Kaca iki wis divalidasi
Dirgantara putih kapuk
thilang ngoceh paring cruwet
jago kluruk paring brengok
babon petok-petok
dara mbekur ing sajroning pagupon
kali bening kinclong-kinclong
paring sumladhang
mawar abang branang
sakabehe
nambahi endahing esuk
SEMUT
Kewan kang ngemu pitutur
sanajan wujude cilik
sagluguring kolang-kaling
ananging,
nduweni rasa kamanungsan
Semut beda karo manungsa
sepi ing panirih rame ing gawe
yen antuk pangan ora dipek dhewe
digawa bareng-bareng
uga dipangan bebarengan
Manungsa,
lumrahe awatak srakah
mung mikirake wudele dhewe
Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005____Sekar Melathi
43