Ngemi-emi Basa Djawi III

Saka Wikisumber

[ Cover ]MOEGIJONO B.A.

NGEMI-EMI

BASA DJAWI

(ANJAR)

Buku Wulang Basa Djawi

ing

S.M.P.

DJILID

III

SERIBUSATU

Djil. Gadjahmada 122

SALA.

[ Title ]MOEGIJONO B.A.

NGEMI-EMI

BASA DJAWI

(ANJAR)

Buku Wulang Basa Djawi

ing

S.M.P.

DJILID

III

Tjap-tjapan kaping 3


SERIBUSATU

Djil. Gadjahmada 122


SALA.

[ Kata Pengantar ]
KATA PENGANTAR

Inspeksi S. M. P. Daerah Djawa Tengah disini menjatakan penghargaan jang setinggi-tingginja kepada para penjusun buku peladjaran:

NGEMI-EMI BASA DJAWI
atas usaha mereka dalam menempatkan peladjaran Bahasa Djawa ditempat jang sebenarnja.

Ternjata buku ”NGEMI - EMI BASA DJAWI” ini merupakan penelaahan kembali dari buku ”NGEMI-EMI BASA DJAWI” jang dahulu.

Selain kesesuaian dengan Rentjana Peladjaran S.M.P. djuga keselarasan dengan perkembangan waktu dipelihara.

Karena itu Inspeksi S.M.P. Daerah Djawa Tengah disini menetapkan agar buku ”NGEMI-EMI BASA DJAWI„ ini dipakai sebagai buku peladjaran pegangan murid di S.M.P.


Kepala Inspeksi S.M P.
Daerah Djawa-Tengah,
R. ISKANDAR KS.

Semarang, 10 Oktober 1967.


Pawartos kangge tjap-tjapan kaping tiga.
Ing tjap-tjapan kaping tiga punika dipun anjaraken babar pisan, kanti pangangkah:

  1. Isinipun tansah runtut lan lampahing djaman.
  2. Langkah prasadja, gampil.

Ingkang wasana mugi pangangkah wau saged kasembadan.

Surakarta, 5 Oktober 1968

[ 3 ]
WULANGAN I
SANTOSANING KARSA MARGANING MULJA

Sapengkeripun Arja Sena, Nata ing Ngamarta dalah raji sanget karerantan ing panggalih, ladjeng ngaturi rawuhipun Sri Kresna. Dene Arja Sena, anggenipun dateng Reksamuka tjampuh prang kalian danawa galak kekalih ingkang sakalangkug ambebajani. Wekasanipun danawa wau badar dewa, paring dawuh bilih toja marta punika temen wonten; nanging sanes ing ngriku dunungipun.

Arja sena dipun dawuhi wangsul, taken dateng Druna ing pundi panggenanipun ingkang sadjati. Arja Sena ngestokaken dawuhing Dewa wangsul taken dateng Druna pundi dunungipun toja-marta ing satemen-temenipun. Dipun wangsuli bilih wonten telenging saganten. Arja Sena santosa ing karsa nedya angajoni; tekadipun manawi boten kalampahan andarbeni ingkang dipun kadjengaken aluwung sirna. Lampahipun ladjeng dateng Ngamarta pamitan para kadang. Keleresan Sri Kresna sampun wonten ing ngriku, Sasampunipun Arja Sena ugandaraken lelampahanipun Sri Kresna ndangu :

— "Bratasena, apa kok batjutake sedyamu ?"
— "Jagene ora ?"
— "Tetela jen bab kuwi mbebajani banget!"
— "Wong golek kamuljan teka kokwedeni bebaja.
Ja uwis ongkang-ongkanga bae !"
— „Kowe rak ja ngerti ta, jen kowe diloropake guramu ?"
— "Alon disik, Kresna kakangku! Kowe tansah dadi paran-pitakon
ku sasedulur. Saiki aku takon Aku golek kamuljan
kuwi bener apa luput ? "
— "Bener !„
— „Aku ngestokake dawuhing guru kuwi kleru apa keprije ?"
— „Ora! Nanging
— „Wis! Tjukup minangka watonku mbatjutake laku !

Dene prakara diloropake apa ora, iku ana tanggungane guru dewe! Jen temen angloropake, tanggung-djawab rak ana deweke. Tekaning sapu denda bakal disandang dewe!"

Wis, aku pamitan mangkat. Pangestumu bae Kresna kakangku, mangkono uga Darma Adji sadulurku tuwa !"

(Medan Bahasa Ki Jasa Widagda ) [ 4 ]I. A. Watjanen batin petikan duwur iku, nuli wangsulana pitakon2 iki !

  1. Sapa sing lagi nandang sungkawa? Apa sebabe?
  2. Jagene Arja Sena nganti tekan ing Reksamuka ?
  3. Sapa ta sedjatine buta palak loro ing Reksamuka iku?
  4. Sapa sing dikira ngreti papan dununge toja-marta? Ngendi enggone ?
  5. Arja Sena mono satrija kang santosa ing karsa. Ukara endi nelakake sing bab iku?
  6. Wong golek kamuljan mono kudu keprije?
  7. Arja Sena klebu siswa sing mbangun turut marang guru. Apa buktine ?
  8. Sapa ta gurune Arja Sena iku?

B. Petikan duwur iku watjanen sing patitis!

II. A Tembung2 sing ditjap kandeling petikan iku tegesana utawa salinana tembunge lija !
 B. Petikan duwur mau abasa krama, Ngokokna !
 C. Nata ing Ngamarta dalah para raji sanget karerantaning panggalih.

Wong sing karerantan ing panggalih, iku nelakake apa?
Tembung karerantan gatuke karo tembung panggalih.

Isenana gatuke!

  1. miris ....
  2. ntrojos ...
  3. mumet ...

  1. ngetok ....
  2. mules ....
  3. djimpe ....

  1. serak ...
  2. sesek ...
  3. pandirangan ..

D. Dipun wangsuli bilih wonten telenging seganten.
Wong lungan ngliwati sagara, sok ditembungake menjang sabrang,

Tegesana tembung2 sabrang ngisor iki!

  1. Ana ing tanah sabrang pak Wongso biso urip mulja.
  2. Wong sabrang ing kene kudu manut tatananing nagara.
  3. Durung mari to adimu? Tjoba tambanana godong sabrang !
  4. Rehne kretege rusak, wong2 kepeksa njabrang.
  5. Ngati-ati jen njabrang dalan sing rame.

4 [ 5 ]

  1. Ing djaman "pendudukan” Walanda bijen wong2 sing kurang djedjeg imane pada njabrang.
  2. Mangkata disik, mengko ngentenana ing sabrangan kana !
  3. Djuru tambange lagi njabrangake wong2 mrana.

E. Wis, aku pamit mangkat.
 Tembung mangkat kena disalini tembung lunga.
Akeh tembung2 sing ateges lunga; kajata : ngumbara, bara, djagong, lajat, mlaku2, pik-nik, djiarah, pariwisata, darmawisata.
Isenana titik2 iki nganggo salah sidjining tembung-tembung iku!

  1. Bapak .... ing daleme pak Lurah kang mantokake, putrane.
  2. Dek Minggu botjah2 pada .... menjang Kopeng.
  3. Murid2 arep .... menjang Trowulan, perlu ngundakake kawruh ing babagan Sedjarah.
  4. Ajo .... mbah Karsa tilar donja.
  5. Wis limang taun Dana .... ora genah ngendi dodok selehe.
  6. Malem Minggu tur ora udan, mula botjah2 pada....
  7. Wong2 ing kene pada.... menjang Tlatah Klaten sing lagi panen.
  8. Sawise udjian botjah2 pada .... Menjang Sarangan Tawangmangu kanggo nglerenake pikir.
  9. Saben dina Pahlawan, murid2 pada . . . . menjang Taman

Pahlawan.

III. A. Sapengkeripun Arja Sena. Nata ing Ngamarta dalah raji sanged karerantan ing panggalih.
Sapengkeripun Arja Sena ing ukara iku nerangake wektu, Mula diarani katrangan wektu (mangsa).

Tjoba endi katrangan wektune ing ukara2 iki!

  1. Sasi ngarep mas Harsa arep duwe gawe.
  2. Bapak wis tindak Surabaja minggu kepungkur.
  3. Wiwit dek samana kae aku durung tampa kabar.
  4. Olehe djagongan nganti bjar klekar.

B. Dipun wangsuli bilih wonten ing telenging saganten.
Ing telenging saganten ing ukara iku nerangake panggonan.
Mula ija diarani katrangan panggonan.
Golekana katrangan panggonan ing ukara2 iki!

[ 6 ]
  1. Botjah2 lagi pada dolanan ing buri omah.
  2. Ing daleme pak lurah ana wajang.
  3. Latihane Pramuka ana ing alun-alun.
  4. Kana mau ana wong mbarang sulapan.

IV. Tembung : karsa lan mulja iku ngemu purwa kanti.
Tjoba golekana tulada purwakanti kang tinemu ing :
 1. Bebasan utawa paribasan.
 2. Lelagon.
Kadjaba purwakanti, parikan, wangsalan, tjangkriman, jogjaswara, sarodja, ana maneh sing diarani tembung garban lan baliswara. Tembung garban jaiku gandenging tebung loro, kajata :
suka + ing = sukengdjalu + estri = djalwestri
malbu + ing = malbengdupi + antuk= dupjantuk
Bali swara iku iketan winelik kanggo ngojak dongding ing tembang
Tulada. Anoman malumpat sampun — sampun malumpat.
Baju putra = putra Baju.

V. Tjritakna riwajating prijagung utawa uwong, lumrah sing bisa mulja jalaran saka santosaning karsane !

WULANGAN II
PRATAN BAL-BALAN.

Kadjuwaran bal2an sadonja diadoni saben 4 tahun sapisan. Wiwitane diadani ing taun 1930. Taun 1966 kepungkur, kadjuwaran bal2an mau diadani ing London. Dilalah teka ija Inggris dewe sing menang. Sadurunge kuwi, jaiku taun 1962 kadjuwaran bal2an diadani ing Chili. Nalika iku sing dadi djuwara Brazil, dene „runner up”e Tjekoslowakia. Sang djuwara kapasrahan njimpen Beker Jules Rimet, jaiku lambang kadjuwaran bal2an sadonja, kang saben 4 taun sapisan dadi rebutan regu bal2an sadonja, warganing FIFA,

Pranatan kang kanggo saiki iki ija saka FIFA. Dene pranatan bal2an moderen sing dienggo kadjuwaran sadonja iku mesti sok diowahi murih betjike.


