Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rehning gandenge ukara lamba loro utawa luwih, mulane ukara rowa iku djedjer lan wasesane luwih saka sidji.
Ukara2 ngisor iki pilah2na endi sing lamba lan endi sing rowa !

  1. Suk sasi ngarep pak Sastra arep mantokake putrane.
  2. Orde Baru misuwur, Orde Lama hantjur lebur.
  3. Pantjasila uwal saka bebaja, masjarakat adil makmur enggal tumata.
  4. Lajangane pedot, adik nangis ngglolo, aku ngeneng-eneng.
  5. Dek tanggal 17 Agustus rakjat kene nganakake karamean ing daleme pak Lurah.

IV. KASUSASTRAN.
Ing pada kapindo tembang duwur mau dipratelakake, manawa lar pendjawat ing swiwi tjatjahe 17, lar buntut 8, iku mawa karep tanggal 17 sasi 8. Dene angkaning taun tinemu ing gulune Garuda kang awulu 45.
Dadi jen ngono Lambang Garuda Phajasila iku uga ngemu sangkalan, kang awudjud pepetan utawa gambar.
Wongdene sing diarani sangkalan iku pengetan angkaning taun kang diwudjudi mawa tembung2.
Umpamane : Nir sad estining urip.
nir = 0esi = 8
sad = 6urip = 1
Pamatjane angka kudu saka mburi.. Dadi taun 1860. Taun2 mau bisa diwudjudi sarana tembung2 djalaran tembung2 iku duwe watak angka, kajata :

  1. Watak 1. — Bumi — srengenge — rembulan — lintang.

    — Allah — Gusti — manungsa — kawula.
    — Wutuh — bunder — wangun—njata—wani—urip.

    — peranganing awak sing mung sidji : Sirah — ati — buntut.
  2. Watak 2. — Apa2 sing djodo : Panganten—kembar—mripat—kuping — tangan— swiwi — suku— sungut — bau—pipi—alis. Sipat utawa krijane tembung mau, kajata: mireng—nembah —ndulu—mabur mlampah.
  3. Watak 3. — Geni—urub—benter— djurit — tandang — guna — putri—estri—welut—tjatjing.

18