Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Miturut goteking ngakeh wis diakoni jen sumbere bal2an moderen iku saka nagara Inggris. Sumebare tjela ing satengahing abad kang kapungkur. Keprije terange, durung bisa diaturake, Djalaran ing kana meh saben kumpulan lan sekolahan duwe pranatan dewe2. Sanadjan beda2, nanging uga ana bab2 sing pada.
Kehing pranatan ing pakumpulan2 lan sekolahan2 iku malah dadi pametjut murih saja madju. Wasana dek tanggal 20-10-1863 madeg Bond Nasional Inggris kang didjenengake The Football Assosiation of England.
Sawise bola-bali nganakake sarasehan, nalika tanggal 18-12-1863 kasil gawe pranatan, ja iku Code 13 pasal tjatjahe. Awit saka iku lumrahe wong2 nganggep tanggal 18 Desember 1863 iku dina laire bal2an.

Petikan saking : Mekar Sari.

I. MATJA.
A. Petikan duwur iku watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki!

  1. Kapan wiwite ana kadjuwaran balan sadonja ?
  2. Kadjuwaran bal2an sadonja kang pungkasan diadani ing ngendi? Sapa djuwarane ?
  3. Piala kadjuwaran bal2an gadenja iku djenenge sapa ?
  4. Lha jen Thomas Cup iku Piala kadjuwaran apa ?
  5. Sing dadi djuwara bal2an sadonja taun 1962 sapa ?
  6. Sapa bae sing wenang melu kadjuwaran balan sadonja?
  7. Kira2 taun pira bal2an iku wiwit sumebar? Saka ngendi asale?
  8. Ja gene tanggal 18 Desember 1863 Hawa dina laire bal2an?

B. Petikan duwur iku watjanen sing patitis !
II. KAWRUH BASA.
A. Tembung2 kang kaetjab kandeling petikan duwur iku salinana nganggo tembung lija   sing pada utawa meh pada tegese, utawa tegesana!
B. Tembung2 ngisor iki trapna ing ukara !

  1. donja
  2. djagad
  3. diadani

  1. sasi kepungkur
  2. sasi ngarep
  3. dilalah

  1. warga
  2. kulawarga
  3. sumebar