusak ambyar
kateijang angkaraning manungsa
kang srakah lan kebak polah

Alasku saiki gundhul
lemah dadi garing aking
umbul mati, kali asat
lan akeh kewan padha sekarat

[ 47 ]

He, manungsa padha elinga
alas iku titipane anak putu
kudu diopeni ben lestari
amarga alas iku pani-paruning bumi

PRAHARA


Prahara kowe ana ing ngendi-endi
kowe akeh nyilakakake manungsa
polah kang tekun njalari cilaka
nyedhot nyawa lan bandhane manungsa

Akeh bocah kelangan wong tuwa
akeh manungsa kelangan sahak sedulur
omah-omah padha ajur
bubrah ringseg bleseg

Mbokmenawa Gusti duka
amarga mirsani polah kita
kang srakah nguja hawa
prahara kang dumadi
isa uga kersane Gusti
supaya manungsa mertobat
saka tumindak kang kebak dosa

[ 48 ]
SANDHAL

Sandhal kowe dianggo lemek sikil
taknggo mlayu lan dolan
sandhal nek ora ana kowe
aku mlayu kecocok
yen mlaku era kepenak

Kowe kaya malaikat kang njaga sikilku
ben ora midak belihg lan tlusuben
kowe dianggo kabeh wong
O,sandhal kowe pancen penting

Aku arep lunga nganggo kowe
dolan nganggo kowe
lan apa wae sing neng njaba omah
kowe dibutuhake kabeh wong

KATRESNAN


Katresnan iku
bisa kagambarake kaya ombak samudra
kadhang teka tanpa dinyana
kadhang lunga tanpa cecala

Katresnan iku
kagambarake kaya maruta
nadyan bisa dirasa
nanging angel dicandra

Katresnan iku
akeh sing nyandra warna-warna
ananging kanggoku
katresnan iku suci
awit ana sajroning katresnan
ana pangorbanan

[ 49 ]

ana katrentreman
uga ana kamulyan
lan karaharjan
awit manawa manungsa wus ora duwe rasa tresna
donya bakal rusak lan nemahi cilaka

[ 50 ]

TRINIASTUTI

SMP Piri Ngaglik

KESEL

Kesel ...
Awak lungkrah
Lingguh ora jenak
Obah ora penak
Dadine mung sayah
Apa iki sing diarani kesel?
O ... kesel ... kesel!
Wong kesel paling kepenak ya ngringkel!

SINAU


Maca,nulis, ndeleng, nglakoni, lan liyane
Wong padha ngarani iku sinau
Cethane seje wong seje kang ngarani
Apa sejatine sinau kuwi?
Apa bener manawa
Ora ngerti dadi ngerti
Ora isa dadi isa
Ora dhong dadi dhong
Iku sangertiku jenenge sinau
Bener salah aku ora ngrembug
Sing penting ayo padha sinau.

[ 51 ]
KUCING

Kucing ...?
meong, meong, meong ...?
cumlorot mripatmu
tikus padha lumayu
cukat trengginas tandangmu
putih, klawu, ireng wrnamu
tekamu ndadekake
kagete tikus-tikus
kang padha mlayu
golek pandhelikan

KUPING


Kuping...
ana sirah kiwa, tengen papane
kaku tur njepiping
iku sebutane
maewu swara wus lumebu
sero, alon kok tampa
iku wus dadi gaweanmu
ora duwe kuping budheg dadine

[ 52 ]
TAMAN

Tamanku ...!
esuk, sore tak sirami
katon sumekar cahyamu
ganda arum tan kendhat sumebar.

Tamanku ...
abang,ijo,kuning rupamu
kombang, tawon nambah endahmu
ati bunga dadi ilang sayah.

Tamanku
maturnuwun
amarga sliramu
atiku dadi bungah
kabeh sarwa dadi aneh

KURSI


Kowe kabutuhane kabeh wong
amarga wong-wong sing kesel mbutuhake kursi
wujudmu aneh-aneh lan apik-apik
lucu banget yen disawang

Rupamu wama-wama
coklat,buru,kuning,kanthi warna sing apik
kowe digawe saka kayu Ian busa
dadine kowe dinggo lungguh kuwi empuk
lan kepenak ing bokong

[ 53 ]

RITA APRIANI

SMP Negeri 1 Depok

LAMPU

Omah kang maune peteng
saiki padhang amarga lampu
dalan kang maune ndhedhet
saiki padhang njingglang amarga lampu

Lampu ...
akeh wong kang butuh sliramu
saka wong kang tuna aksara nganti pejabat
kabeh padha butuh lampu.

Lampu ...
padhangana donya iki
lan padhangana ati manungsa
supaya eling marang Gusti Kang Kuwasa

NGIMPI

Ati bungah, ati susah
kabeh campur adhuk dadi siji
kuwi kang tak rasakke ing wektu pepisahan
lagi wae aku arep pisahan marang bapak,ibu guru
aku digugah marang ibu.

Oh,...jebulna aku amung ngimpi
kembange wong turu ing wayah wengi.

[ 54 ]
PANGESTUNE IBU

Esuk setengah pitu
aku nyuwun pangestu ibu
anggonku nuntut ilmu
menyang sekolah numpak sepedha

Panas udan tak lakoni
ati susah lan bungah ngendhem ing ati
matur suwun ibu
dongamu lan pangestumu agawe aku sregep sinau


KANGEN SLIRAMU

Esuk, awan, bengi, mung tansah eling sliramu
saka ora bisa mangan nganti turu
ora ana wong liya kajaba kowe sing ana ing atiku
wong sing tak puja-puji saben wektu

Yen pancen awake dhewe jodho
ora bakal mlayu neng ngendi
ananging awake dhewe kudu ngerti
jujur Ian tinarbuka iku kunci utama.

[ 55 ]
SENIWATI

Alusing suwaramu
ora ana sing nandhingi
tembang-tembang kang koknyanyekake
agawe bungahing ati

Kendhang, bonang, gong, saron lan gender
dadi pangiring lakune tembang

Kethoprak, wayang, lan campursari
migunakake seniwati
kanggo nglelipur ati
saka ati kang nandhang branta


PAK KEBON

Saben esuk kowe nyapu ngresiki latar
rereged kang ana ing latar
kok sapu kanthi resik
rereged iku saka godhong-godhong alum lan uwuh

Pak kebon ...
resikana rereged ing latar sekolahku
kaya manungsa
kang ngresiki reregeding ati.