6 [ 7 ]Miturut goteking ngakeh wis diakoni jen sumbere bal2an moderen iku saka nagara Inggris. Sumebare tjela ing satengahing abad kang kapungkur. Keprije terange, durung bisa diaturake, Djalaran ing kana meh saben kumpulan lan sekolahan duwe pranatan dewe2. Sanadjan beda2, nanging uga ana bab2 sing pada.
Kehing pranatan ing pakumpulan2 lan sekolahan2 iku malah dadi pametjut murih saja madju. Wasana dek tanggal 20-10-1863 madeg Bond Nasional Inggris kang didjenengake The Football Assosiation of England.
Sawise bola-bali nganakake sarasehan, nalika tanggal 18-12-1863 kasil gawe pranatan, ja iku Code 13 pasal tjatjahe. Awit saka iku lumrahe wong2 nganggep tanggal 18 Desember 1863 iku dina laire bal2an.

Petikan saking : Mekar Sari.

I. MATJA.
A. Petikan duwur iku watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki!

  1. Kapan wiwite ana kadjuwaran balan sadonja ?
  2. Kadjuwaran bal2an sadonja kang pungkasan diadani ing ngendi? Sapa djuwarane ?
  3. Piala kadjuwaran bal2an gadenja iku djenenge sapa ?
  4. Lha jen Thomas Cup iku Piala kadjuwaran apa ?
  5. Sing dadi djuwara bal2an sadonja taun 1962 sapa ?
  6. Sapa bae sing wenang melu kadjuwaran balan sadonja?
  7. Kira2 taun pira bal2an iku wiwit sumebar? Saka ngendi asale?
  8. Ja gene tanggal 18 Desember 1863 Hawa dina laire bal2an?

B. Petikan duwur iku watjanen sing patitis !
II. KAWRUH BASA.
A. Tembung2 kang kaetjab kandeling petikan duwur iku salinana nganggo tembung lija   sing pada utawa meh pada tegese, utawa tegesana!
B. Tembung2 ngisor iki trapna ing ukara !

  1. donja
  2. djagad
  3. diadani

  1. sasi kepungkur
  2. sasi ngarep
  3. dilalah

  1. warga
  2. kulawarga
  3. sumebar

[ 8 ]C. Dene "runner up"e Tjekoslowakia.

Runner up iku tembung sing asale saka bangsa Inggris, Tegese mungsuh sing dikalahake ing babak pungkasan, Mulane runner up iku bandjur dadi djuara nomer loro.
 Akeh tetembungan kang mligi kanggo ing kalanganing olah raga, kususe ing kalangan bal2an.
 Tjoba tembung2 iki tegesna !

  1. P.SI.S. lan P.S.I.M. wingi main draw.
  2. Rekor I00 m Asian Games IV Moh. Sarengat.
  3. S.M.A. Negeri menang w.o. karo S.M.A. Djaja.
  4. Sadurunge tekan finish wis ketututan .mungsuhe.
  5. Atom ditjukur Hidrogen 5 — 0.
  6. Djago "gulat” iku kepeksa mlebu kotak.
  7. Waton si bintang lapangan kae ana, ora-orane jen kalah.

D. Saben 4 taun sapisan dadi rebutan regu balan sadonja warganing FIFA.
 Tembung dadi ing ukara iku agi mapan panganggêne, lan matise kudu disalini kanggo.
 Tembung2 kang kandel tjap2ane ing ukara2 ngisor iki ija ora mapan panganggone. Tjoba salinana sing trep!

  1. Entenana sadela aku dakganti klambi disik.
  2. Regane beras tjempa karo beras wulu iku akeh bedane.
  3. Ja gene lemarine teka ora bisa dikuntji.
  4. Kae lawange tutupen!
  5. Aku lagi diutus bapak resik2.
  6. Iki koran iki paringna Pakde !
  7. Ditunggu rong djam teka ora ndjedul2 botjah iki!
  8. Olehku tuku Rp. I0,— mula ja gentinen Rp. 10,—

E. Petikan ing duwur iku kramakna !
III. PARAMASASTRA.

 Sanadjan beda2, nanging uga anabab2 sing pada. Tembung beda2 lan bab2 iku asale saka beda lan bab. Dadine beda2lan bab2 sarana dirangkep. Mula rimbage ija diarani rimbag rangkepan. Manut wudjude, rimbag rangkepan iku ana : [ 9 ]
  1. Rangkep wandane kang ngarep (dwipurwa).

    Tulada :

    kekalih tetuku lelandep pepeteng.
  2. Rangkep linggane (dwilingga).
    Tulada :
    beda2(beda-beda)bab2(bab-bab)ala2(ala-ala).
    Klebu rangkep linggane iki dwilingga salin swara.
    Tulada :
    bola-balidjodah-djedehpringas-pringismongan-mengen.
  3. Rangkep wandane kang pungkasan (dwiwasana).
    Tulada :
    tjengangukdjegegestjekikiktjeluluk.

IV. KASUSASTRAN.
Jaiku lambang kadjuwaran bal2an sadonja.
Lambang utawa pralambang iku warna2. Upamane bae:
A. Lambang djaman kajata :

  1. Ander pati Kalawisesa — Lambang kaananing djaman Padjadjaran.
  2. Radja-pati Dewa-nata — Lambang kaananing djaman Madjapahit.
  3. Kaladjangga — Lambang kaananing djaman Padjang.
  4. Adi-jati Kalawisaja — Lambang kaananing djaman Demak.
  5. Kalasakti — Lambang kaananing djaman Mataram.
  6. Kaladjaja — Lambang kaananing djaman Wanakarta.
  7. Kalabendu — Ora disebutake kapan.

B. ” Lambange dukun „ kajata :

  1. Sing lara wedakana godong sewu tjinampuran adas pulawaras. Asung pralambang jen sing lara ana pangarep-arepe bisa waras.
  2. Sing lara diwedakana pipisan pupus gedang. Suka pralambang jen sanak sadulure mupusa pepestening takdir, sing lara wis ora bisa diabjab walujane.

V.KARANGAN.
Gawea karangan awudjud lapuran bab salah sidjining irah2an iki!

  1. Pertandinyan Rounders.
  2. Pertandingan Volley Ball.

9

[ 10 ]
WULANGAN III
LELAJU

 Ngaturi wuninga, bilih kala wingi dinten Kemis Kliwon tanggal 21 Mei 1967, wantji djam 16.00 Bapak Judapralaja tilar donja; dumugi umur 90 taun, amargi sakit sepuh.
 Lajon bade dipun sarekaken ing dinten Djumuah legi tanggal 22 Mei 1967 dateng Astana Andong. Pangkatipun saking Ledoksari gang II No. 29 wantji djam 14.00.

  Nuwun
Kula nderek bela sungkawa,
1. Ranamartaja.
2. Lebdaanggana.

  Salatiga, 21 Mei 1967.

Kula atas namaning ahli waris.

Djajapralaja.

I. MATJA.

 Lajang Lelaju ing duwur ika watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki!

  1. Lelaju iku lajang kang isine bab apa ?
  2. Sapa sing tilar donja? Apa sababe?
  3. Genea olehe njarekake teka tanggal 22?
  4. Atas namaning ahli waris. Ahli warise sapa?
  5. Genea ora disebutake pangarep-arepe sing kesripahan?
  6. Apa prelune dene ndadak ana wuwuhan sing nderek bela sungkawa?

II. KAWRUH BASA.
A. Bapak Judapralaja tilar donja. Tjoba galekna dasa namane tembung tilar donja apese 3 utawa 4!
Tegese tembung donja lan tilar ing ngisor iki !

  1. Urip ana ing donja sapisan bae mbok ja sing sugih ngamal.
  2. Kowe le botjah loro sing wenang marisi donjaku iki.
  3. Dek sasi kepungkur mbah Djaja pantjal donja.
  4. Kadjaba ngojak kadonjan ija kudu sugih ngamal lan bekti ing Pangeran.
  5. Aku aprasetya ing donja ngakir.
  6. Sang Prabu wis tilar kaprabon.
  7. Giija punika tilaranipun tiang sepuhipun.
  8. Boten prajogi jen ta ngantos nilar kuwadjiban. [ 11 ]B. Kula atas namaning ahli waris.

Tembung atas namaning iku kena diselani nganggo tembung apa?
Ahli waris iku ateges sanak sedulur utawa karabat.
Tembung ahli tok ateges wong kang pinter (putus) ing sawidjikawruh.
Tjoba ngaranana sawatara ahli!
Upamane : ahli...... = S.H.
Kadjaba ahli ana maneh djuru lan tukang. Ngaranana djuru lan tukang nglima bae. Upamane : djuru ..........tukang.

C. Amargi sakit sepuh.
Kosok baline tembung sepuh iku enem utawa timur.
Apa kosok baline tembung2 sing dietjap kandel ngisor iki ?

  1. Kala wingi Bapak tindak dateng Semarang. .
  2. Pakde arep adol djam tangan.
  3. Sawise srengengene mletek aku mangkat.
  4. Botjah andap asor iku tansah dadi pangalembana.
  5. Sing sapa ngestokake dawuhing guru bakal dadi botjah pinter.
  6. Totok nemu duwit ana latar.

D. Gawea: ukara nganggo tembung2 ngisor iki.

  1. ngaturi
  2. kawuningan
  3. mbok bilih

  1. kala
  2. kala2
  3. rikala

  1. dumugi
  2. dateng

III. PARAMASASTRA.
A. 1. Bapak Judapralaja tilar donja amargi sakit sepuh. Endi djedjer lan wasesaning ukara iku? Amargi sakit sepuh nerangake sebab, mula ija bandjur diarani katrangan sebab.
Gawea ukara sing ana katrangane sebab loro bae.
2. Lajon bade dipun sarekaken ing dinten Djumuah Legi tanggal 22 Mei 1967 dateng Astana Andong.
Ukara iku udalen utawa ratjuten.
B. Kula atas namaning ahli waris.
Tembung ahli waris iku tembung loro kang diraketake dadi sidji lan tegese wis manunggal. Tembung mangkono iku diarani tembung tjamboran (madjemuk).

