Kaca:Sekar Melathi.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PURWAKA


Tiyang Jawi ing jaman sapunika ngraosaken bilih kabudayan Jawi sampun kenging pangaribawaning budaya manca. Kacihna wonten ing basa lan sastra Jawi ingkang saya dangu saya dipuntebihi dening bebrayan agung Jawi.

Ngadhepi prakawis menika wonten (tiyang Jawi) ingkang rumaos limrah kemawon awit piyambakipun gadhah pamanggih bilih basa lan sastra Indonesia lan manca langkung sae. Nanging, kathah tiyang Jawi ingkang prihatos awit jatidiri Jawi sangsaya dangu sangsaya tipis. Menawi tiyang Jawi mboten estu anggenipun nyepengi lan ngudi murih lestantunipun, mesthi basa lan sastra Jawi namung wonten ing tradisi lisan. Pramila saking menika, Balai Bahasa minangka instansi pamarentah ingkang ngayahi tugas ningkataken mutu panganggenipun basa lan ngindhakaken apresiasi sastra Indonesia lan Jawi ngawontenaken maneka warni kagiatan ingkang jumbuh kalihan tugas kalawau, upaminipun panaliten basa lan sastra Jawi, nyerat buku kangge pembinaan basa lan sastra Jawi, lan gladhen ekspresi sastra kados bengkel sastra Jawi kangge siswa SMP ingkang mapanipun ing SMP Negeri 1 Depok, Kabupaten Sleman. Siswa SMP kapilih kanthi alelandhesan bilih wiwit SMP siswa sampun nggadhahi apresiasi dhateng sastra Jawi, ing pangangkah mangkenipun saged dados peranganing masyarakat ingkang saged ngaosi dhumateng sastra Jawi.

Basa lan sastra Jawi minangka peranganing jatidiri tiyang Jawi, kedah dipunpepetri. Panyengkuyung bab memetri basa lan sastra Jawi kedah mboten namung wacana nanging ugi kedah tumindak nyata. Balai Bahasa minangka instansi pamarentah ingkang nggadhahi jejibahan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan basa lan sastra Jawi kedah miwiti murih lestantunipun basa lan sastra Jawi.