[ 56 ]
SESARIA KIKI TAMARA
SMP Negeri 4 Pakem
SEPI

Ing wengi iki...
wengi kang suwung
mega kasilep mendhung angrembuyung
sumilih wengi nggawa crita lamis
crita kang gawe gregesing ati

Ing wengi iki...
Atiku tansah bingung
Aku ngawasake langit
nanging sing ono ...
mega ireng kang gawe atis

Angin wengi...
tansah adhem lan gawe gelaning ati
swara kewan ...
kayata nangis ing wengi iki

Ing wengi iki...
Panglong saya kekes
ati saya nggrantes
Aku ngawasake langit maneh
Megane kae ...
mbuh kapan mega ireng sumilak
terang kaya wingi maneh

[ 57 ]
AKU

Aku bocah kang urip ana sapinggiring dalan
urip tanpa bapa biyung
tanpa sanak tanpa kadang
ana ing donya kangjembar iki

Wayah esuk ...
cahyaning surya kang sumunar...
Aku wiwit makarya
Tembang-tembang kang nggrantes
kanggo njejaluk welas asih marang sapadha

Cahyaning rembulan kang sumunar
Sumilir angin wengi gawe kekesing raga
Aku ngeningke cipta
Dedunga ...
Muga-muga Sing Kuasa
paring kamulyan marang awakku iki...

[ 58 ]

SERVATIA MAYANG SETYOWATI

SMP Negeri 1 Depok

DESAKU

Wektu cilik ing desaku, uripku tansah kepenak
omah sing resik, kali sing bening lan dalan sing sepi
mangkat sekolah mlaku bebarengan karo kanca-kanca,
dolan ing kali cebar-cebur awak teles kabeh

Nanging,saiki kahanan jaman metropolitan
akeh motor, mobil ngebaki dalan agawe regeding hawa
akeh kali sing butheg
kabeh wong duwe kepentingan dhewe-dhewe
ora padha mikirake lingkungan sing resik

Ayo kanca njaga lingkungan amrih resik, asri,Ian sehat
gotong royong bebarengan


ADZAN MAGHRIB

Wektune adzan maghrib
swara adzan wis kumandhang
wong muslim padha ngibadah salat maghrib
ngaturake puji sukur marang sing maringi urip

Sajadah sing apik lan resik digelar ing jobin
nganggo rukuh kanggo sing putri
lan sarung kanggo sing kakung
ndedonga marang Gusti

[ 59 ]
SEGAWONKU SING ILANG

Segawon sing tak openi wiwit cilik
saiki wis gedhe
wulune ireng apik klimis lan awak sing lemu
segawonku nduwe buntut sing cilik

Nubu,iku jenenge segawonku
nanging,saiki embuh ana ing ngendi
ilang ora ana tilase
mbokmenawa saiki segawonku
uwis diopeni karo wong liya
utawa dibeleh


SABUK

Ireng iku warna sabukku
sabuk sing dawa, njaga kathokku ben ora mlotrok
agawe weteng singset Ian kenceng


SRENGENGE

Saben esuk tekan sore
kowe madhangi donya iki
mlethekmu tak tunggu,ngarepake dina-dinaku
panas ing kulitku ora dadi alangan kanggoku nyambut gawe
kanggo uripku ing donya iki

[ 60 ]
BANYU SEGARA

Banyumu tansah asin
obahmu gulung-gulung
ngebaki segara
agawe wong kepengin nyemplung adus

Menehi panguripan kanggo nelayan
kanggo golek iwak
nangiiig, saiki banyu segara dadi reged
akeh iwak padha mati
amarga dirusak dening wong sing era tanggung jawab

[ 61 ]

TASZA FIRDHANINGRUM DYAH ARIMBI

SMP Negeri 2 Sleman

AYUNING REMBULAN

Ing pinggir dalan
Papan sikil iki mapan
Rasa keju ing sikil
Nalika awak iki lagi nggigil

Nalika ngrasakake kekarepan
Aku nyawang ayuning rembulan
sing padhang njingglang
gawe tentreming tiyang

WEKTU ESUK

Nalika jago kluruk
Aku eling iki wektu esuk
Ing wetan ana srengenge
sing padhang njingglang cahyane

Sing adhem awakku
Anget keclorot sunare srengenge
Atiku adhem
Nalika esuk iki mesem

[ 62 ]
SANDHAL

Sandhal sing mambu
sing kita idak-idak saben dina
sanajan mambu nanging
akeh gunane ...

sandhal...
bisa njaga aku
saka ri, watu, lan liya-liyane

Sandhal, kowe kerep dienyek wong
amarga ...
rupamu elek, mambu
nanging,kowe lemek sikilku
njaga keslametane sikilku


OMAHKU

Omahku kratonku
saben dina,
ngeyupi aku saka panas lan udan
ora awan-ora bengi
kowe tetep endah lan asri
rina wengi kowe njaga aku
saka kewan-kewan liyane
lan saka adheme wengi

Rina wengi kowe njaga aku
saka panase srengenge
omahku kratonku
warisane bapa lan biyung
sing kudu tak jaga
tekane besuk emben

[ 63 ]
WONG CILIK

Wong cilik ongklak-angklik
kanggoku kuwi ora masalah
yen kon milih...
aku luwih seneng dadi wong kere
tinimbang mbandha nanging kere tiban

Saiki.... akeh wong sing sugih
nanging, akeh sing kere tiban
uwong jaman saiki
padha milih bandha donya tinimbang iman
kang dinggo sangu mati neng akerat

Uwong jaman saiki
padha kedanan bandha donya
lan ngalalake kabeh cara
salah sawijine ya iku "korupsi"
edan ...
wong sugih iku mau dadi tikus kantoran
kang mangan dhuwit asil nyambut gawene wong liya

Yen kon milih.....
aku tetep milih kere
golek dhuwit mung sethithik nanging
kalal..... lan ora gawe dosa
neng weteng rejekiku entuk ganjaran
ora kaya koruptor
sing wetenge njembluk amarga mangan duwite liyan

[ 64 ]
UNTUNG RIANTOKO
SMP Negeri 1 Sleman
PILKADA

Umyeg swarane wong-wong
padha njagokake pilihane
calon bupati lan wakile
kang gelem labuh labet
marang wong cilik
murih tata, tentrem
karta, lan raharja.

Dudu dhuwit kang dirembug
nanging kawigaten kang tulus
Ibnu Subiyanto lan Sri Pumama
kebak ing panyengkuyung
dadya pangembaning Sleman Sembada
kang murakapi mring kawula
nyengkuyung mring budaya Jawi
kebak kawigaten mring para mudha.

Ibnu Subiyanto lan Sri Pumama
tetepa ing imane
jejek mantep mlaku kanthi permati
kalis ing panggodha
donya kang endah warnane
kadya pari kang wus wayah
tumungkul kanthi tulus
kebak ing pambudi.