11

[ 12 ]Tjoba goleka tulada tembung tjamboran sawatara!

Manut wudjude tembung jamboran iku ana loro; jaiku :
1. Tjamboran wutuh (tembunge wutuh)
  Kajata : nagasari, tukang kaju, semar mendem, medja kantor
2. Tjamboran tugel (tembung2e diwantjahi)
  Kajata : degus = gede bagusdubang = idu abang

IV. KASUSASTRAN / KAGUNAN BASA.
Kula atas namining ahli waris. Tembung ahli waris iku klebu ewoning tembung, apa? Titik2 ngisor iki jsenana tembung2 kang dadi gandengane !

muda....
kadjen_....
baja....
watak....
Sabar....
mula....

gepok....
tambal....
tepa....
dedep....
sajuk....
nungsang....
solah....

mukti....
sih....
djapa...
pudji...
edi....
setya.....

V. KARANGAN.
 Gawea lajang marang kantjamu sing isine mangaju bagja dina “ulang taune” sing ping 16.

WULANGAN IV
SERAT KABAR

 Ing djaman sapunika serat kabar punika dados kebetahan umum, langkung2 tumrap kaum dagang, ageng sanget pigunanipun.
Kedjawi sumerep dateng ebahing djagat, inggih saged ngindakaken seserepan tumrap pedamelan, golongan punapa kemawon saged tumut ngraosaken paedahipun.
Jasa serat kabar punika kadjawi kedah ngawontenaken banda kangge wragad ngeljap, ingkang perlu kedah wonten djuru ngarangipun. Menawi djuru ngarang punika langkung saking setunggal, salah setunggal dados sesepuhipun ingkang tanggel djawab tumrap isinipun serat kubar, Kadjawi djuru ngarang ingkang sampun tetep, inggih kedah gadah pembantu ing sanes panggenan ingkang saged ngintunaken kabar sa-wanitji2 sarana serat, sarana tilpun utawi tilgram dateng sesepuhipun djuru ngarang.

12 [ 13 ] Kadjawi djuru ngarang sapambantunipun, serat kabar ugigadah punggawa ingkang ngurus tumindaking pendamelan, kadosta : nampeni jatra lengganan, ngintunakea serat kabar dateng para lengganan, ngurus wragading ngetjap. Manawi gadah pengetjapan pijambak inggih ngurus delantjang, mangsi, tukang, punggawa sapanunggilanipun, ingkang bangsa pandamelan pangetjapan.
 Serat kabar punika wonten ingkang medal saben dinten wonten ingkang medal seminggu sepisan, setengah wulan sepisan, saben wulan, ugi wonten ingkang medal tigang wulan sepisan. Ingkang medal saben dinten namung wudjud delantjang lembaran, sanesipun sami wudjud buku, namanipun kalawarti.
 Isinipun kenging kapilah-pilah, makaten :
 Ingkang wudjud delantjang lembaran, ing katja kapisah wonten seratan ageng : namanipun serat kabar wau. Ladjeng karangan2 saking para djuru ngarang, limrahipun rupi wawasan warni2 babagan punapa kemawuan, kadosta : babagan parentah pradja, babagan panggesangan, pedagangan, kataberen, kabudidajan, panggula wentah, among tani, kasarasan, piwulang lan sanes2ipun malih, tjekakipun ingkang njekapi dateng betahing ngakatah. Katja kaping kalih ngewrat kabar tjekak2 saking mantja nagari utawi saking sabrang, wonten papan saperangan kangge ngewrat kabar-kabar saking kitanipun pijambak, saperangan malih kangge ngewrat kabar2 babagan ulah raga, wasana wonten papan sedijan pariwara. Sadaja tijang langkung2 para among dagang kenging nglebetake pariwara sarana katarik bajaran, mewahi pengasilanipun serat kabar wau.

(Petikan saking : Patjitan I)

I. MATJA. A. Petikan duwur iku watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki!

  1. Apa sing dikarepake : dados kabetahan umum ?
  2. Apa ta guna paedahe lajang iku ?
  3. Sapa sing duwe tanggung djawab tumrap isining lajang kabar ? Saiki didjenengake apa ?
  4. Pembantu sing golek lan ngirimake kabar marang sesepuhing djuru ngarang, iku diarani apa ?
  5. Kadjaba djuru ngarang, isih kudu ana punggawa maneh. Apa tugase? Apa djenenge?
  6. Jen kowe ngirimake duwit langganan kok alamatake sapa?
  7. Lha jen kirim kabar (naskah) dialamatake sapa ?
  8. Apa bae kang kamot ing kalja sapisan ?

13

[ 14 ]B. Petikan duwur iku watjanen sing pratitis !

II. KAWRUH BASA.
A. Tembung2 kang kandel tjap2ane ing petikan duwur iku salinana nganggo dasa namane utawa tegesana!
B. Gawea ukara nganggo tembung2 ngisor iki !

  1. kabetahan umum.
  2. kaum dagang.
  3. ebahing djagat.
  4. lampahing djaman,

  1. sesepuh.
  2. punggawa.
  3. lengganan.
  4. wawasan.

C. Ingkang prelu kedah wonten djuru ngarangipun.
Apa tegese djuru ngarang iku? Tegesana pisan tembung2 djuru ngisor iki !

  1. Mas Dama saiki dadi djuru tulis-ing Kantor Asistenan.
  2. Kemiri djuru iku mesti akeh isine.
  3. Abdi dalem djuru katimbalan Sang Prabu.
  4. Tataning pasewakan ora awor suh, wus gumolong sa-djuru2ne.
  5. Mas Totok dadi djuru basa ing Deparlu.
  6. Jen kowe djiarah menjang Palar, nemonana djuru kuntjine disik.
  7. Dadi djuru mudi mono ora enteng sanggane.
  8. Undangna djuru tambange aku arep njabrang.

D. Klumpuking djuru ngarang ing sawidjining lajang kabar, iku diarani staf redaksi. Dene sesepuhe diarani pimpinan redaksi. Punggawa kang ngurus tumindaking pagawean diarani bagian administrasi utawa tata usaha Sesepuhe diarani pimpinan administrasi utawa kepala tatausaha.
Kadjaba staf redaksi lan administrasi, ana maneh Pimpinan Umum lan Penanggung djawab. Ing kalja sapisan sangisoring djeneng, ana tulisane Edisi, kajata : Edisi Djawa Tengah, Edisi Pusat. Tegese weton utawa terbitan ...
E. Petikan ing duwur iku ngokokna!
III. PARAMASASTRA.
Tembung2, serat kabar, kalawarti, pariwara iku tembung tjamboran apa manut wudjude? Manut tegese tembung jamboran iku kena kapilah dadi : [ 15 ]1. Tjamboran tunggal, jaiku tegesing tembung2e sing digandeng mau wis manunggal utawa luluh dadi sidji.
Upamane : naga sari, semar mendem, ganda maru.
Tjamboran wudar, jaiku tembung2e isih pilah, durung manunggal.

Upamane :

tukang kaju,
lajang kabar,

kalawarti,
pariwara,

buku tulis
lajang watjan.

Tjoba tegesana tembung2 tjamboran ngisor iki !

  1. Mas Djaja kuwi enom tuwane sepira?
  2. Enon tuwa unduhana kabeh mundak dipangan tjodot.
  3. Gede tjilik saijek saeka kapti.
  4. Aku djupukna lajang kabar ing medja kae!
  5. Bapak langganan kalawarti Panjebar Semangat.
  6. Ambak botjah teka andap asor temen.

IV. KASUSASTRAN.

  1. Lajang kabar sing metu saben dina diarani apa?
  2. Tjoba ngaranana lajang kabar edisi Djateng sawatara !
  3. Kalawarti sing metune kaping loro saben sasine, uga sok didjenengke apa?
  4. Tjoba ngaranana madjalah minggon lan dwi kala basa Djawa sing wis tau kok sumurupi?
  5. Weton utawa edisi ngendi kalawarti2 mau?.

V. PARIWARA.
Pariwara iku jen tembunge saiki Iklan utawa Adpertensi.
Tjoba gawea pariwara sing isine kowe golek sewan omah ing pinggir dalan gede arep kanggo perusahaan. Kowe saguh ngontraki 10 taun!


WULANGAN V.
LAMBANG NAGARI R. I.
(SINOM)
1. Kaga Garuda mbegagah, pralambange nagri R.I. mustaka noleh mring kanan, angantjas pakarti betjik, akalung rante rukmi, tali tameng wangun djantung, gumandul aneng dada, pita putih mawa tulis, ijinengkerem kentjeng ing tjetjakar mengkang. [ 16 ]
  1. Tulis kang tinrap ing pita. tuduh wasita wigati, pan BHINEKA TUNGGAL IKA, warna-warna nging manunggil, lar pendjawat ing swiwi, pitulas jekti weh tutur, tanggal ing kamardikan, lar buntut wolu winilis, wigatine Agustus wektu gumregah.
  2. Tameng agodagan lima, Pantjasila mralambangi, rinarengga gegambaran, endas banteng rante pari, kapas lintang Nur kuning, miwah wit wringin ngrembujung: kabeh maweh Pralambang, Pantjasila kang linuwih, tetalese amranata paprentahan.
  3. Prasemone Ketuhanan, lintang Nur-Tjahja njunari, ginambar ing dasar kresna, Kerakjatan dasar langking, gambar banteng sinungging, warna ireng miwah pingul, kabangsan adedasar, putih mawa wit waringin, ron ngrembujung dadya pangajoman rakjat.
  4. Prasemon Prikamanungsan, mawa lambar dasar abrit, agambar rante kentjana, mawa kluweng warni kalih, bunder miwah pesagi, rante pralampita tuhu, mring sakeh suku bangsa, para warga nagri R.I., tita njata santosa dennja memitran.
  5. Dasar Kaadilan Sosial. warna mulus memplak putih, apepaes pari kapas. pranjata anjasmitani, gegajuhan kang inggil, mbangun pradja mamrih subur. makmur kasuwur mantja, gemah ripah loh djinawi, temah tata tentrem kalis ing duskarta.
  6. Blegere Kaga Garuda, kagambar ambabar swiwi, tjutjuk mantjas tjakar mengkang, buntut kabeh mralambangi, tenaga kang njanggupi, mbangun pradja mrih linuhung, tameng agaris malang, mralambangi kendit bumi, tanah tropen dununge indonesia.

