Kaca:Sekar Melathi.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WONG CILIK

Wong cilik ongklak-angklik
kanggoku kuwi ora masalah
yen kon milih...
aku luwih seneng dadi wong kere
tinimbang mbandha nanging kere tiban

Saiki.... akeh wong sing sugih
nanging, akeh sing kere tiban
uwong jaman saiki
padha milih bandha donya tinimbang iman
kang dinggo sangu mati neng akerat

Uwong jaman saiki
padha kedanan bandha donya
lan ngalalake kabeh cara
salah sawijine ya iku "korupsi"
edan ...
wong sugih iku mau dadi tikus kantoran
kang mangan dhuwit asil nyambut gawene wong liya

Yen kon milih.....
aku tetep milih kere
golek dhuwit mung sethithik nanging
kalal..... lan ora gawe dosa
neng weteng rejekiku entuk ganjaran
ora kaya koruptor
sing wetenge njembluk amarga mangan duwite liyan

Sekar Melathi_____Antologi Geguritan Bcngkel Sastra Jawa 2005

63