[ 65 ]
WAHYUDI
SMP Negeri 2 Pakem
MERAPI BIRU

Saka adoh rupane biru
gedhe dhuwur kukuse metu
yen lagi turu
kabeh wong padha seneng mlaku-mlaku
ing sikilmu
sing lanang bagus
sing wadon ayu
kabeh suka padha gumuyu

Aja takon yen lagi nesu
panas banget lahare lumayu
kabeh kang ketabrak dadi awu
kepara bareng karo udan watu

Mrapi biru
banget anggonku nunggu
nalika kowe turu
senggar-senggur sajak kemayu
mrapi biru
mrapi ayu

[ 66 ]
IBUKU SING AYU


Ibu
Wis suwe aku melu marang kowe
Ibu momong aku nganti gedhe
reged mambu ora digape
marang anak banget tresnane

Ibu
dina iki aku ndonga
kanggo kowe sing wis wiwit tuwa
nggawa abot wis ora kuwawa
pamirenge wis ora cetha

Ibu
ora lali anakmu iki
njaluk donga lan pangastuti
muga-muga awan lan bengi
tansah antuk tentrem ing ati

[ 67 ]
LABETE SANDHAL

Banget gedhe labuh-labetmu
tanpa nggresula ngreksa
ponang suku
saka watu lan paku

tatag tanggon
minangka ganjel saenggon-enggon
gedhung tingkat tembus kebon
sing nggitar, miyano, apa dene sing nyaron

Tampanen nasibmu
aja nganti kawetu
sanggan abot ing baumu
peling wong-wong kang brewu

[ 68 ]

WULANDARI

SMP Negeri 2 Ngemplak

TSUNAMI

Polahmu anggegirisi
Padha diwedeni
Aku melu nyekseni
Wong-wong kang padha mati

Amarga polahmu, Tsunami
Bandha lan nyawa era aji
Ora pandhang bayi
Wong kang nganggo dasi
Kabeh padha keli

Tsunami,
Iki pepeling saka Gusti
supaya ngati-ati
Lan duwe tindak suci.

UDAN GERIMIS TENGAH WENGI


Tengah wengi iki
Adheme ngedab-edabi
Gerimis riwis-riwis
Nelesi bumi pertiwi

Bledheg pating jledher
Angin tansaya santer
Udan gerimis wengi iki
Nelesi lemah bongkah ngrerintih

[ 69 ]

Warga padha seneng
Ati susah dadi bungali
Udan gerimis tengah wengi
Nekakake rejeki
Saka Gusti Kana Maha Suici

SEKOLAHKU


Tlatahmu ana ing lengah desaku
sliramu kanggo nggayuli ilmu
latarmu sing resik lan jembar
kaya-kaya nggambarake murid kang sabar
panggonanmu sing asri
gawe tentreme ati iki
amarga sliramu sekolahanku
aku bisa kasil gegayuhanku
matur nuwun kanggo sliramu
muga-muga tetep mulya sadawane wektu

PIGUNANE SANDHAL


Ireng rupamu
Hanging gunamu luwih mulya tinimbang warnamu
sanajan dinggo lemek sikil
sanajan dinggo midak barang ora enak
Hanging sliramu tetep njaga
wong kang nganggo sliramu
supaya ora kena bebaya
kang bisa uga nggondhol nyawa

[ 70 ]
MAWAR

Abang, kuning, lan biru
iku kabeh jeneng warnamu
gandamu kang arum lan wangi
gawe tentreme ati
esuk lan sore tak sirami
supaya tetep edi lan peni
mawar ...
sliramu dadi tanda
para mudha kang nandhang asmara

[ 71 ]
YUK, CIPTA GEGURITAN
Dening: Drs. Suwardi Endraswara, M. Hum.

A. Model SMS

    (1) Dengarkan dulu, ada nada apa
    (2) Buka dulu. peian-pelan, pasti dag-dig-dug
    (3) tinggal pencet. cet; jadilah geguritan: 10 menit tak sampai
    (4) yang rhs-rhs terwadahi
    (5) super singkat, bahasa simbol
    (6) jika ada dialog, berarti geguritan komunikatif
    (7) mari beria-ria

B. Model Yoga: Mencari Titik

Untuk memusatkan naluri, emosi, nalar Anda, mari kita belajar memusatkan diri kita. Kita menuju satu titik. Titik nol. Pertama, tariklah nafas dada. simpan di perut, pelan-pelan. Perhatikan aba-aba,jika Anda kurang mampu menahan, pejamkan mata. Tutuplah segala keinginan, kecuali satu, menyatukan titik. Kedua, lepaskan nafas yang kotor itu lewat desisan gigi. Saat ini Anda mulai terbuka wajah imajinatifmu. Maka, mulailah memusatkan diri. Jangan lupa, Anda harus sila tumpang, seperti ki dalang wayang kulit itu Iho! Ketiga, dengarkan aba-aba, tirukan saya pelan-pelan. Mari, Anda perlu diam, diam, dan diam, sejenak. Dari diam, Anda akan menemukan "sesuatu", yang mungkin belum pernah Anda raba, belum pernah Anda dengar, belum pernah dan belum pernah. Dan, itulah sebenarnya "dunung sejati". Itulah sebenarnya dirimu ada. Keempat, coba renungkan dulu yang Anda sedang alami. Lalu, goreskan lewat pena Anda, apa saja. Goreskan lagi, ayo, apa saja. Tidak perlu Anda ragu. Nah, berarti kau telah jadi penggurit, bukan?

Jika kau masih bingung, syukur. Itu pertanda, kau sedang berproses. Kau sedang berdialog dengan "dunung". Kau sedang melakukan pencarian pada sebuah obyek garap. Maka, tolong, lakukan: (a) lihat dirimu dulu, ciumlah yang kau tak suka, rabalah yang kau benci: tulis yang paling aneh,(b) dongeng atau kisahkan [ 72 ]pengalaman kecil, unik, anyel, ndongkol dll, (c)coba ingat bagian hidupmu yang paling berkesan selama hidup, tuliskan pelan-pelan, usahakan kau bebas tanpa tekanan, (d) kalau sudah, coba tatalah kata-kata itu hingga ada maknanya, berilah ruh, berilah vitamin agar kata itu lebih gemuk, lebih indah, dan lebih menawan.

C. Model Bayangan: Energi Batin

  1. Letakkan barang apa saja didepanmu, amati dengan jernih. Katakan saja gelas yang berisi air teh atau air putih. Bayangkan, apakah hidup Anda tak beda atau bertolak belakang. Bayangkan terus, asosiasikan (hubungkan) perjalanan hidupmu dangan air di galas itu
  2. Garuk kapalamu, sambil minum. Minumlah dangan kasadaran imajinatif, minum tiga sampai ampat kali clegukan. Rasakan, apa rasa air di galas itu, setelah masuk ka perut, adakah rasanya, dan apakah kau sadar bahwa itu hidup? Apakah kau talah sadar kalau air itu sebenarya hidupmu?
  3. Kalau kau sadar, coba coret-coret sesukamu tentang air dan hidup. Coba lukis air itu seakan-akan hidupmu juga seperti itu. Hidupmu juga sebagai air, bukan? Airmu juga hidup, bukan? Terus tulis, tulis, sekehendakmu saja, tak usah berpikir apa jadinya, yang penting tak bertentangan dengan batinmu.

