Kaca iki wis divalidasi
AMALIA NUR RACHMAN
SMP Negeri 1 Depok
NJALUK PANGAPURA
dina iki, akeh sing padha njaluk pangapura
kaya barang linuwih gilir gumanti kaya iline banjir
saka ati kang gedhe
saka ati kang resik
dina iki, aku njaluk pangapura
apuranen kabeh kesalahanku
ilanging sipat meri lan drengki
dina iki,raketna talining silaturahmi lan paseduluran
SUJUD
Sujud...
jeroning tengah wengi anggonku sujud
kanggo ndedonga marang Gusti
njaluk pituduh saka ngarsaning Gusti
njaluk keslametan saka ngarsaning Gusti
Dhuh Gusti kang Maha Agung
paringana pepadhang kagem gesang kawula
Dhuh Gusti kang Maha Agung
sedaya menika namung kacipta dening Gusti
Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005___Sekar Melathi
1