Saking : Ngengrengan Kasusastran Djawa.
S. Padmosoekotjo.


I. MATJA.
A. Tembang Sinom duwur iku watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki !

  1. lambang Negara R.I. iku wudjud apa ? Djarani apa ?
  2. Mustaka noleh nengen iku duwe teges apa ?
  3. Bhineka Tunggal Ika iku aweh pituduh apa ?
  4. Pira kehing pendjawat ing swiwi ? Njasmitani apa ?
  5. Pantjasila iku diwudjudi nganggo gambar apa ?
[ 17 ]
  1. Warna apa sing kanggo ndasari pambar lintang Nur Tjahja lan banteng ?
  2. Gambar pari kapas ing dasar putih mulus iku aweh sasmita apa ?
  3. Blegering Garuda iku mralambangi apa ?

B. Tembang Sinom 7 pada ing duwur iku ajo pada ditembangake bebarengan !
II. KAWRUH BASA.
A. Tembung2 kang kandel tjap2ane ing tembang duwur iku salinana nganggo dasa namane utawa tegesna !
B. Ing petikan duwur mau akeh tembung2 kawine ; kajata :
1. kaga2. kresna3. langking4. pingul
Apa tegese tembung2 iku? Lan apa tegese tembung2 iki ?

  1. kukila
  2. rekta
  3. seta
  4. Wilis

  1. sarpa
  2. dirada
  3. mina
  4. sardula

  1. rewanda
  2. turangga
  3. wisma
  4. narmada

  1. kisma
  2. palwa
  3. bantala

C. Apepaes pari kapas.
Tembung pari iku kramane pantun. Dadi swara I ing kono owah dadi un. Ana maneh tembung2 sing swara pungkasane I kramane dadi un. Tembung2 margkono iku diarani krama porem.
Tjoba goleka tulada maneh sawatara !
D.Gawea ukara nganggo tembung2 ngisor iki !

  1. wigati
  2. manunggal
  3. gumregah

  1. rinengga
  2. miwah
  3. linuwih

  1. dedasar
  2. pangajoman

III. PARAMASASTRA.

  1. Kaga Garuda mbegagah.
  2. Mustaka noleh mring kanan.

Ukara2 ing duwur iku ratjuten !
Ukara2 iku djedjer lan wasesane nidji. Ukara mangkono iku diarani ukara lamba (kalimat tunggal). Ukara2 lamba ing duwur iku kena digandeng dadi sidji, mangkene :
Kaga Garuda mbegagah, mustaka noleh mring kanan.
Ukara lamba loro (utawa luwih) kang kagandeng dadi sidji diarani ukara rowa utawa ukara tjamboran (kalimat madjemuk). [ 18 ]Rehning gandenge ukara lamba loro utawa luwih, mulane ukara rowa iku djedjer lan wasesane luwih saka sidji.
Ukara2 ngisor iki pilah2na endi sing lamba lan endi sing rowa !

  1. Suk sasi ngarep pak Sastra arep mantokake putrane.
  2. Orde Baru misuwur, Orde Lama hantjur lebur.
  3. Pantjasila uwal saka bebaja, masjarakat adil makmur enggal tumata.
  4. Lajangane pedot, adik nangis ngglolo, aku ngeneng-eneng.
  5. Dek tanggal 17 Agustus rakjat kene nganakake karamean ing daleme pak Lurah.

IV. KASUSASTRAN.
Ing pada kapindo tembang duwur mau dipratelakake, manawa lar pendjawat ing swiwi tjatjahe 17, lar buntut 8, iku mawa karep tanggal 17 sasi 8. Dene angkaning taun tinemu ing gulune Garuda kang awulu 45.
Dadi jen ngono Lambang Garuda Phajasila iku uga ngemu sangkalan, kang awudjud pepetan utawa gambar.
Wongdene sing diarani sangkalan iku pengetan angkaning taun kang diwudjudi mawa tembung2.
Umpamane : Nir sad estining urip.
nir = 0esi = 8
sad = 6urip = 1
Pamatjane angka kudu saka mburi.. Dadi taun 1860. Taun2 mau bisa diwudjudi sarana tembung2 djalaran tembung2 iku duwe watak angka, kajata :

  1. Watak 1. — Bumi — srengenge — rembulan — lintang.

    — Allah — Gusti — manungsa — kawula.
    — Wutuh — bunder — wangun—njata—wani—urip.

    — peranganing awak sing mung sidji : Sirah — ati — buntut.
  2. Watak 2. — Apa2 sing djodo : Panganten—kembar—mripat—kuping — tangan— swiwi — suku— sungut — bau—pipi—alis. Sipat utawa krijane tembung mau, kajata: mireng—nembah —ndulu—mabur mlampah.
  3. Watak 3. — Geni—urub—benter— djurit — tandang — guna — putri—estri—welut—tjatjing.
[ 19 ]
  1. Watak 4. — Banju — kali — segara — wening — warni — keblat djaman. Panggawe — karja — kreta.
  2. Watak 5. — Angin — gegaman — piranti — srana — tata — marga — dalan — pandawa — galak — bisikan — tilem — paturon — alas.
  3. Watak 6. — Rasa — pahit — saketja.

    — Obah — hojag— retu — susah — tjegah.

    — Uwit — mangsa — wajang — tawon — kombang.
  4. Watak 7. — Pandito — gunung — ardi — kapal — tunggang — ageng — swara — tembung - wulang -suka - bungah.
  5. Watak 8. — Gadjah —tjetjak -esti- linuwih — naga- sawer — baja — slira — bebaja — brahmana. Wanara.
  6. Watak 9. — Bolongan—lawang—gapura—guwa—terus— dewa — seneng — nrima — rai — ganda.
  7. Watak 10 — Suwung-kotong — lowong- sirna-pati-rusak-ilang—lunga-tanpa-langit-mumbul-duwur-antara-adoh.

V. KARANGAN.
Tjoba ngaranga tembang matjapat kena Sinom, Putjung, Kinanti Isp. keh2e 3 pada. Irah2ane pilihen salah sidji :

  1. Gegajuhanku.
  2. Kuwadjibaning murid.
  3. Bapa bijung.
WULANGAN VI
LAMIS.

Ewuh ............ wuh aja
O.......... ndara!

Ndara paring wasita,
mring pra siswa ing sana wijata :
"Heh, pra putra,
kita urip-ing djaman merdika,
tan ana ndara lan kawula,
kabeh tinitah adradjad pada,
dening Gusti kang murbeng bawana”

[ 20 ]

Nanging..........
O..........ndara !
Eman temen dene kedaling watjana.
tan mandes tumekeng nala!

O..........ndara
ing wisma
ndara ngruda pari peksa
ulun paduka peksa
ngaturi “ndara” dateng djenga ndika
miwah sagung para putra.

Ndara..........
paduka sudjanma tama
nanging..........
punapa teka "lamis” ing sabda ?

Punapa punika ndara,
kang sinebut :
”Sabda pandita nata”?

Kawula kagugah anggatra sastra
Dening: Nji Sudrapapa.


I. MATJA
A. Karangan duwur iku watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki!

  1. Karangan duwur iku isi piwulange sapa marang sapa?
  2. Karangan duwur iku digubah ing djaman apa? Larikan endi kang nelakake wangsulanmu iku?
  3. Apa Gusti Allah iku pilih kasih tumrap marang umate?
  4. Apa wosing piwulang ing watjan duwur iku?
  5. Si ndara apa bisa nglakoni dewe piwulange mau?
  6. Genea si ndara ditembungake “lamis”?
  7. Apa karepe pangripta kanti pitakon "Punapa punika ndara Kang sinebut Sabda pandita nata?”
  8. Dek kapan riptan duwur iku ginubah?

B. Karangan duwur iku watjanen sing patitis !
II. KAWRUH BASA.
A. Tegesna tembung kang kaetjap kandel ing karangan duwur iku!

20 [ 21 ] B. Gawea ukara nganggo tembung2 ngisor iki !

  1. ewuh aja
  2. ewuh pakewuh
  3. kewuhan
  4. baja pakewuh

  1. lelamisan
  2. sabda
  3. wawan sabda
  4. sagung

C.Eman temen dene kedaling watjana. Penganggone tembung eman ing ukara iku ora mapan. Tembung kuwi djarwan tembung sajang Indonesia. Benere: Kutjiwa temen dene ..........
Panganggone tembung eman kang bener mangkene :
Sega goreng iku adja kok buwang, eman-eman.
Luput-luput mangkono iku saiki wis ngembrah. Sing guneman ora krasa jen luput, ngretine jen dituduhake.
Tjoba ukara ngisor iki benerna.

  1. Arep sowan mrana, nanging #aen ana wektune.
  2. Kesah dateng kamas kula.
  3. Saking salebeting siti medal toja.
  4. Anggenipun njurung sakijat-kijatipun.
  5. Pamendetipun sakatah-katahipun.
  6. Salah satunggaling kantja kula wonten ingkang sampun dados Dokter.
  7. Ngantos sapunika dereng wangsul.
  8. Tetijang ing ngriki punika sabagean ageng sami tetanen.

D. Tembung ewuh aja, iku garbane tembung loro kang ateges banget.
Ana maneh panunggalane tembung mau. Tjoba titik2 iki isenana

  1. Adja mukir, luputmu wis tjeta. .....
  2. Banda warisan iku diparo .... didum anak loro.
  3. Genea memitrane Darma karo Kamta iku teka pedot ....
  4. Melehake uwong teka sok.... tanpa tedeng aling2.
  5. Utangku arep dak bajar.... adja kuwatir.
  6. Saking wedine lawange diineb ......
  7. Bareng bapakne rawuh botjah2 mau bandjur tjep ......ora pada regedjegan maneh.
  8. Saking ora sranta lemarine dibukak .. ..