D. Model: Berguru pada Fenomena Alam

Rasakan, apa yang sedang Anda tidak suka di sekitar ini. Kau pasti bisa menyukai apa saja kan? Suka dan benci adalah milikmu. Padahal, di sekitar kita hanya ada dua pilihan, menjengkelkan atau menyenangkan buat kau. Kalau begitu, pilihlah mana di antara dua itu.

Jika kau sebagai pemilih yang baik, tolong pertajam pilihanmu. Jika kau benci, bencilah 99%. Kau pasti bisa melakukan. Terserah, mungkin kau benci pada bangku, pada kursi, pada kapur, pada tanaman, pada apa saja yang penting dari kebencian itu tolong rasakan. Kemudian tuliskan rasa Anda itu. Sambil menuliskan, kau [ 73 ]lebih baik bertanya-tanya, entah kepada siapa. Untuk lebih jelasnya mari kita keluar ruangan ini. Coba, rasakan betul dedaunan di sekitarmu itu. Perlu Anda renungkan: (1) mengapa daun itu hijau, coklat, kemana hilang hijaunya, mengapa tiba-tiba jatuh, (2) mengapa tumbuhnya ke atas, samakah dengan dirimu,(3) mengapa ada yang layu, apakah dirimu juga begitu? (4) mengapa dia butuh air, dan seterusnya. Apa yang kau renungkan itu coba tuliskan.


E. Model Ramai-ramai

Nah, saya memiliki objek yang perlu direnungkan. Sederhana saja, tolong perhatikan saya. Barulah kau ciptakan geguritan dari objek ini. Kita buat kelompok saja. tiap kelompok harus melahirkan sebuah geguritan. Masing-masing menuliskan satu atau dua kata saja. Yang terakhir nanti bertugas memberikan judul. Oke. Lalu tukarkan dengan kelompok lain, bacalah hasilnya.


YUK,BACA GEGURITAN

A. Mengusir Rasa Takut

Baca puisi itu sekedar main-main, sebuah play art. ada yang takut? Tak pe-de? Ya, karena tak siap mental. Berarti mental perlu ikut terjun baca puisi, ya!

  1. Menghilangkan takut mudah, latihlah dengan jalan di depan teman. Anda mesti senyum coba, mengangguk, geleng-geleng, dan dada
  2. Marl belajar menjadi berani membaca, berani berlatih, anggap saja tak ada orang lain di sini.
  3. Sesekali berkaca, jalan ke sana-ke mari, suruh lihat orang lain.
  4. Berteriaklah sekeras-kerasnya.
[ 74 ]B. Kebebasan Dihargai
  1. baca geguritan itu bebas, ekspresif
  2. larangan-larangan sebenarya tidak ada, semau Anda
  3. yang penting komunikasi terjaga


C. Mulai Tampil

  1. baca judul dulu ya, lalu pengarangnya, atau dibalik.
  2. kertas rata-rata dada, kau bukan baca teks Pancasila kan?
  3. pegahg tangan kanan dulu, sering pindah ke kiri, penonton kacau lho. Pegang dua tangan boleh kok.
  4. mau baca berdiri atau duduk, hati-hati Iho tangan dan kaki. Mainkan mimik, terutama mata, lirikkan, pelototkan, tataplah lantai (bumi) dan langit.
  5. kalau selesai baca, tak harus hormat Iho, lari boleh, menjatuhkan tubuh boleh-tapi yang bermakna.


D. Menawarkan Model Baca Geguritan

  1. baca judul dari duduk atau berdiri, lalu berjalan pelan-pelan: Yosi SA
  2. baca dengan kekuatan nafas, tak putus-putus: Hamid Jabar
  3. baca sambil singsot (bersiul), main-main gigi, efek suara mulut: Enes
  4. baca dengan membakar dupa, menggelar mori putih, tabur bunga: Budi Palopo, Suwardi Endraswara
  5. bacajoged dulu, baru ucapan: Muhammad Yamin MS
  6. baca sambil berguling-guling: TrimanLaksana
  7. baca seperti melagukan macapat
  8. baca sambil menuding-nuding
  9. baca menjatuhkan kertas-kertas: Sri Haijanta Sahid
  10. baca teatrikalisasi puisi/gurit
  11. baca model menggurui:Taufik Ismail
  12. baca sambil ketawa: Remi Silado, Daniel Uto
  13. baca sambil pegang instrumen: Krishna Mihardja
[ 75 ]E. Mari Latihan Olah Suara
  1. tirukan aba-aba saya: ngungggg, nginggg, ngenggg
  2. tirukan terus: nene nano nanino ninonano
  3. tirukan, anune-anune-anu-anu, anune-anune, anune-anune...


F. Berlatih Gerak

  1. letakkan tangan, ikuti aba-abaku
  2. ikuti gerakan kakiku
  3. ikuti gerakan kepala, bibir, gigi
  4. mari duduk,dengan aneka variasi


G. Bacalah Geguritan

  1. per kelas ya, satu geguritan dibaca bertiga/berempat
  2. pilih sendiri yang cocok dengan keinginanmu
  3. ketika ada kelas yang maju, kelas lain menilai ya (5-10) nilainya
  4. yang paling bagus, nanti ada 'hadiahnya'(rhs)
  5. berembug dulu dengan kelompokmu


H. Kolaborasi Baca Geguritan

  1. kolaborasi itu sebuah seni baca geguritan
  2. ada penata laku
  3. ada orator
  4. penulis teks geguritan membayangkan audien
  5. para peraga disiapkan
  6. pengiring pun dapat sebagai pembaca
  7. pengiring terkadang ikut nimbrung suasana
  8. yang perlu dijaga, nuansa geguritan tidak hilang
  9. boleh menggunakan trik-trik dan improvisasi
  10. ada yang menyebut musikalisasi/gamelanisasi
  11. ada yang menyebut ketoprakisasi/wayangisasi
  12. yang penting kompak
[ 76 ]
GEGURITAN*)


Dening: Drs. Dhanu Priyo Prabowo, M. Hum. Balai Bahasa Yogyakarta

*) Makalah kanggo Bengkel Sastra Jawa murid-murid SMP sa-Kabupaten Sleman, 27-30 Juni 2005.

l.Purwaka

Sastra Jawa umure wus atusan. Lan, wus atusan buku sastra Jawa sing ditulis dening para pujangga. Sastra Jawa kaperang dadi 4 babagan, yaiku (1) Sastra Jawa Kuno,(2) Sastra Jawa Tengahan, (3) Sastra Jawa Baru, lan (4) Sastra Jawa Gagrak Anyar (modern). Kejaba iku, sastra Jawa kaperang dadi 2 jinis, yaiku jinis gancaran (prosa) lan tembang/geguritan (puisi).

