Kaca:Sekar Melathi.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Pra kanca,
ayo dipungkasi kabeh laku ala
aja mung nggegem tangan
ayo
ambuka babaran anyar
wekel anggone nggilud kawruh

Aja meneng wae
ibu pertiwi sungkawa
mati raga mring kawula mudha.


ESUK KANG ENDAH

Srengenge bang ing sisih wetan
cumlorote ing sakurebing langit
kanggo pangupajiwa
wong salumahing bumi

Kadang tani samya ngudi karya
ing sawah
bocah-bocah sumega
ngudi ilmu ing pawiyatan
golek kawruh kanthi taberi
kanggo sajeging urip

Bagaskara tumrontong
pari gumadhing ngawe
woh-wohan kumrujak
tumiyup sumiliring angin
katon ijo royo-royo

42

Sekar Melathi Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005