Kaca:Sekar Melathi.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SENIWATI

Alusing suwaramu
ora ana sing nandhingi
tembang-tembang kang koknyanyekake
agawe bungahing ati

Kendhang, bonang, gong, saron lan gender
dadi pangiring lakune tembang

Kethoprak, wayang, lan campursari
migunakake seniwati
kanggo nglelipur ati
saka ati kang nandhang branta


PAK KEBON

Saben esuk kowe nyapu ngresiki latar
rereged kang ana ing latar
kok sapu kanthi resik
rereged iku saka godhong-godhong alum lan uwuh

Pak kebon ...
resikana rereged ing latar sekolahku
kaya manungsa
kang ngresiki reregeding ati.

Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005___Sekar Melathi

55