Kaca:Sekar Melathi.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

o, langit biru cakrawala
apa bener tindake iki mbok randha sambega?
budhala kowe nek arep lunga
ning poma aja bali ing omahku sigra
jumangkah sang dyah ayu kleting kuning
teka ing bengawan silugangga
bengawan banjir prau tambang ora ana
bingung si kuning arep nyabrang sigra

eeee, minggat kowe si kere budhugen
aku yuyukangkang tukang tambang bengawan

eeee, si buron banyu aja ngadhang lakuku
aku dudu wanita tunasusila adol salira
aku dudu bangsane buron kang kena kok mangsa
rasakna yen kowe ra gelem tetulung sapadha-padha

wau ta sang dyah ayu kleting kuning
angunus sada lanang saka kayangan
sinabet banyu bengawan ilang banjir bandhang
yuyukangkang mati njrekangkang
bangke ilang bali makayangan
wau ta sang dyah ayu anak sambega
teka ing wuluhan pinapak jodheg lan santa
mitra rewange sang pekik andhe-andhe lumUt sulistya
ginojek pari kena
wau ta sang mbok randha wuluhan desa pasirapan
mapagage si kuning irung tinutup kembang amrik angganda

eeee, gendhuk kowe njaluk apa
sega kaak apa sega ketela?

adhuh nyai kula nyuwun pangaksama
kula badhe nggah-unggahi kang putra

{{rh|Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005___Sekar Melathi||81}