III. PARAMASASTRA.
A. Ewuh aja, O......ndara b. Ja wis rada tuwa.
Balia disik ! Tukua katjang kanggo tjagak elek.

21

[ 22 ]Manut paketjapane : aja lan balia loro-lorone mawa swara j : nanging panulise ora pada. Sidji mawa j ; sidjine tanpa j. Mangkono uga tembung : tuwa lan tukua. Paketjapane mawa swara w kabeh, nanging panulise ora sidji. Supaja ora kliru panulise, kudu ngelingi patokane, mangkene ;
  1. Aksara ; w kang sumambung ing swara ; mutawa oe, iku kudu katulis, samono iku jen dumadine w lan ja mau ora djalaran saka dajaning ater? utawa panambang, Kajata ;

uwit, kuwat, owah, rowang, ija, prija, ejub, kejong.

Dene jen tukuling swara ; w lan ja mau marga saka ananing ater2 utawa panambang, aksara w lan j ora kena katulis.
Kajata ; kalakuan, bodoa, karia, sesadean.

B. Paduka sudjanma tama, nanging lamis ing sabda. Ukara iku asale saka ukara lamba. 1. Paduka sudjanma tama. 2. Paduka lamis ing sabda.
Dadi ukara ing duwur iku ukara rowa utawa ukara tjamboran sedjadjar. Rehne ukara lamba loro iku ana perangane sing pada, jaiku paduka mulane perangan kang pada mau tjukup didjupuk salah sidji, Ukara rowa mangkono iku diarani ukara rowa rapet. Ing basa Indonesiane ditembungake kalimat madjemuk rapatan.

Tulada lijane ;

  1. Minggu ngarep bapak arep tindak Djakarta.
  2. Minggu ngarep aku arep pariwisata karo kantja akeh,

Minggu ngarep bapak arep tindak aaa aku arep pariwisata karo kantja akeh.
Tjoba gawea tulada maneh telu bae.

IV. KASUSASTRAN.

A. Gubahan duwur mau jasan tahun 1961. Bab iku katjeta ing sangkalan ing sangisoring gubahan kang muni ”Kawula kagugah anggatra sastra”.

Tjoba iki taun pira ?

  1. Dwihasta ngesti ratu.
  2. Kaja wulan putri iku.
  3. Nembah muluk ngesti adji.

22 [ 23 ]

  1. Banjuning djaladri nelesi bumi.
  2. Naga muluk tinitihan djanma.
  3. Meleng terus ngesti pepadang.
  4. Tri sawa muni tunggal.
  5. Rupa sirna retuning bumi.
  6. Loro naga rasa tunggil.
  7. Buta lima ngojak djagad.

B.Sapa sing nganggit gubahan duwur mau ?
Nji Sudrapapa iku kira2 apa asma sing salugune ?
Asma sing dudu salugune iku diarani asma sesinglon. Ing basa Indonesiane diarani : nama samaran. Kadjaba asma sesinglon, ana maneh sing diarani sandi asma. Jaiku asma kang tinemu ing sesambunganing, gatra ing tembang.

Tulada :

Kinanti sudjanma hidup, mardi mardaweng palupi,

tama tumanem mrih bisa, susulange djanma nguni,

winuruk ing tapa brata, tatane wirid puniki.

(Dening : Marioneng).

Sapa asmane pangripta tembang iku ?
Sapa asma sesinglone?
V. KARANGAN — DEKLAMASI.
A. Tjoba gawea karangan awudjud puisi bebas (puritananjar)
Ing karangan duwur mau!
irah2ane miliha dewe !
B. Tjoba karangan duwur mau deklamasekna !

WULANGAN VII.
EWAH GINGSIRING BASA DJAWI.

Nuwun, sampun kapara dangu tur sanget, kula kepengin tumut leledang ing Medan Bahasa (Basa Djawi) ngriki, nanging saben2 tansah mangu2, adjrih manawi basa lan tetembungan kula boten patosa mangretosaken awit rumaos bilih basa kula punika sampun bangsanipun ingkang patut mlebet kotak. Kula saged mastani makaten, awit saben2 maos karangan ingkang sami kapatjak wonten ing Medan Bahasa ngriki, mesti mrangguli tembung utawi tjengkoking ukara ingkang ing djaman neneman kula boten kaprah utawi beda panganggenipun.

23 [ 24 ]Inggih kawontenan malaten punika ingkang ndadosaken mangu-manguning manah kula. Nanging sareng kula ngengeti, bilih Medan Bahasa punika pantjen kasadijakaken kangge ngrembak basa, mangu-manguning manah kula wau ladjeng itjal blas, boten wonten kakantunanipun sekedik -sekedika. Saupami karangan kula punika boten kangge ageng-agengipun inggih namung kabutjal lan mboten kapatjak, mokal manawi kula ladjeng tampi pidana.
Sigeg. Gantjaring tjarios, ingkang bade kula andaraken ingngriki punika :
Panganggenipun tembung : saged (bisa) lan : kenging.
Ing Medan Bahasa ngriki, boten sakedik kula mrangguli tembung : saged lan kenging ingkang panganggenipun beda kalijan djaman neneman kula. Punapa punika saking pangari-bawaning basa mantja kula boten saged matur. Kadosta :

Tumrapipun djaman Padjang saha Mataram, sesetutan "pangeran" punika saged kagandjaraken dateng para. bupati ingkang ageng lelabetanipun dateng pradja. (Petikan saking Medan Bahasa). Tembung : saged ing nginggil punika menawi djaman neneman kula, kasantunan tembung : kenging Dados : Tumrapipun djaman Padjang saha Mararam sesebutan "pangeran” punika kenging kagandjaraken dateng para bupati ingkang ageng lelabetanipun dateng pradja. Dans menawi bade ngangge tembung : saged, ukaranipun kados ing ngandap punika:. Tumraping djaman Padjang saha Mataram, para bupati ingkang ageng lelabetanipun dateng pradja, saged angsal gandjaran sesebatan pangeran.

( Tjandrawarti Medan Bahasa- Prawiramartaja)


I. MATJA.
A. Petikan duwuriku watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki!

  1. Apa lagi bae pangripta kepengin leledang ing Medan Bahasa iku? Ukara endi kang nelakake wangsulanmu iku ?
  2. Apa sababe dene pangripta duwe rasa mangu2 ?
  3. Pangriptaning andaran duwur iku klebu golonganing prijaji sepuh apa prijaji gagrag anjar? Alasanmu apa ?
  4. Kalawarti Medan Bahasa iku kanggo adjanging apa ?
  5. Apa ta sing dadi underaning andaran duwur iku ?

24 [ 25 ]

  1. Apa ija njala jen Basa Djawa iku owah gingsir ?
  2. Basa sing tansah owah pingsir manul lakuning djaman, iku diarani basa kang kaprije ?

B. Petikan duwur iku waljanen sing patitis !
C. Petikan duwur iku ngokokna !
II. KAWRUH BASA.
A. Apa tegese tembung2 kang kaeljap kandel iki ?

  1. Basa kang owah gingsir iku tanda basa kang urip.
  2. Dikapakna bae ora-orane jen. aku gumingsir.
  3. Jen atimu isih mangu2, prajogane adja sida, mangkat,
  4. Maos karangan ingkang kupatjak wonten ing medan Bahasa,
  5. Pantjen wis mangkono patjakane mula angel diowahi.
  6. Basa patjakan uga diarani basa rinengga.
  7. Kapan anggonmu matjak njambut gawe.
  8. Wajah ngene teka majak iki arep menjang ngendi.
  9. Wong wis dipatjaki kaja ngono teka meksa diterak bae.
  10. Para geriljawan bandjur pada patjak baris ana ing tlatah

Irian Kulon. B. kula kepengin tumut leledang ing Medan Bahasa ngriki, Tembung leledang ing ukara iku dudu tegese kang lugu, nanging ateges entar. Dene tegese kang lugu : dolan2, ngleledjar ati. Tjoba tembung2 iki pawenen ukara kang ateges lugu nuli kang ateges entar !

  1. adem
  2. dawa

  1. tjupet
  2. djembar

  1. amba
  2. putung

  1. meres
  2. ndjundjung

C. Penganggone tembung : saged lan kenging saiki pantjen wor-suh. Nanging minangka paugeran, tembung ; saged kaja2 ora tau binarengan tembung : dipun utawa rimbag : tripurusa.
Murih tjetane, tjoba ukara2 iki katandingna.

  1. Seratanirun awon sanget, boten saged dipun waos.
    Seratanipun awon sanget, boten kenging dipun waos.
  2. Lare punika boten saged dipun pitados.
    Lare. punika boten kenging dipun pitados.
  3. Lemantun kula boten saged dipun bikak.
    Lemantun kula boten kenging dipun bikak.

25

[ 26 ]D. Awit rumaos bilih basa kula punika sampun bangsanipun ingkang patut mlebet kotak. Mlebet kotak iku ateges wis ora ndjaman

sok2 uga ditembungake mlebu musium utawa kepantjal sepur. Mlebu kotak uga sok kanggo nelakake kalah. Kajata Djliteng djarane pak Karman mlebu kotak ing babak penjisihan.
Tjoba tegesna unen2 ngisor iki!

  1. Njolong petel sasangkal-sangkale.
  2. Ora sijut ngampiri kowe.
  3. Adja ngaja mas, mundak gelis tuwa.
  4. Klambi tambalan kok dikon nganggo siin aku.
  5. Sanadjan tebih tur mangsuk lesus ageng, manira merlokake nderek sowan.

III. PARAMASASTRA.
Kula kepengin tumut leledang ing Medan Bahasa ngriki nanging saben2 tansah mangu2. Ukara iku ukara lamba apa ukara towa? Jen ukara rowa, rowa sedjadjar apa rowa rapet?
Kula rumaos, bilih basa kula: punika sampun bangsanipun ingkang patut mlebet kotak.
Ukara ing duwur iku kadadean saka ukara :

  1. Kula rumaos.
  2. Basa kula punika sampun nbanginaipuh akan patut mlebet kotak.

Ukara loro mau kaiket dadi sidji sarana tembung pangiket bilih. Sawise dipandeng ukara² mau ora kabeh bisa madeg dewe2.
Sing bisa madeg dewe mung ukara : Kula rumaos.
Ukara : Basa kula punika sampun bangsanipun ingkang patut mlebet kotak, ora madeg dewe, nanging mung dadi perangane ukara No. 1. Ukara rowa kang mangkono iku diarani ukara rowa susun. Ing basa Indonesiane diarani “kalimat madjemuk bertingkat”
Tulada lijane :

  1. Kula ngengeti, bilih Medan Bahasa punika dados adjanging basa.
  2. Nalika aku isih tjilik, aku diderekake simbah,
  3. Sareng benggolipun sampun tiwas, andahanipun sami asrah

bongkokan.