Miturut sejarah kasusastran Jawa, guritan iku ana loro, yaiku geguritan tradhisional lan geguritan gagrak anyar (modhern).

geguritan tradhisional, yaiku puisi sing kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu. Paugeran-paugeran kasebut, yaiku:

  1. cacahing gatra era katemtokake, nanging biyasane sathithike 4 gatra;
  2. cacahing wanda siji lan sijine ajeg padha wilangane;
  3. dhong-dhinge swara ing wekasane gatra kabeh kudu runtut, kudu nganggo purwakanthi guru swara;
  4. ing wiwitane geguritan, biyasane dibukani nganggo tembung sun nggegurit (tegese: aku ngarang/maca geguritan); geguritan ditulis utawa dilesanake minangka pasemon (sindhiran) tumrap kaananing masarakat wektu iku. Kejaba iku, geguritan uga ngemu surasa pendhidhikan.


Tuladha geguritan tradhisional:
Sun nggegurit:
    I. Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi [ 77 ]

Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ngati.

    II. Yen manut wasiteng kuna

Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wasanane tibeng papa.

Geguritan gagrak anyar(modern) ,yaiku puisi sing ora kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu (kaya dene geguritan tradhisional). Geguritan modern uga bisa disebut minangka puisi bebas. Ciri-cirine geguritan modhern miturut Moch. Nursyahid Poernomo (2005), yaiku:

  1. biyasane migunakake basa Jawa ngoko;
  2. basa Jawane komunikatif (dudu basa Jawa sing dakik-dakik sing akeh basa Jawa Kunane kaya dene tembang);
  3. cacahe larik (baris) lan pada ora ajeg;
  4. tema-tema sing digarap/ditulis bebas;
  5. ora nganggo tembung sun nggegurit ing wiwitane geguritan.


Tuladha geguritan modhern:
TUMENGA
(j.f.x. hoery)

Kowe isih katrem, anaku
jelungan, sumbar lan gobag sodor
angin lan lintang oyak-oyakan
dudu salahmu, anakku
tekamu tanpa gayungan
katungka bapak kaselak lunga
banjur,....

[ 78 ]

Ah!
apa kowe bakal narima
tangiya
gugahen konang-konang kang isih padha rerantan

(kapethik saka antologi geguritan Pagelaran, Penerbit Narasi 2003)

2. Maneka warna wujud geguritan Geguritan ing sastra Jawa bisa kaperang dadi pirang-pirang wujud, upamane epigram, baladha; reportase; odhe, epos, lan sapanunggalane.

    (a) Epigram
Epigram, yaiku tetembungan sing wicaksana, ringkes, lan padhet sing dilairake nganggo cara (gaya) sing alus. ing geguntan, epigram tegese geguritan cekak sing ngemu ukara wicaksana, ringkes, lan padhet.
Tuladha:

MRIPAT
(Moch. Nursyahid Poernomo)

Cahyamu landhep kaya panah
Nanging endah

JAM TEMBOK
(Moch. Nursyahid Poernomo)

Ngetung lunga-tekane dina
Kang kandhangkala kasatan tembung

[ 79 ]ANGIN

(Moch. Nursyahid Poemomo)

Anggonmu nglembara turut kekayon
Tiwas nggogrogake godhong lan kembang alum
Kowe apa ora keduwung?

(kapethik saka antologi geguritan Yen Aku Nyawang
Mripatmu, karya Moch. Nursyahid Poernomo)

(b) Baladha
Geguritan sing dinyanyekake, basane prasaja, mbeberake crita sumbere saka crita rakyat nganggo antawacana lan ana paraga-tamane.
Tuladhane:

BALADHA KLETING KUNING
(Suripan Sadi Hutomo)

sapa ta sing ra bakal ngruntuhake iki waspa
yen si kleting tansah dipilara mbok randha
yen si kleting tansah dipilara sedulur tuwa?

kleting kuning! kleting kuning!
kenya ayu anak angkate mbok randha sambega
Kenya ayu kasihane para jawata

wau ta si kleting kuning
kinongkon ngumbah dandang tembaga
nganti mencorong kaya teja
wau ta si kleting kuning
nyangking dandang ngener menyang kali bening
nyangking dandang kambi nangis andre nginging

[ 80 ]

endi dandangmu, nini
aku bangothothong kang bakal ngumbah ana kali!

cinandhak dandang kakempit swiwine sang sekti
kinumbah dandang mencorong kaya nalika lagi jinedhi
iki dandangmu lan iki sada lanang wasiat wesi aji
tampanana nini lan den-enggal kowe bali
awit sedulurmu padha budhal nggah-unggahi
andhe-andhe lumut ing dhukuh wuluhan desa pasirapan peni

wau ta si bangothothong
ilang musna malih dewa suralaya
bali makayangan ing swarga loka
angin sumribit anggonda cendhana

kagyat mbok randha dhadhapan mbok randha sambega
dene si kuning ngempit dandang mencorong teja
iki apa dandang saka swarga
kang kok-tuku nganggo ngorbanake salira?

sang dyah ayu meneng ra suwala
atine remuk kaya binanting ing sela
wau ta sang dyah ayu kleting kuning
mothah anyuwun palilahe mbok randha sambega
arep melu nggah-unggahi sang bagus teruna
kaya kleting biru, dhadhu, ungu sedulur tuwa

we la bocah ora kaprah
rupamu elek kaya silit tampah
ambumu banger kaya kembang bangah
kowe arep nggah-unggahi jejaka bagus
anake mbok randha wuluhan kang kementhus?

cinandhak sang dyah ayu kleting kuning
pinupur telek pitik tinapih klaras gedhang
setagen tampar memehan kinemben eri bandhotan

[ 81 ]

o, langit biru cakrawala
apa bener tindake iki mbok randha sambega?
budhala kowe nek arep lunga
ning poma aja bali ing omahku sigra
jumangkah sang dyah ayu kleting kuning
teka ing bengawan silugangga
bengawan banjir prau tambang ora ana
bingung si kuning arep nyabrang sigra

eeee, minggat kowe si kere budhugen
aku yuyukangkang tukang tambang bengawan

eeee, si buron banyu aja ngadhang lakuku
aku dudu wanita tunasusila adol salira
aku dudu bangsane buron kang kena kok mangsa
rasakna yen kowe ra gelem tetulung sapadha-padha

wau ta sang dyah ayu kleting kuning
angunus sada lanang saka kayangan
sinabet banyu bengawan ilang banjir bandhang
yuyukangkang mati njrekangkang
bangke ilang bali makayangan
wau ta sang dyah ayu anak sambega
teka ing wuluhan pinapak jodheg lan santa
mitra rewange sang pekik andhe-andhe lumUt sulistya
ginojek pari kena
wau ta sang mbok randha wuluhan desa pasirapan
mapagage si kuning irung tinutup kembang amrik angganda

eeee, gendhuk kowe njaluk apa
sega kaak apa sega ketela?

