Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN III
LELAJU

 Ngaturi wuninga, bilih kala wingi dinten Kemis Kliwon tanggal 21 Mei 1967, wantji djam 16.00 Bapak Judapralaja tilar donja; dumugi umur 90 taun, amargi sakit sepuh.
 Lajon bade dipun sarekaken ing dinten Djumuah legi tanggal 22 Mei 1967 dateng Astana Andong. Pangkatipun saking Ledoksari gang II No. 29 wantji djam 14.00.

  Nuwun
Kula nderek bela sungkawa,
1. Ranamartaja.
2. Lebdaanggana.

  Salatiga, 21 Mei 1967.

Kula atas namaning ahli waris.

Djajapralaja.

I. MATJA.

 Lajang Lelaju ing duwur ika watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki!

  1. Lelaju iku lajang kang isine bab apa ?
  2. Sapa sing tilar donja? Apa sababe?
  3. Genea olehe njarekake teka tanggal 22?
  4. Atas namaning ahli waris. Ahli warise sapa?
  5. Genea ora disebutake pangarep-arepe sing kesripahan?
  6. Apa prelune dene ndadak ana wuwuhan sing nderek bela sungkawa?

II. KAWRUH BASA.
A. Bapak Judapralaja tilar donja. Tjoba galekna dasa namane tembung tilar donja apese 3 utawa 4!
Tegese tembung donja lan tilar ing ngisor iki !

  1. Urip ana ing donja sapisan bae mbok ja sing sugih ngamal.
  2. Kowe le botjah loro sing wenang marisi donjaku iki.
  3. Dek sasi kepungkur mbah Djaja pantjal donja.
  4. Kadjaba ngojak kadonjan ija kudu sugih ngamal lan bekti ing Pangeran.
  5. Aku aprasetya ing donja ngakir.
  6. Sang Prabu wis tilar kaprabon.
  7. Giija punika tilaranipun tiang sepuhipun.
  8. Boten prajogi jen ta ngantos nilar kuwadjiban.