Kaca:Sekar Melathi.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
KUCING

Kucing ...?
meong, meong, meong ...?
cumlorot mripatmu
tikus padha lumayu
cukat trengginas tandangmu
putih, klawu, ireng wrnamu
tekamu ndadekake
kagete tikus-tikus
kang padha mlayu
golek pandhelikan

KUPING


Kuping...
ana sirah kiwa, tengen papane
kaku tur njepiping
iku sebutane
maewu swara wus lumebu
sero, alon kok tampa
iku wus dadi gaweanmu
ora duwe kuping budheg dadine

Antologi Geguritan Bengkel Sastra ]awa 2005___Sekar Melathi

51