adhuh nyai kula nyuwun pangaksama
kula badhe nggah-unggahi kang putra

[ 82 ]

kaget mbok randha wuluhan desa pasirapan krungu swara
amandeng pucuke netra
rupamu elek ambumu kelek kethek
apa kowe bisa bakal katrima?
wis ping pira para kenya
kenya yu dharah mbok randha dhadhapan mbok randha
sambega
tinampik ing sang pekik
we la yen kowe ameksa
dakjaluke palilane sang jejaka

angin sumribit angganda cendhana
sumriwing ing kuping
manuk ngoceh ing pakebonan
apa kang bakal linakonan?

"putra ngger si andhe-andhe lumut
tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi
putrine kang elek rupane
kleting kuning iku kang dadi asmane"

kaget mbok randha wuluhan mbok randha pasirapan
si kleting rinangkul siniram banyu sendhang kencana
badhar si kuning dadi dewi sekartaji dewi galuh candrakirana
badhar si bagus dadi raden panji inu kertapati putra jenggala
wau ta inbok randha dhadhapan mbok randha sambega
kaget asemu gela dene wis milara sang dyah ayu kesuma
ah, apa kang bakal tinampa
keris apa pedhang anigas jangga?

Surabaya, Desember 1971

(kapethik saka Guritan: Antologi Puisi Jawa Modern (1940—1980), Balai Pustaka, karya Suripan Sadhi Hutomo,1985) [ 83 ]
    (c) Geguritan Reportase

Geguritan reportase, yaiku geguritan sing isine mbeberake lelampahan sawijining panggurit anggone lunga menyang sawenehing papan sing nengsemake (Moch. Nursyahid Poernomo, 2005).

Tuladha:
KUTHA SURABAYA
(Aming Aminoedin)

ana ing mangsa ketiga
apa sing daktulis babagan kutha Surabaya
mung ana panas lan sumuking swasana
sadina-dina

dina-dina liwat
urip mung anane grusa-grusu
sarwa kesusu panggone urip
kayadene sempit yen era oleh
kasebut kajepit

wayah awan panase panas tenan
ana kene ewadene wayah wengi
era kena kalong panase sumuk
akeh nyamuke

Surabaya ing mangsa ketiga
apa sing dakimpekke
era ana tumuse

BBS, 15/2/2001
(kapetik saka antologi 'Kabar Saka Bendul Mrisi, karya Suharmono Kasiyun, Penerbit PPSJS, 2001)

[ 84 ]
    (d) Odhe

Odhe yaiku geguritan kanggo mulyakake sawijining pawongan utawa kaanan sing dianggep penting. Ciri-cirine odhe ana ing irama, persajakan, lan diksi. Ana ing sastra Jawa, odhe rada arang dianggo sacara nglegena. Nanging, saka wujude tandha-tandhane, isine, lan wujude kalebu odhe.
Tuladha:

GENDHING SAMPAK PATHET SANGA
(Kuslan Budiman)
donya kang edi endah tumraping penganten
yen aku bali saka palagan
ngrungkebi blegering giling dadi sawiji

tekane was sumelang lan ing atine
samangsa sing lanang pamit perang
nguji aweting nyawa liwat gegaman

baliku saka palagan
bakal nggawa umbul-umbul kemenangan
amarga aku percaya
urip iki dudu pacoban
nanging mujudake kembanging pranyatan
pranyataning pribadi kang lelapis kamanungsan

yen aku bali saka palagan
gigirku wis nggendhong kamenangan
nanging ngertiya yayi
dhadhaku wis ora kuwat nyangga dosa
amarga gethihing mungsuh dadi utangku

satekaku ing ngarepmu
ora susah kokpapagake ati kang bungah
subasitanen kanthi rasa trenyuh
kang kawungkus nganggo poladan asih sumringah

[ 85 ]

yen aku ilang musna
iku pratanda panebus dosa
subasitane kanthi lugu gembira
gendhing sampak pathet sanga

sejatine aku gila marang perang, yayi
nanging rasa asihku kudu daksebar
marang bangsaku
lan katresnanku bakal nyrambahi donya
(Kapethik saka majalah bahasa Jawa Jaya Baya', No. 44, XIV,3 Juli 1960)

    (e) Epos

Geguritan (bisa uga gancaran) sing nyaritakake bab kasatriyan lan kaprawiran sing dicampur karo mitos/mithe, legende, crita rakyat, lan sejarah. Epos uga asri katelah epik.
Tuladha:

BEBANTEN MAJAPAIT
(Widodo Basuki)

layang kumitir lan layang seta
rebut rai
ing ngarsane sri ratu kencana
e thole, damarwulan
bocah paluhamba tukang ngarit
dadi satriya piningit
klakon nggandheng wanita,
bandha lan panguwasa
merga wani lara lapa

gelem turn gedhogan, nganti
tuwuh welase dyah anjasmara

[ 86 ]

langit Majapait sinawur mendhung
sapa sing gumedhung
ngglundhung

wis dadi bejamu Minakjingga,
sira diecap budi candhala, pengin
njongkeng kawibawan

log lembarane mega klawu
sirahmu dadi bebanten
minangka bukti katresnan

Nginden Kota, 1995


(kapethik saka antologi Layang Saka Tlatah Wetan, karya Widodo Basuki, 1999)

3. Nulis geguritan iku kapriye?

Geguritan iku sawijining kagunan(karya seni)sing didhapuk saka tembung-tembung pinilih. Mala, nulis geguritan iku ana sarat-sarate, upamane:

  1. Sregep niteni, sinau, lan seneng maca, tetakon karo sapa bae supaya bisa oleh idhe anggone arep nulis geguritan.
  2. Sinau basa Jawa lumantar ngrungokake wayang, kethoprak, Isp, saka kaset/radhio/teve, nonton pagelaran.
  3. Nulis geguritan (puisi) iku beda karo nulis gancaran (prosa). Nulis geguritan iku nganggo basa sing sinandhi, perlambang, utawa basa sing ora langsung (era sawantah). Basa gancaran iku panulise langsung (tanpa tedheng aling-aling) lan asring tanpa lambang-lambang, utawa nglegena/lumrah. Tuladhane mangkene:


basa gancaran
Wiwit isih bocah cilik, (aku) tansah ngalanti ora kepenak, kerep nemu cilaka [ 87 ]

basa guritan (puisi)
Cilik mula, uripku tansah ketula-tula ketali

basa gancaran
Kekarepan kang ora becik, Manawa diuja, bisa njalari rusaking uripe
basa guritan (puisi)
Sedya ala, yen den-uja, bisa mbabar dadi rubeda kang ngreribedi

basa gancaran
Saiki wis tuwa, umurku wis luwih saka setengah tuwuh

basa guritan (puisi)
Saiki aku wus tuwa, mungguha srengenge, wis adoh saka pletheke, cedhak marang surupe

basa gancaran
Tiyang estri ingkang jembar wawasanipun, adatipun saged nyukani wewarah

basa guritan (puisi)
Watak wantoning pawestri sugih wawasan, wasis asung wewarah

    4. Ladhan nulis terus tanpa wedi kleru utawa disaruwe elek asiling tulisan.
    5. Ngirimake geguritan menyang majalah basa Jawa.

