Kaca:Sekar Melathi.pdf/98

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    (d) Odhe

Odhe yaiku geguritan kanggo mulyakake sawijining pawongan utawa kaanan sing dianggep penting. Ciri-cirine odhe ana ing irama, persajakan, lan diksi. Ana ing sastra Jawa, odhe rada arang dianggo sacara nglegena. Nanging, saka wujude tandha-tandhane, isine, lan wujude kalebu odhe.
Tuladha:

GENDHING SAMPAK PATHET SANGA
(Kuslan Budiman)
donya kang edi endah tumraping penganten
yen aku bali saka palagan
ngrungkebi blegering giling dadi sawiji

tekane was sumelang lan ing atine
samangsa sing lanang pamit perang
nguji aweting nyawa liwat gegaman

baliku saka palagan
bakal nggawa umbul-umbul kemenangan
amarga aku percaya
urip iki dudu pacoban
nanging mujudake kembanging pranyatan
pranyataning pribadi kang lelapis kamanungsan

yen aku bali saka palagan
gigirku wis nggendhong kamenangan
nanging ngertiya yayi
dhadhaku wis ora kuwat nyangga dosa
amarga gethihing mungsuh dadi utangku

satekaku ing ngarepmu
ora susah kokpapagake ati kang bungah
subasitanen kanthi rasa trenyuh
kang kawungkus nganggo poladan asih sumringah

84

Sekar Melathi___Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005