Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Banjuning djaladri nelesi bumi.
  2. Naga muluk tinitihan djanma.
  3. Meleng terus ngesti pepadang.
  4. Tri sawa muni tunggal.
  5. Rupa sirna retuning bumi.
  6. Loro naga rasa tunggil.
  7. Buta lima ngojak djagad.

B.Sapa sing nganggit gubahan duwur mau ?
Nji Sudrapapa iku kira2 apa asma sing salugune ?
Asma sing dudu salugune iku diarani asma sesinglon. Ing basa Indonesiane diarani : nama samaran. Kadjaba asma sesinglon, ana maneh sing diarani sandi asma. Jaiku asma kang tinemu ing sesambunganing, gatra ing tembang.

Tulada :

Kinanti sudjanma hidup, mardi mardaweng palupi,

tama tumanem mrih bisa, susulange djanma nguni,

winuruk ing tapa brata, tatane wirid puniki.

(Dening : Marioneng).

Sapa asmane pangripta tembang iku ?
Sapa asma sesinglone?
V. KARANGAN — DEKLAMASI.
A. Tjoba gawea karangan awudjud puisi bebas (puritananjar)
Ing karangan duwur mau!
irah2ane miliha dewe !
B. Tjoba karangan duwur mau deklamasekna !

WULANGAN VII.
EWAH GINGSIRING BASA DJAWI.

Nuwun, sampun kapara dangu tur sanget, kula kepengin tumut leledang ing Medan Bahasa (Basa Djawi) ngriki, nanging saben2 tansah mangu2, adjrih manawi basa lan tetembungan kula boten patosa mangretosaken awit rumaos bilih basa kula punika sampun bangsanipun ingkang patut mlebet kotak. Kula saged mastani makaten, awit saben2 maos karangan ingkang sami kapatjak wonten ing Medan Bahasa ngriki, mesti mrangguli tembung utawi tjengkoking ukara ingkang ing djaman neneman kula boten kaprah utawi beda panganggenipun.

23