Nulis geguritan iku nyenengake. Bisa kanggo ngasah pamikir, rasa, lan jiwa. Bangsa sing seneng sastra, bisa kasebut wong sing kajen ing madyaning bangsa-bangsa liyane. Bangsa sing tuna sastra (seni) mesthi dadi bangsa sing ora kajen. Nyinau kasusastran Jawa, [ 88 ]kalebu geguritan, iku kalebu ngajeni budayaning leluhur. Pujangga Raden Ngabehi Ranggawarsita, Mangkunagata IV, Pakubuwono FV, Ki Padmasusastra, lan liya-liyane dieling-eling wong Jawa ora marga kasugihane bandha donya, nanging amarga gagasane bisa migunani marang pawongan liyane. Mula, aja nyepelekake kasusastran Jawa, kalebu geguritan. Sapa ngerti sesuk kowe kabeh dadi wong pinunjul sing nresnani kabudayan Jawa sing luhur. Iku kuwajiban kita kabeh minangka bangsa Jawa.


BUKU SUMBER

Hoery, J.F.X. 2003. Antologi Geguritan Pagelaran. Yogyakarta: Narasi 2003.

Hutomo, Suripan Sadi. 1985. Guritan: Antologi Puisi Jawa Modern (1940—1980).

Jakarta: Balai Pustaka.

Kasiyun, Suharmono. 2001. Kabar Saka Bendul Mrisi. Surabaya: PPSJS.

Padmosoekotjo, Ki. 1963. Ngengrengan Kasusastran Jawi. Yogyakarta: Hien Hoo Sing.

Poernomo, Moch. Nursyahid. 1981. Yen Aku Nyawang Mripatmu. Surakarta: Forum

Sastra—Pusat Kebudayaan Jawa Tengah.

Widodo Basuki. 1999. Layang Saka Tlatah Wetan. Surabaya. [ 89 ]

SENI GEGURITAN
Oleh: Achmad Abidan H.A., S. Pd.

1. Mengolah Kata

Tidak sedikit orang yang mengeluh kesulitan untuk membaca bahkan membuat geguritan. Secara sederhana, mencipta puisi Jawa atau geguritan hanya menumpuk-numpuk kata. Bagaikan menumpuk batu bata, seperti orang membuat taman, perlu artistik. Unsur yang paling harus diperhatikan, adalah masalah estetika. Yakni, bagaimana kecermatan dan kelihaian mencari, memilih, dan menyusun kata indah adalah pores penciptaan puisi Jawa atau geguritan.

Menggurit, mencipta, memang tidak salah jika dikatakan "bermain kata". Karena itu, dalam menggurit, misalkan kita akan mencipta: kumpulkan dahulu kata-kata yang berhubungan dengan manuk. Jika sudah, baru diseleksi, mana kata yang bernilai rasa, mana kata yang ada tastenya, dan mana yang sekedar kata-kata biasa. Yang digunakan dalam geguritan, kata yang bemilai rasa itu. Misalkan, kita jajarkan kata-kata yang terkait dengan (ciri-ciri) manuk di bawah ini.

duwe cucuk
duwe cakar
duwe swiwi
yen mabur sok mencok ing pang
asring nucuk woh-wohan
asring cucuk-cucukan karo kancane
ana sing dikurung
anake jeneng cindhil
anak manuk beo, ababil, cangak awu, prenjak, garuda

Kata-kata tersebut masih sangat dangkal. Belum memiliki daya dan kekuatan. Kata itu masih telanjang, berdiri sendiri, belum tertata, bahkan juga belum bemilai rasa. Untuk lebih menajamkan lagi, di bawah ini disajikan kata-kata yang bersentuhan dengan manuk. [ 90 ]

Nucuk ngiberake
kaya gagak reraton
susuh manuk kurungan manuk
golek tapake kontul nglayang
manuk Jatayu
emprit abuntut bendhug
kekejera kayaa manuk branjangan

Kata-kata itu masih bisa dikembangkan lagi sampai sebanyak-banyaknya. Kalau belum tahu maknanya, sediakan kamus Bausastra Jawa. Kalau belum tahu, silakan tanya. Namun, bagi penyair, tidak harus tahu persis maknanya. Boleh tahu secara imajinatif saja.

Lebih baik, juga kategorikan berbagai kata di atas. Mungkin ada yang tergolong kata yang menjerumus pada; burung cerdas, burung takhayul, burung religius, burung patriotik, burung epos, dll. Pengkategorian ini, akan membantu anda untuk mencipta geguritan bertema apa.

Kalau sudah yakin, mari kita mencoba mendongeng. Terserah, mau dongeng apa: cinta, politik, seks, anak malas, rajin sekolah, membolos,dan sebagainya-anda dapat segera menjajarkan kata-kata di atas.

Tentunya, kata-kata tadi dapat dipotong, ditambah, digunting, dilipat, dan seterusnya. Kata-kata di atas sekedar patokan awal, untuk memekarkan imajinasi. Nah, masalah cinta misalnya dapat diukir dalam geguritan berikut.

Manuk emas sing dakkurung ing jantung
saya kekejer nguber pencokan
golek susuh ing pojoking ati

Silakan, geguritan tersebut anda beri judul, apa? Iya kan membuat geguritan judulnya belakangan, boleh. Sekali lagi untuk tahap awal, untuk tingkat lanjut, bermula dari judul, tidak dilarang. [ 91 ]Jika perlu,tambah lagi satu bait. Coba? Yang perlu diingat, hubungan antar bait harus logis.

Persoalan lain, boleh saja digambarkan melalui manuk. Kemudian, sekedar contoh, akan lahir geguritan ini:

manuk-manuk iku pijer cucuk-cucukan
manuk tunggal sasusuh saya kelangan suh
tansah tetarungan
mung mburu woh-wohan mawa wisa

Geguritan itu, dapat diangap belum selesai. Kira-kira, geguritan itu menggarap persoalan apa? Tebaklah! Tema apa yang muncul dari geguritan itu. Kalau saya sediakan judul ini cocok atau tidak: (1) Cucuk-cucukan, (2) Tetarungan, (3) Kelangan Suh,(4) Manuk-manuk Mabur, dan seterusnya. Jika kurang cocok, silakan buat judul lain.