26 [ 27 ]IV. KASUSASTRAN.

A. Ing djaman neneman kula boten kaprah.

Tembung kaprah ateges lumrah, wis sumrambah. Salah kaprah tegese luput, nanging wis sumrambah ing akeh, ora prelu dibenerake. Jea dibenerake malah kaku ora luwes, Rura basa iku ija klebu ewoning salah kaprah mau. Rura ateges rusak. Ruru basa tegese basa rusak, nanging wis kaprah.

Upamane : nggodog wedang.

Wedang mono rak wis mateng teka digodog. Nanging jen dibenerake dadi nggodog banju, tegese bandjur beda, ora lumrah

Tulada maneh;

  1. nguleg sambel
  2. adang tiwul
  3. menek krambil

  1. ndjodjoh djadah
  2. mbunteli tempe
  3. ngenam kepang

B. Kadjaba rura basa, ana maneh kerata basa. Jaiku negesi tembung sarana kapirid wanda utawa paketjapane.

Upamane : wedang ditegesi gawekadang. Negesi tembung mangkono mau mesti bae luput, Amargo wedang mono ateges we(banju) didang (digodog).

  1. krikil = keri neng sikil.
  2. tandur = nata karo mundur.
  3. kotang = sikute diutang.
  4. garwa = sigaraning njawa.
  5. siti = isi bulu bekti,
  6. tepas = titip napas.
  7. tebu = antebing kalbu.
  8. brekat = mak breg diangkat.

V. SESORAH / PIDATO.

Tjoba gawea andaran kang disesorahake ing ndjero klas, mawa irah2an : Ngemi—emi Basa Djawi. Isine : a Basa Djawa wasijat tilarane para leluhur.
b. Basa Djawa isih dadi basa ing pasrawungan Djawa.
c. Basa Djawa gede pisumbange tumrap marang basa Kesatuan Indonesia.

d. Mulane Basa Djawa kudu tansah di-emi2.
[ 28 ]
WULANGAN VII.
KETUHANAN KANG MAHA ESA.
Pemuda : Inggih sampun dong. Samangke ingkang tumrap bangsa kados pundi ?
Guru : Sarehne pada tunggal pangidep, jaiku piandele kabeh marang Tuhan kang Maha Esa, dadi rumangsa tunggal asal, tangkepe sidji lan sidjine kaja sadulur, nek wis insaf temenan pantjen ija sadulur, Lajen wis mangkono persatuane saja santosa, tanggung djawabe marang Negarane saja rosa, gotong-rojonge saja mundak lega-legawa, Nek wis urip rasanebersatu apa analijan bangsa sing bisa metjah belah maneh? Mulane perlu banget rasa ke-Tuhanan iku dideder ana ing atine bangsa. Sabab satemene uwong sabangsa sing tanggung djawab marang adege Negarane. Ringkih utawa santosane, gumantung marang karukunane bangsa sing ngaku duwe Negara iku. Dadi sanjatane adedasar Ketuhanan iku, temen dadi tetali lair lan batine bangsa. Bangsa sing rasane persatuan wis ora bisa petjah maneh ora keguh marang pambidunge kamelikan sing nedya nguntungake awake dewe2, Bangsa sing kaja mangkene iki sing sinebut tetungguling bangsa. Apa bangsa Indonesia bisa anggajuh dadi tetunggul? Djandji temen² sarta ora ginggang karo dedasar ketuhanan insja Allah bakal kelakon.
Pemuda : Sapunika tijang ingkang adedasar ke-Tuhanan kados pundi?
Guru : Wong sing adedasar ke-Tuhanan iku, ija wong sing ngluhurake Tuhan lairlan batine tegese ora tjukup mung muni ngluhurake, utawa ora mung ngaku pratjaja marang Tuhan. Mangkono mau lagi ama ing kalahiran. Dene jen ija batine ngluhurake, amesti katitik ana ing watak lan pakartine, kaprije tradjange “terhadap” marang wong2 sakiwa-tengene, utawa kaprijetangkepe karo wong sing srawungan karo deweke. Sapa sing temen2 angluhurake, mesti marsudi bisane kanggonan sipating Tuhan, apa sutjine, asihe adile murahe lanlija-lijane salah sidji, ora ketang mung sadumil, rak ketok nek diprasudi. Dadi jen ora marsudi betjik ing watak, olehe ngluhurake iku durung ganep. Sawarnaning betjik iku dadi sipate Tuhan, dadi wis ora perlu rebutan rembug. Mung tjak-tjakanane bae kaprije, lah mangkono kuwi njata lan bukti.

(Pantjasila Dasar masjarakat Tndonesia-Sastrawirja ).

I. MATJA.
A. Petikanduwuriku watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki! [ 29 ]

  1. Petikan duwur iku isi wawan guneme sapa karo sapa?
  2. Apa sing ndajani tangkepe sidji lan sidjine kaja sedulur ?
  3. Ringkih lan santosaning Nagara iku gumantung marang apa?
  4. Bangsa sing keprije sing disebut tetungguling bangsa iku ?
  5. Apa bisa bangsa Indonesia dadi tetunggul? Apa sarate?
  6. Wong sing adedasar ketuhanan, iku wong sing keprije?
  7. Wong sing batine ngluhurake Tuhan, amesti ngudi apa?
  8. La wong sing temen2 ngluhurake Tuhan, iku ketitik ing apane ?

B. Petikan duwur iku watjanen sing patitis!
II. KAWRUH BASA.
A. Gawea ukara nganggo tembung2 ngisor iki !

  1. tunggal
  2. manunggal
  3. metjah belah
  4. bala petjah

  1. satemene
  2. tumemen
  3. insa Allah
  4. Allah tangala

B. Keprije tradjange "terhadap" marang wong2 sakiwa tengene.
Tembung tengen ing tembung sakiwa tengene iku minangka gandengane tembnng kiwa.
Titik2 ngisor iki isenana. gandengane !

  1. Ija pardjenengane iku sing ngasta bang2..........negara.
  2. Abang.............ana aku dewe..........
  3. Sing sabar olehmu gendon ........... karo sisihanmu !
  4. Muga olehmu djedjodohan bisa tutug nganti kaken2........
  5. Gotong ......... wis apik.
  6. WANRA iku kadjibah ndjaga tata .......... kampung.
  7. Indonesia wis kaloka mungguhing-gemah...........
  8. Karta...........nagara dadi. tudjuan kita kabeh.

C. Ora keguh marang pambidunge kamelikan.
Apa tegese tembung pambidung iku?
La apa tegese unen2 : Ambidung api rowang?
Tegesna pisan unen? utawa paribasan ngisor iki !

  1. Tedaking amara tapa
  2. Trahing kusuma
  3. Rembesing madu
  4. Ora mambu entong irus
  5. Turune andanawarih

  1. Matang tura numbak luput.
  2. Kesandung ing watang
  3. Kesandung ing rata

Kebentus ing watang

[ 30 ]D. Titik2 iki isenana endi sing matuk.
  1. Wong perang tanding ditembungake ngedu wuleding . . . . atosing . . . .
  2. Ora pati2 mudar . . . jen durung entuk wewenganing . . . .
  3. Wong urip mono adja nggedekake . . . .
  4. Wong kang gawe kebetjikan, bakal . . . . angunduh . . . . ing pagawe. Mongkono uga kang ndeder . . . .
  5. Pambegane para geriljawan Indonesia sing pada didrop ing Irian kulon wedi. . . . wani . . . .
  6. Wong kang ora tau entuk piwulang betjik, ditembungake : ora tau mangan . . . .
  7. Jen kowe kepengin dadi warga P.G.T. kudu banda . . . . sugih . . . .
  8. Olehe njambut gawe direwangi nungsang ndjempalik, ngetok . . . ngepuh. . . . .

  1. kesenengan
  2. wuruk
  3. karosan
  4. mati
  5. tapa
  6. kringet
  7. ati
  8. kasudiran
  9. balung
  10. woh
  11. piala
  12. kulit
  13. wirang
  14. kawanen

E. Pangandikane Guru ing petikan duwur iiku kramakna !
III. PARAMASASTRA.
Ketuhanan Jang Maha Esa.
1. Manut djinising tembunge, tembung Katuhanan iku klebu tembung aran (kata benda). Tembung aran iku ana sing maudjud (kongkrit), ana sing ora maudjud (abstrak) Tjoba goleka tulada nglima bae.
2. Tembung kang klebu djinising tembung panjilah (katasandang)
Tembung2 panjilah lijane, kajata : si, sang, sing iku, mau, e, (ne)
Tulada ing ukara
Si Dadap teka ora katon !
Sang Bagawan lagi imbal watjana karo para tjantrik.
Sing dawa ketoken satitik.
Manungsa iku titah kang luhur dewe.
Pite Dana mau arep dituku Rp, 900,—
Mulihe adimu mengko djam pira?
Sing ngati-ati nggawa pit iku kuntjine ora ana!
3. Maha iku djinising tembung kaanan (kata keadaan) [ 31 ]Tembung kaanan mono tembung2 kang nerangake watak sipat utawa kaananing samubarang.
Goleka tulada tembung kaanan lima bae ing ukara!
4. Esa ateges tunggal utawa sidji. Mulane klebu djinising tembung wilangan. Tembung wilangan mono ana sing gumatok, kajata : lima, selawe, suwidak, rong atus; ana sing durung gumatok, upamane; akeh, sawatara, samene, Isp, Ana tembung wilangan baku, upamane : sidji, pitu, sepuluh Isp, Ana tembung wilangan kang nelakake kapira, upamane : kapisan, ketelu, kanem Isp.

