Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

C. Dene "runner up"e Tjekoslowakia.
Runner up iku tembung sing asale saka bangsa Inggris, Tegese mungsuh sing dikalahake ing babak pungkasan, Mulane runner up iku bandjur dadi djuara nomer loro.
 Akeh tetembungan kang mligi kanggo ing kalanganing olah raga, kususe ing kalangan bal2an.
 Tjoba tembung2 iki tegesna !

  1. P.SI.S. lan P.S.I.M. wingi main draw.
  2. Rekor I00 m Asian Games IV Moh. Sarengat.
  3. S.M.A. Negeri menang w.o. karo S.M.A. Djaja.
  4. Sadurunge tekan finish wis ketututan .mungsuhe.
  5. Atom ditjukur Hidrogen 5 — 0.
  6. Djago "gulat” iku kepeksa mlebu kotak.
  7. Waton si bintang lapangan kae ana, ora-orane jen kalah.

D. Saben 4 taun sapisan dadi rebutan regu balan sadonja warganing FIFA.
 Tembung dadi ing ukara iku agi mapan panganggêne, lan matise kudu disalini kanggo.
 Tembung2 kang kandel tjap2ane ing ukara2 ngisor iki ija ora mapan panganggone. Tjoba salinana sing trep!

  1. Entenana sadela aku dakganti klambi disik.
  2. Regane beras tjempa karo beras wulu iku akeh bedane.
  3. Ja gene lemarine teka ora bisa dikuntji.
  4. Kae lawange tutupen!
  5. Aku lagi diutus bapak resik2.
  6. Iki koran iki paringna Pakde !
  7. Ditunggu rong djam teka ora ndjedul2 botjah iki!
  8. Olehku tuku Rp. I0,— mula ja gentinen Rp. 10,—

E. Petikan ing duwur iku kramakna !
III. PARAMASASTRA.
 Sanadjan beda2, nanging uga anabab2 sing pada. Tembung beda2 lan bab2 iku asale saka beda lan bab. Dadine beda2lan bab2 sarana dirangkep. Mula rimbage ija diarani rimbag rangkepan. Manut wudjude, rimbag rangkepan iku ana :