Kaca:Sekar Melathi.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
UNTUNG RIANTOKO
SMP Negeri 1 Sleman
PILKADA

Umyeg swarane wong-wong
padha njagokake pilihane
calon bupati lan wakile
kang gelem labuh labet
marang wong cilik
murih tata, tentrem
karta, lan raharja.

Dudu dhuwit kang dirembug
nanging kawigaten kang tulus
Ibnu Subiyanto lan Sri Pumama
kebak ing panyengkuyung
dadya pangembaning Sleman Sembada
kang murakapi mring kawula
nyengkuyung mring budaya Jawi
kebak kawigaten mring para mudha.

Ibnu Subiyanto lan Sri Pumama
tetepa ing imane
jejek mantep mlaku kanthi permati
kalis ing panggodha
donya kang endah warnane
kadya pari kang wus wayah
tumungkul kanthi tulus
kebak ing pambudi.

64

Sekar Melathi___Antologi Gcguritan Bengkel Sastra Jawa 2005