IV. KASUSASTRAN.

Tembung kaanan iku tembung kang nelakake kaprije kaananing samubarang.
Kaananing alam sok ditjandra mangkene :

  1. Sotya murtja saking embanan — Mangsa kasa.
    witwitan pada brindil
  2. Bantala rengka — Mangsa karo,
    lemah pada nela.
  3. Suta manut ing bapa — Mangsa katelu,
    wit gembili pada mrambat.
  4. Waspa kumembeng djroning kalbu — Mangsa kapat.
    tuk pada pipet.
  5. Pantjuran mas sumawur ing djagad — Mangsa kalima.
    wiwit akeh udan.
  6. Rasa mulja kasutjian — Mangsa kanem.
    Ungsum woh-wohan mirasa.
  7. Wisa kentir ing maruta — Mangsa kapitu.
    akeh lelara.
  8. Andjrah. djroning kajun — Mangsa kawolu.
    mangsane kutjing gandik.
  9. Wedaring watjana mulja — Mangsa kasanga.
    gangsir ngentir.
  10. Gedong minep djroning kalbu — Mangsa kasepuluh.
    mangsane kewan meteng manuk ngendog.
  11. Sotya. sinara wedi — Mangsa sewelas.
    mangsane manuk ngloloh.
  12. Tirta sah saking sasana — Mangsa rolas.
    mangsa padiding,
  13. [ 32 ]Tjandra kaananing alam iku ija diarani tjandraning mangsa.
    V. SANDIWARA.
    Wawan guneme guru lan pemuda mau tindakna ing ngarep kelas. Ukara2-ne kena digawe luwih prasadja, tjekak aos.
    Isine sing enteng wae !
    WULANGAN IX.

    GAGASANE WULU TJUMBU.

    Wulu Tjumbu iki umure wis akeh banget, Tau nate menangi djaman rupa-rupa. Tau menangi djaman kang kuwasa Radja2, dibantu para Ngulama. Tau menangi sing kuwasa kaum Bordjuis, kapitalis. Tau menangi kuwasane kaum Imperialis lan nate menangi panguwasane kaum Kolonialis.

    Miturut panemune si Nala Gareng, sadjatine sing ngrusak2-ake masjarakat iku sing Kapitalis, Pegaweane Kapitalis-iku numpuk2 banda meres rakjat umum, nganti pada dadi mlarat. La si Kapitalis iku duwe anak arane Imperialis. Imperialis duwe anak sing djenenge Kolonialis. Si Imperialis lan Koloniaiis iku, pada ngumbara saka djagad kulon mengetan menjang Asia. Ora mung ngetan menjang Asia tok, uga mlaku ngidul menjang laladan Afrika. Imperialis/Kolonialis iku nindakake kuwadjiban nguwasani wilajah Asia — Afrika iku kanggo makani si Kapitalis supaja subur lan dawa umure.

    Rehning Kapitalis iku ngrusak masjarakat, mulane si Petruk Kantongbolong duwe panemu, jen Kapitalisme, jaiku pahame kaum Kapitalis, kudu digempur nganti lebur, diganti paham lija kang bisa agawe kepenake Rakjat umum. Panemune si Petruk mangkono iku dibenerake dening si Bagong, kanti keterangan, kita ora bakal bisa nggempur si Kapitalis, jen anak lan putune ora digempur disik. Jen Imperialisme lan Kolonialisme durung remuk bubuk dadi awu, Kapitalisme mesti isih mentelês bae. Sebab si anak lan putu iku sing dadi benteng pertahanane Kapitalisme.

    Marga anake tetelu mau pada umjek tukar penemu. Ki Lurah Semar bandjur melu urun rembug. Penemumu iku bener kabeh tole! Mulane kita netepake garis perdjuangan mangkene: Kang dihin njusun kekuwatan ing Rakjat mlarat kang ditindes dening Kolonialis, Rakjat melarat iku ja aku kowe barang iki kudu bersatu padu gujub-rukun njusun kekuwatan kanggo nggempur Kolonialis.
    ( Sumbangsih ) [ 33 ]I. MATJA

    A. Watjanen batin sing titi petikan ing duwur kuwi, nuli wangsulana pitakon2 iki.

    1. Sapa bae wulu tjumbu sing lagi pada ngumbar gagasan iku ?
    2. Sapa sing ndjalari kasangsarane rakjat manut panemune Nala Gareng ?
    3. Apa sababe dene kok mangkono ?
    4. Ja gene Imperialis lan Kolonialis kuwi pada ngumbara menjang Asia lan Afrika ?
    5. Apa kuwadjibane Imperialis / Kolonialis mau ?
    6. Kaprije jarane nggempur Kapitalis manut panemune siBagong?
    7. Kanggo nggempur Kolonialis, Imperialis lan Kapitalis mau kudu nganggo kekuwatane sapa ?
    8. Jen paham tetelu mau wis antjur, bandjur disalini, paham lija sing ngepenakake rakjat. Paham apa sing kita anggo ing Indonesia iki ?

    B. Petikan duwur iku watjanen sing patitis.
    II. KAWRUH BASA.
    A. Pagaweane kapitalis iku numpuk2 banda, meres rakjat umum. Tembung meres ing ukara kuwi teges lugu apa entar ?
    Tjoba unen2 iki trapna ing ukara, jen uwis tuduhna endi sing teges lugu lan endi sing entar.

    l. meres krambil
    3. meres klambi

    2. meres uteg
    4. meres (ngepuh) kringet.

    B. Tembung meres rakjat iku meh pada tegese karo tembung saiki exploitation de l'homme par l'homme.
    Apa tegese tembung anjar kuwi ? Tegesana pisan tembung2 sing ditjap kandel ngisor iki.

    1. Bangsa Indonesia gandrung „Dunia Baru” sing tanpo exploitation de nation par nation.
    2. Mulane bangsa Indonesia wani vivere pericoloso.
    3. Potensi nasional ditumplek bleg kanggo ngundakake produksi pangan.
    4. Ngemot katrangan sing gamblang tumrap foolow up ngamalake Pantjasila. [ 34 ]
    5. Djepang kepengin dadi mediator ing „sengketa” iku.
    6. Deweke oleh dispensasi mbaleni sapisan maneh.
    7. Rakjat Djawa Tengah wis bisa swasembada ing bab pangan.
    8. Daerah2 kudu bisa wiwit ambangun sarana swadaja daerah mau.

    C. Ukara ngisor iki owahana !

    1. Lare ingkang dipun pitakeni mangsuli, tembungipun : Wangsulanipun ..........
    2. Saking anggenipun bodo, mila inggih taksih tjlola-tjlolo. Kabekta ...........
    3. Kula asring boten mlebet sekolah, awit pidjer sesakiten kemawon Sarehne..........
    4. Sakesahipun saking ngriki ladjeng boten wonten wartosipun malih. Wiwit ...........
    5. Saka kandane murid2 ing kene, pak Wignja arep pindah. Djarane .........
    6. Kadjaba tampa beras saben sasi, ija tampa tjadongan gula. Ora mung sae ............
    7. Akeh kang pada duwe pangira, manawa Presiden iku mukti wibawa. Saka .........
    8. Kasregepane Titik iku ngungkuli kantja-kantjane ing klas kono Pada-pada ...........
    9. Pak Guru tinresnan dening para murid, amarga pintere mulang. Sarehning .......... utawa: Mulane........
    10. Wong saomah mau kaja lagi pada nemu kabegdjan, katanda saka polatane bingar. Nitik ...............

    D. Si Petruk Kantongbolong duwe panemu, jen Kapitalisme kudu digempur nganti lebur, diganti paham lija sing bisa gawe kepenake rakjat umum. Tembung diganti ing ukara iku prajogane disalini tembung .............
    Tembung2 kang kaetjap kandel ngisor iki salinana nganggo tembung lija sing luwih trep. !

    1. Guru-guru sami kempalan.
    2. Sesakit-sesakit wau sampun kasumerepan ing Dokter.
    3. Wewahan-wewahan wau adapur pamanggihipun para djuru nganggit.
    4. Aku dikongkon njritakake sesurupanku. [ 35 ]
    5. Saiba nepsune bareng weruh sabake dipetjahake adine.
    6. Gandeng kalijan kirang djawah, taneman pantun katah ingkang pedjah.
    7. Lare2 sami prei satunggal wulan.
    8. Sampun dumugi papan ingkang dipun tudju.
    9. Ing desa kono pak Merta kaja dene dukun.
    10. Ing daerah Djawi Tengah rakjat sampun tentrem gesangipun.

    E. Petikan duwur iku kramakna :
    III. PARAMASASTRA.
    A. Pegaweane Kapitalis iku numpuk banda, meres rakjat umum, nganti pada mlarat.
    1. Tembung numpuk, meres, iku nelakake pagawean utawa krija Mulane tembung2 iku klebu djinising tembung krija (katakerdja). Tembung krija mono ana sing awudjud :

    a. Lingga = adus, lunga, dolan lsp,
    b. Andahan = nggawa, nindakake, nukoni lsp.
    Ana krija : a. Tanduk = ngawe, mbalangi, njapokake lsp.
    b. Tanggap = digandeng, kokgawa, daktuku lsp.
    Ana krija : a. mawa lesan (transitif)-metjah krambil, nubruk lsp.
    b. tanpa lesan (intransitif)— wudune metjah, ndingkluk lsp.


    2. Nganti iku tembung pangiket (katasambung).
    Tembung pangiket mono warna2, kajata :

    a. Pangiket prasadja : karo, lan, kambi, lawan, tuwin, apadene.
    b. „ kosokbalen : nanging, ewadene, mangka, suprandene, ewasemono.
    c. „ karana : rehne, awit, sabab, djalaran, amarga, wong.
    d. „ mangsa : dek, nalika, rikala, bareng, samangsa.
    e. „ ubaja : jen, angger, manawa, upama, saupama.
    f. „ sumengka: sanadjan, sanadyan, nadyan.
    g. „ tudjuan : supaja, kareben, murih, tjikben.


    B. Kadjaba kang kasebut ing duwur, ana maneh djinising tembung:

    1. Tembung antjer2 (katadepan) :
    a. ing : Ani lungguh ing kursi.
    b. menjang : Bapak tindak menjang Sala.

    [ 36 ]marang : Lajang iki kirimna marang adimu.

    c. saka : Ibu rawuh saka pasar.
    d. dening : Sirna dening aku kowe !
    2. Tembung sabawa (kataseru)
    Tulada : E, adja sembrana !

    O, kowe ta iki mau !
    Lo, rak nekat ! Isp.

