Kaca:Sekar Melathi.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
CECALA


Bengkel Sastra Jawa 2005 ingkang dipunadani dening Balai Bahasa Yogyakarta sampun lumampah kanthi sae nalika tanggal 27—30 Juni 2005, mapan ing SMP Negeri 1 Depok, Sleman. Gegladhen kasebat dipungelar sesambetan kaliyan ancas Balai Bahasa Yogyakarta anggenipun kepengin ngrembakakaken sastra Jawi ing madyaning masarakat, mliginipun siswa SMP Negeri saha swasta ing tlatah Sleman. Dene ingkang ndherek Bengkel Sastra Jawa sedaya gunggung wonten selangkung siswa. Ingkang ngasilaken sawijining antologi geguritan. Buku antologi kasebat kiranglangkung 159 judul geguritan yasan ingkang ndherek bengkel.

Metani sauntawis yasan geguritan anggitanipun para siswa ingkang ndherek bengkel, kanyata taksih ketingal nyleneh. Bab punika kelampahan amargi taksih kirangipun pangertosan tetembungan basa Jawi. Kados pethikan geguritan punika:


SAMPAH

Dening: Ingga Wulandari

SMP Negeri 1 Depok

Barang wis ora kanggo
Dibuang pinggir selokan
Saya suwe dadi gunungan
Ambune ora karuwan
Sampah mandheg
Banyu megung
Gorong-gorong padha buntet
Ndadekake pikiran buntet