Kaca:Sekar Melathi.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Judhul geguritan kasebat migunakaken tembung ingkang kirang trep. Saleresipun sampun wonten tembung Jawi uwuh. Sinaosa mekaten, sampun wonten ugi setunggal kalih siswa ingkang sampun mumpuni. Buku punika dipuntengeri mawi irah-irahan Sekar Melathi. Kanthi pangajab buku irah-irahan punika mengku wigatos supados yasan geguritan ing buku punika saged kangge sangu marsudi sastra Jawi dhumateng soksintena kemawon,langkung-langkung para siswa ing sekolahan.

Adhedasar bab sewau, katingal wucalan basa Jawi ing sekolah tasih kirang wekdalipun. Pramila, dipunwonteni bengkel minangka pambudi daya supados siswa saged tambah grengseng lan majeng. Kajawi punika, panitia tasih gadhah pangajab bilih sasampunipun Bengkel Sastra Jawa 2005 lumampah, badhe ngudi amrih ingkang ndherek bengkel saha siswa ingkang nggadhahi kekajengan lelumban ing donyane kasusastra Jawi saged saiyegsaika kapti lumebet ing Sanggar Sastra Kreatif Sleman. Mugi Gusti Ingkang Maha Mirah lan Asih ngijabahi Sanggar Sastra Kreatif Sleman ing tembenipun lumampah kanthi rancag tundhonipun nglairaken penyair utawi panyerat ingkang gamben.

Wusana dipunaturaken matur nuwun dhumateng soksintena ingkang sampun suka penyengkuyung amrih lumampahipun Bengkel Sastra Jawa, inggih punika Bapak Kepala Balai Bahasa Yogyakarta, Bapak Bupati Sleman, Bapak Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Sleman, Bapak Kepala Bidang SMP Kabupaten Sleman, Ibu Kepala SMP Negeri 1 Depok, Drs. Dhanu Priya Prabowo, M. Hum, saha Drs. Suwardi Endraswara (tutor), MGMP Sleman (Bapak Suparyadi, S, Pd.), sarta Kadang Panitia (Dra. Prapti Rahayu, Kusratmini, lan Subadi.


Achmad Abidan H.A., S. Pd.
Koordinator Bengkel Sastra Jawa 2005

vi

Sekar Melathi___Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005