    IV. KASUSASTRAN.

    Petikan duwur mau basane gantjar apa sekar ?
    Para pangarang djaman anjar iki ratjake pada seneng gawe karangan kang basane basa gantjaran.
    Buku2 kang abasa gantjar mau upamane :
    1. Mitradarma jasan swargi R.T. Jasawidagda.
    2. Serat Rijanto „ RM. Sulardi.
    3. Ngulandara „ Swargi Margana Djajaatmadja.
    4. Djodo kang pinasti jasan Sri Hadidjaja.
    5. Serat Gerilja „ Sri Hadidjaja.
    6. Kemandang jasan Senggana.
    7. Kembang kantil „ Senggana.
    8. Kidung wengi ing gunung gamping jasan Ismaniasita.
    9. Dongeng sato kewan jasan Pak Prijana Winduwinata.

    Tjoba goleka silihan buku2 ing duwur iku nuli watjanen. Jen wis gawea ringkesane !
    V. SANDIWARA.
    Tjoba sandiwarakna, Semar, Giang Petruk, lan Bagong lagi pada mudar gagasan bab :

    1. Gotong Rojong,
    2. Pangudi enggale maudjud masjarakat adil makmur.
    WULANGAN X.
    ANAK PUTU KANG BAKAL NGUNDUH NANG-NANGANE.

    „Para mitra kabeh”, mangkono rembuge Santiago wiwit djaman kuna makuna, leluhur kita tansah paring pepeling manawa bumi Sangir Talaud iki kudu dikukuhi jen nganti ana parangmuka kang ngrobasa. [ 37 ]Bumi Sangir Talaud iki bumi sutji kang kanggo lair, dewasa lan urip kita. Mulane samangsa ana parangmuka kaja dene tekane bangsa Landa iki, kita belani lan pantes ditohi pati. Tjekake tumekaning delahan mesti kudu dirungkebi”.

    Para kawula, para anung-anunging pradja sarta para radja saur manuk njarudjuki Santiago.

    „Awit saka iku, mitra, suwawi kita saiki pada tata-sasamek- taning juda. Ora wurung iki mengko mesti bakal ana peperangan”.

    Kang pada diadjak wawan rembug krungu kandane Santiago mangkono mau saja abang praupane, mratjihnani jen sadjroning batin pantjen wis muntab. Rasa ora narimakake bumi kalairane diidak bangsa Landa saja mbaludag.” Nanging mitra, kabeh bae tak djaluk adja nganti tinggal kaprajitnaning batin. Djalaran sanadyan kita saiki wis golong-gilig wani ngadepi pokale Landa, nanging sadjatine kita mesti duwe mungsuh Landa kang akulit sawo mateng. Sebab sanadyan aku pratjaja jen kabeh iki wis sapatemon karo aku, nanging mesti ana sidji loro mitra sedjene kang gelem dadi begondale Landa. Iki mesti ana mitra ! Nanging sanadyan mangkonoa, dak djaluk kabeh bae adja was sumelang. Temenan adja kuwatir ! Lekas kita iki ngrungkebi bumi sutji kang wadjib kita kukuhi. Adedasar iku, aku pretjaja jen ing pungkasane kita mesti menang. Bisa uga aku lan mitra kabeh iki puput ing wektu iki, nanging aku pretjaja jen anak putu ing tembe mesti bakal ngunduh nangnangane”.

    Santiago tumuli nemoni gubernur Djendral. Ana sadjrone patemon mau Santiago ora bisa njarudjuki manawa dikon nandatangani, salagine Landa menjang bumi Sangir Talaud tanpa ndjaluk palilah bae deweke rumangsa ora lila banget. Djalaran tekane Landa iku dianggep tamu kang kudu netepi mara tata tjarane tamu.

    Wusanane dadi paprangan rame. Putra2 Sangir Talaud akeh kang tiwas dadi tawur. Semono uga Landa ora setitik kang dadi kurban. Ora suwe bala bantuan teka, kradjan Manganitu kinepung wakul binaja mangap.

    (Dwikala : Mekar sari)

    I. MATJA.

    A. Petikan duwur iki watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki !

    1. Sapa sing lagi mudar sabda iku ?
    2. Apa pepelinge leluhur Sangir Talaud ?
    3. Parangmuka bangsa apa kang nedya ngrabaseng Sangir Talaud?
    4. Keprije wong2 sing pada krungu rembuge Santiago mau ?
    5. Santiago meling wanti2, adja nganti tinggal kaprajitnaning batin. Apa sebabe? [ 38 ]
    6. Sapa sing dikarepake Landa akulit sawo mateng?
    7. Genea peprangan meksa ora bisa disingkiri?
    8. Sapa sing ngunduh nang2ane ing Perang antarane wadya Santiago lumawan Landa?

    B. Petikan duwur iku watjanen sing patitis !

    C. Petikan duwur iku kramakna !

    II. KAWRUH BASA
    A. Tembung2 kang kaetjap kandel ing petikan iku tegesana!
    B. Abang praupane; mratjihnani jen muntap atine : tegese nesu banget

    1. Wong sing digdaja ora tedas ing lelandep ditembungake kandel ..... utawa kulite ...
    2. Wong kang sekti ditembungake : sekti ..... ora tedas sisaning .....
    3. Tinatah ..... djinara ....... otot ...... balung ...... sungsum ..... kulit ......
    4. Geriljawan Indonesia wis kawentar kekendelane, ing paprangan, ditembungake : sugih ...... banda ...... mundur ....
    5. Wong kang djirih, ninggal paprangan, ditembungake :

    ngutjira ...... mundur...... atinggal ....... atjolong....... ora katon.....

    C. Paprangan ing djaman kuna sok ndadak nganggo sesumbar barang, djalaran bisa adu arep, gegamane mung : tumbak, pedang, keris. lsp. Jen ing djaman saiki ora mangkono, malah kudu umpetan. Sabisa-bisa ndingkik. Luwih2 djaman gerilja bijen, amarga jen adu arep mesti kalahe. Lah wong gamane mung granggang, mangka mungsuhe agaman mitralijur wah numpak tank lan montor mabur pisan.
    Tjoba titik2 iki isenana kang nelakake Sumbar utawa nantang!

    1. Adja madju sidji .....
    2. Ajo pada ngadu-singating ......
    3. Ampjaken kaja wong .......
    4. Ajo pada ngadu lungiding .....
    5. Tekakno sa ......
    6. Ajo ngadu sijunge ......
    7. Keriga tekan ......
    8. Ajo ngadu uleding ...... atosing.....
    9. Ora ilang dakkedepake, dak ......
    10. Pradjamu dakgawe ......
    11. Djerakna ...... mangsa .....
    12. Tibakna panahmu, daktamengane ......

    ) dada
    ) djagang kapuran —
    ) tjang.
    ) karang abang
    ) untal malang klakon
    ) kulit bulung
    ) madjua bareng
    ) andaka
    ) ndjala
    ) warastra
    ) tjindile abang
    ) Batara kala budimu

    [ 39 ]D. Kradjan Manganitu kinepung wakul binaja mangap. Apa tegese: Kinepung wakul binaja mangap iku ?

    Tegesna pisan unen2 nganggo tembung baja ngisor iki !

    1. Ketiban tai baja awakku. Ora ngerti apa2 teka kenadakwa!
    2. Baja wis karsaning Pangeran lelakon magkene iki.
    3. Baja kaprije teka mangkono dadine !
    4. Aku wis aprasetya nedya sabaja pati karo kowe.
    5. Adja sembrana mbebajani lho upase ula iku !
    6. Kita kudu matur nuwun dene wis uwal saka bebaja.
    7. Adja kuwatir luputmu iku ora dadi baja!
    8. Sapa baja bisa aweh pepadang?

    III. PARAMASASTRA.

    Kita saiki pada tata2 sasamektaning juda. Tembung kita ing ukara iku minangka sesulihing wong sing guneman.
    Mulane diarani tembung sesulih (kataganti ). Manut djinise, tembung sesulih mono kena kaperang dadi :
    a sesulih wong (kataganti orang).

    1. wong kapisan : aku, kula.
    2.   „   kapindo ; kowe, sampejan, pandjenengan
    3.   „   katelu ; deweke, pijambakipun.

    b. sesulih pandarbe (kataganti empunja ).

    1. wong kapisan ; bukuku, arta kula
    2.   „   kapindo ; omahmu, pit sampejan.
    3.   „   katelu : tjatetane Siti, wangsulanipun Sri.

    c. sesulih panuduh (kataganti penundjuk ).

    1. tumrap wong, barang, prakara, iki, iku, kae.
    2.   „   kaanan, mangkene, mangkono, mangkana.
    3.   „   wilangan, mene, mono, mana, (samene lsp.)
    4.   „   prenah : kene, kono, kana
    5.   „   mangsa : kapan, dek kapan.

    d. sesulih sadengah (kataganti tak tentu).
    apa2, samubarang, sawidjining, anu, sing sapa, salah sidji.
    Tembung katrangan (kata keterangan).

    1. Lajangane duwur banget.
    2. Saking nepsune praupane abang mbranang. [ 40 ]IV. KASUSASTRAN.

    Petikan ing duwur abasa gantjar apa basa sekar ?
    Para pudjangga ing djaman bijen ratjake lebda ngiket basa.
    Mulane karangan2 kala samana ratjake abasa sekar. Dene kang kawentar iug antarane Pudjangga Djawa jaiku ;

    1. Swargi R. Ng. Jasadipura I.
    2.   „   Sinuhun Paku Buwana IV.
    3.   „   K G.P.A.A. Mangku Nagara
    4.   „   R.Ng. Ranggawarsita.

    Buku2 jasane Pudjangga Djawa kang abasa sekar :

    1. Serat Rama — R. Ng. Jasadipura I.
    2. Babat Gijanti —   „  
    3. Susanasunu — R. Ng. Jasadipura II.
    4. Wulang reh — Sinuhun Paku Buwana IV.
    5. Wedatama — K.G.P.A.A. Mangku Nagara IV.
    6. Tripana —   „  
    7. Kalatida — R. Ng. Ranggawarsita.
    8. Sabda djati —   „  
    9. Serat Tjebolek —   „  
    10. Serat Tjentini — Sinuhun Paku Buwana V.

    V. TJARITA.

    Petikan duwur iku tjuplikan saka Roman Sedjarah. Tjoba goleka lajang utawa buku Roman Sedjarah nuli tjritakna isine ing klas !