Kaca:Sekar Melathi.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ANAKKU

Anakku...
pancen abot urip ing donya
mula kudu tansah waspada
aja tumindak laku sing nistha

Anakku...
urip iku mung mampir ngombe
mula kudu gawe becik marang sapa wae
aja mung nggugu sakarepe dhewe

Anakku...
tak ajap kowe mukti
marang wong tuwa ngabekti
tansah mbangun turut ngajeni


AKU BOCAH DESA

Aku bocah desa
dudu bocah kutha
uripku ing desa
kabeh sarwa prasaja
Nanging,
urip ing desa iku kepenak
masarakate guyup rukun
duwe tata krama
duwe suba sita
kabeh prekara ditanggung bebarengan

Aku bocah desa
sabaku ing sawah Ian gunung
gaweyanku golek kayu
kanggo mbantu bapa biyungku

24

Sekar Melathi___Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005