Kaca:Sekar Melathi.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SANDHAL

Bathok bolu isi madu
sanajan saben dina diidak-idak
ananging,
durung mesthi barang kang asor
buktine,
sandhal kuwi dianggo marang sapa wae
Manawa ora ana sandhal
sikil mesthi kepanasen
utawa raged
kepiye wae,
sandhal mesthi dibutuhake


GURU

Wong tuwa ing sajroning pawiyatan
digugu lan ditiru
dadi panutaning pra siswa

Minangka satriyaning pawiyatan
kang nuduhake bener lan luput
kabeh siswa antuk pamulangan
era kadang konang
tembunge pait madu
ngadhepi siswa kanthi dhadha longgar
sepi ing pamrih rame ing gawe

Gawe urip luwih becik
amarga piwulange
siswa bodho dadi pinter
amarga kawruhe,
ora ngerti dadi ngerti
amarga pitutUre
siswa kesed dadi sregep

44

Sekar Melathi____Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005