Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Inggih kawontenan malaten punika ingkang ndadosaken mangu-manguning manah kula. Nanging sareng kula ngengeti, bilih Medan Bahasa punika pantjen kasadijakaken kangge ngrembak basa, mangu-manguning manah kula wau ladjeng itjal blas, boten wonten kakantunanipun sekedik -sekedika. Saupami karangan kula punika boten kangge ageng-agengipun inggih namung kabutjal lan mboten kapatjak, mokal manawi kula ladjeng tampi pidana.
Sigeg. Gantjaring tjarios, ingkang bade kula andaraken ingngriki punika :
Panganggenipun tembung : saged (bisa) lan : kenging.
Ing Medan Bahasa ngriki, boten sakedik kula mrangguli tembung : saged lan kenging ingkang panganggenipun beda kalijan djaman neneman kula. Punapa punika saking pangari-bawaning basa mantja kula boten saged matur. Kadosta :

Tumrapipun djaman Padjang saha Mataram, sesetutan "pangeran" punika saged kagandjaraken dateng para. bupati ingkang ageng lelabetanipun dateng pradja. (Petikan saking Medan Bahasa). Tembung : saged ing nginggil punika menawi djaman neneman kula, kasantunan tembung : kenging Dados : Tumrapipun djaman Padjang saha Mararam sesebutan "pangeran” punika kenging kagandjaraken dateng para bupati ingkang ageng lelabetanipun dateng pradja. Dans menawi bade ngangge tembung : saged, ukaranipun kados ing ngandap punika:. Tumraping djaman Padjang saha Mataram, para bupati ingkang ageng lelabetanipun dateng pradja, saged angsal gandjaran sesebatan pangeran.

( Tjandrawarti Medan Bahasa- Prawiramartaja)


I. MATJA.
A. Petikan duwuriku watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki!

  1. Apa lagi bae pangripta kepengin leledang ing Medan Bahasa iku? Ukara endi kang nelakake wangsulanmu iku ?
  2. Apa sababe dene pangripta duwe rasa mangu2 ?
  3. Pangriptaning andaran duwur iku klebu golonganing prijaji sepuh apa prijaji gagrag anjar? Alasanmu apa ?
  4. Kalawarti Medan Bahasa iku kanggo adjanging apa ?
  5. Apa ta sing dadi underaning andaran duwur iku ?

24