Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Saiba nepsune bareng weruh sabake dipetjahake adine.
  2. Gandeng kalijan kirang djawah, taneman pantun katah ingkang pedjah.
  3. Lare2 sami prei satunggal wulan.
  4. Sampun dumugi papan ingkang dipun tudju.
  5. Ing desa kono pak Merta kaja dene dukun.
  6. Ing daerah Djawi Tengah rakjat sampun tentrem gesangipun.

E. Petikan duwur iku kramakna :
III. PARAMASASTRA.
A. Pegaweane Kapitalis iku numpuk banda, meres rakjat umum, nganti pada mlarat.
1. Tembung numpuk, meres, iku nelakake pagawean utawa krija Mulane tembung2 iku klebu djinising tembung krija (katakerdja). Tembung krija mono ana sing awudjud :

a. Lingga = adus, lunga, dolan lsp,
b. Andahan = nggawa, nindakake, nukoni lsp.
Ana krija : a. Tanduk = ngawe, mbalangi, njapokake lsp.
b. Tanggap = digandeng, kokgawa, daktuku lsp.
Ana krija : a. mawa lesan (transitif)-metjah krambil, nubruk lsp.
b. tanpa lesan (intransitif)— wudune metjah, ndingkluk lsp.


2. Nganti iku tembung pangiket (katasambung).
Tembung pangiket mono warna2, kajata :

a. Pangiket prasadja : karo, lan, kambi, lawan, tuwin, apadene.
b. „ kosokbalen : nanging, ewadene, mangka, suprandene, ewasemono.
c. „ karana : rehne, awit, sabab, djalaran, amarga, wong.
d. „ mangsa : dek, nalika, rikala, bareng, samangsa.
e. „ ubaja : jen, angger, manawa, upama, saupama.
f. „ sumengka: sanadjan, sanadyan, nadyan.
g. „ tudjuan : supaja, kareben, murih, tjikben.


B. Kadjaba kang kasebut ing duwur, ana maneh djinising tembung:

1. Tembung antjer2 (katadepan) :
a. ing : Ani lungguh ing kursi.
b. menjang : Bapak tindak menjang Sala.