Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

D. Kradjan Manganitu kinepung wakul binaja mangap. Apa tegese: Kinepung wakul binaja mangap iku ?
Tegesna pisan unen2 nganggo tembung baja ngisor iki !

  1. Ketiban tai baja awakku. Ora ngerti apa2 teka kenadakwa!
  2. Baja wis karsaning Pangeran lelakon magkene iki.
  3. Baja kaprije teka mangkono dadine !
  4. Aku wis aprasetya nedya sabaja pati karo kowe.
  5. Adja sembrana mbebajani lho upase ula iku !
  6. Kita kudu matur nuwun dene wis uwal saka bebaja.
  7. Adja kuwatir luputmu iku ora dadi baja!
  8. Sapa baja bisa aweh pepadang?

III. PARAMASASTRA.

Kita saiki pada tata2 sasamektaning juda. Tembung kita ing ukara iku minangka sesulihing wong sing guneman.
Mulane diarani tembung sesulih (kataganti ). Manut djinise, tembung sesulih mono kena kaperang dadi :
a sesulih wong (kataganti orang).

  1. wong kapisan : aku, kula.
  2.   „   kapindo ; kowe, sampejan, pandjenengan
  3.   „   katelu ; deweke, pijambakipun.

b. sesulih pandarbe (kataganti empunja ).

  1. wong kapisan ; bukuku, arta kula
  2.   „   kapindo ; omahmu, pit sampejan.
  3.   „   katelu : tjatetane Siti, wangsulanipun Sri.

c. sesulih panuduh (kataganti penundjuk ).

  1. tumrap wong, barang, prakara, iki, iku, kae.
  2.   „   kaanan, mangkene, mangkono, mangkana.
  3.   „   wilangan, mene, mono, mana, (samene lsp.)
  4.   „   prenah : kene, kono, kana
  5.   „   mangsa : kapan, dek kapan.

d. sesulih sadengah (kataganti tak tentu).
apa2, samubarang, sawidjining, anu, sing sapa, salah sidji.
Tembung katrangan (kata keterangan).

  1. Lajangane duwur banget.
  2. Saking nepsune praupane abang mbranang.

39