Kaca:Sekar Melathi.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PEKSI-PEKSI ING KURUNGAN

Sumiliring bayu anggawa swaramu
kang ngrerintih melas ati
tumeka ing papan dunungku

Sira peksi-peksi sing aneng kurungan
kanggo ngapa sira sungkawa
rangsum ombenmu wis sumadya
tingkah polahmu uga diuja

Peksi-peksi ing kurungan
nanging aku uga ngerti
sira darbe indriya merdika
luwar dhateng angkasa raya
gjrang-girang gumuyu
nyawang bawana


PRAJURIT SEJATI

Kumandhanging swara ati
anuntut sira wani mati
kanggo labuh negari
kanggo bela ibu pertiwi
Prajurit sejati
dudu watakira
mlajar saka palagan
becik aluwung ilang
Prajurit sejati
senajan panjenengan asring perang
estunipun manah ugi kedlarung-dlarung
nyawang bebanten ing payudan

12

Sekar Melathi___Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005