Calon judul: (1), (2), dan (3) ada semua dalam bagian geguritan. Sekedar kata yang diambil dari kata-kata dalam geguritan. Jika ini disetujui, sah-sah saja. Hanya saja, judul harus mewakili kedalaman makna semua (total) geguritan. Bagaimana?

Apakah judul itu tepat? Kalau belum pas, bagaimana dengan judul (4) yang hanya kata manuk saja yang diambil dari kata-kata dalam geguritan. Memang judul (4) ini terkesan lebih bernuansa puitis, mungkin juga simbolik. Namun, cocokkah dengan makna geguritannya? ini persoalan, kalau belum, mungkin geguritannva yang harus diubah atau ditambah-dikurangi.

Maksudnya, saya hanya ingin mengatakan: (1) tentukan dulu geguritan tadi akan menuju kemana, akan menyindir, atau apa, (2) diperjelas dulu tema pokoknya, (3) memberi judul geguritan adalah penting, karena merupakan wajah geguritan, namun bukan hal yang terpenting.

B. Memberi Nuansa dan Bobot Geguritan

Nuansa sebuah geguritan, perlu dipikirkan juga. Agar anda tidak terjebak pada geguritan yang hambar. Geguritan yang hambar [ 92 ]biasanya tidak jelas, meskipun bening seperti air aqua, namun, rasanya kurang enak.

Dengan nuansa yang tajam, kita akan dapat menciptakan geguritan itu menjadi lebih menggigit. Anda dapat membangun nuansa geguritan: romantis, nylekit,ironis, profetik, kepahlawanan, religius, sakral, dan lain-lain. Suasana geguritan akan menentukan pula pilihan kata.

Kalau kita akan membuat geguritan yang bernuansa profetik, kata-kata yang dipilih harus yang berbau transendental, memiliki curahan moral, dan tetap estetis. Misalkan, anda dapat menggunakan kata-kata berikut menjadi sebuah geguritan profetik. Coba buatlah sendiri, pilih salah satu untaian kata di bawah ini:

Manuk-manuk ababil mencok ing pang garing
manuk jatayu ngudang pangimpen
manuk prenjak mbuka lawange swarga
manuk-manuk nggoleki susuhe angin
manuk-manuk ngudhari kurungane nepsu
manuk-manuk ngoyak tapake kontul nglayang

Nuansa geguritan yang kental, akan mempengaruhi bobot. Geguritan yang berbobot, tidak selalu ditentukan oleh penggunaan kata-kata yang arkais (kuna), tetapi banyak ditentukan membangun nuansa yang selaras dengan pemilihan kata. Estetika, akan menjadi ukuran terpenting dalam suatu geguritan.

Geguritan yang diberi muatan filosofi dan moral, belum tentu berbobot manakala diungkapkan dengan nada menggurui. Geguritan itu boleh memuat sebuah ajaran, namun tidak selamanya harus disampaikan dengan "doktrin". Bobot geguritan, tetap mempertimbangkan efektif maupun efisien tidaknya memainkan kata. Geguritan merupakan olah bahasa yang padat namun tetap cair.

C. Mencipta Bermacam-macam Geguritan Sebelum mencipta, banyak-banyaklah membaca geguritan karya penyair yang sudah ada. Calon penggurit yang malas membaca [ 93 ]karya orang lain, jangan heran kalau akan kehilangan nafas. Namun, anda juga jangan sekali-kali "nyontek" karya orang lain. Kalau sudah curang ini dilakukan, akan merepotkan masa depan kalian. Kalau sekedar membaca untuk menghaluskan obsesi, tidak apa-apa. Ini memang "wajib".

Dengan membaca anda akan kenal dengan aneka ragam geguritan yang ternyata lebih dari sepuluh macam. anda dapat mengepigon (sementara) model geguritan yang telah ada. Misalkan, anda akan mencipta geguritan: (1) naratif, yaitu geguritan yang mengungkapkan cerita atau penjelasan penggurit, seperti balada; (2) lirik, geguritan yang mengungkapkan gagasan pribadinya,seperti (a) elegi, geguritan yang mengungkapkan rasa duka, (b) ode, pujaan terhadap tokoh atau tempat atau keadaan; (3) deskriptif, yaitu geguritan dimana penggurit bertindak sebagai pemberi kesan terhadap keadaan atau peristiwa, benda, suasana yang dipandang menarik perhatian, seperti:(a) satirik, geguritan yang berisi ejekan atau sindiran terhadap sesuatu hal, (b) kritik sosial, politik, dan lain-lain.

Sebenarnya masih banyak lagi, namun, untuk anda yang baru "pemula" kiranya cukup tahu tiga macam dulu. Dari ketiga macam itu, silakan anda pilih salah satu, dan buatlah satu atau dua judul geguritan. Temanya bebas, sesuai dengan minat anda.

Cobalah beberapa kali. Kalau sudah jadi, jangan segera puas. Anda jadilah "pembaca perdana" dari karya anda sendiri. Maksudnya, kalau ada yang masih ragu kata-katanya tanyakan pada orang lain atau buka kamus. Betulkan beberapa kali, potonglah yang tidak sesuai, tambahkan dimana saja yang anda anggap kurang. Usahakan tidak bosan merevisi karya sendiri, sampai anda "puas".

Tahap akhir, sebelum karya anda dikumpulkan, silakan berikan orang yang paling dekat dengan anda. Biarlah mereka membaca kedua, setelah anda, nanti komentarnya bagaimana. Anda tidak perlu berkecil hati atau bahkan sakit hati kalau ada kritikan karena saran dari orang terdekat anda itu dapat digunakan untuk memperbaiki lagi. Usahakan, tidak di ruang tertutup kalau sedang [ 94 ]membuat geguritan. Lebih baik, di ruangan yang "plas", berjendela sehingga gagasan bisa mulur-mungkret.

Silakan anda coba, lalu berikan judul yang menurut anda tepat. Pilih di antara tiga macam diatas. Jangan lupa lagi, tema pokok harus ditentukan. Jangan lupa, tidak usah namun karya orang lain. Keluarkan yang anda rasakan saja. Entah wujudnya seperti apa, anda akan nikmat. Anda boleh memilih apa yang anda suka, yang paling dekat dengan anda, namun yang paling penting, harus yang "aneh". Ciptakan geguritan, dari keadaan "biasa" menjadi "tidak biasa". Sebaliknya, juga dapat dari "yang tidak biasa" menjadi hal yang "biasa". Bebas.